SUNAN KALIJAGA
Fahruddin Faiz
STRATEGI DAKWAH
”Lamun sira menek, aja menek andha, awit lamun sira menek andha –
sira ancik-ancik untu lan tekan ndhuwur, sira ketemu alam suwung.
Nanging lamun sira menek, meneka wit galinggang, sira bakal ngliwati
tataran, lan ngrangkul (ngrungkepi) wit galinggang. Tekan ndhuwur sira
– ketemu apa? Sira bakal ketemu woh, ya wohing galinggang.
Wohing galinggang wiwit saka ing jeroning mancung, ya kuwi manggar,
sakwise kuwi dadi bluluk, terus cengkir, deghan, njur kerambil/kelapa.
Perangan njaba, sira ketemu apa? Sira ketemu tepes, sing watake enteng.
Perangan njero maneh, sira ketemu apa? Sira bakal ketemu batok
(tempurung) sing watake atos (teguh dalam prinsip). Perangan njero
maneh, sira ketemu apa? Sira bakal ketemu jatine wohing galinggang.
Perangan njero maneh, sira ketemu apa? Sira bakal ketemu banyu ya
banyu perwito sari. Ing sak jerone banyu, sira ketemu apa? Sira bakal
ketemu rasa, ya jatining rasa (rasa rumangsa). Lamun sira menek
maneh, sira ketemu apa? Sira bakal ketemu janur sing tegese jatining
nur, ya Nur Muhammad.”
10 WEJANGAN
1. Urip iku urup
2. Memayu hayuning bawana, ambrasta dur hangkara
3. Sura dira jaya jayaningrat, lebur dening pangastuti
4. Ngluruk tanpa bala, menang tanpa ngasorake, sekti tanpa aji,
sugih tanpa bandha
5. Datan serik lamun ketaman, datan susah lamun kelangan
6. Aja gumunan, aja getunan, aja kagetan, aja aleman
7. Aja ketungkul marang kalungguhan, kadonyan lan kemareman
8. Aja kuminter mundak keblinger, aja cidra mundak cilaka
9. Aja milik barang kang melok, aja mangro mundak kendho
10.Aja adigang, adigung, adiguna
“Aja mung seneng yen lagi darbe panguwasa, serik yen lagi ora
darbe penguasa, jalaran kuwi bakal ana bebendune dhewe-dhewe.
Aja mung kepengin menang dhewe kang bisa marakake crahing
negara lan bangsa, kudu seneng rerembugan njaga ketentreman
lahir batin”