Anda di halaman 1dari 2

SEKATEN

Upacara Sekaten asalipun saking tembung Syahadatain nggih menika acara pengetan
ulang taun nabi Muhammad SAW ingkang dipunwontenaken ing saben surya kaping 5 wulan
Mulud utawi Rabiul Awal taun Hijriah. Wondene panggenanipun wonten Alun-alun ler
Ngayogyakarta. Upacara menika wonten jaman Sultan Hamengkubuwana I, dados satunggaling
cara kagem ngaturi masyarakat memeluk agami Islam.

Wonten dinten sepisan, upacara sekaten menika kawiwitan kala dalu kaliyan kirab para
punggawa kraton utawi abdi dalem sesarengan kaliyan kalih set gamelan Jawi ingkang
anggadahi asma Kyai Nogowilogo ugi Kyai Gunturmadu. Upacara menika kawiwit saking
pendhapo Ponconiti dumugi masjid Agung Alun-alun ler kanthi dikawal dening prajurit Kraton.
Gamelan kanthi asma Kyai Nogowilogo badhe pun papakaken wonten sisih ler saking Masjid
Agung, sawentara menika gamelan kanthi asma Kyai Gunturmadu badhe anetepi wonten ing
Pagongan sisih kidul masjid Agung menika. Gamelan-gamelan menika badhe dipunamengaken
saupakara sarengan ngantos kaliyan surya 11 wulan Mulud, salebetipun 7 dinten. Wonten dinten
terakhir, kekalih gamelan menika badhe dipunampil kondur mlebet Kraton maleh.

Grebeg Mulud
Acara puncak pengetan Sekaten menika ketanda kaliyan Grebeg Muludan ingkang
dipunwontenaken ing surya kaping 12 (persis teng dinten ulang taun Nabi Muhammad SAW)
kawiwitan jam 08.00 ngantos dumugi jam 10.00 WIB. Kaliyan dikawal dening 10 kompi prajurit
Kraton ingkang anggadahi asma prajurit Wirabraja, prajurit Dhaheng, prajurit Patangpuluh,
prajurit Jagakarya, prajurit Prawiratama, prajurit Nyutra, prajurit ketanggel, prajurit Mantrijero,
prajurit Surakarsa, ugi prajurit Bugis.

Setunggal gunungan ingkang pidamel saking uwos ketan, dhaharan, ugi buah-buahan mawi
sayur-sayuran badhe dipunbetha saking Kemandungan nglangkungi Sitihinggil ugi Pagelaran
temuju masjid Agung. Saksampune, gunungan ingkang nglambangaken kasejahteraan kraton
Mataram menika dipunbagekaken dhateng masyarakat ingkang nganggep menawi bahan utawi
bagian saking gunungan menika saged maringi berkah kagem piyambakipun sedaya. Bagian
gunungan ingkang dianggep sakral menika biasanipun dipunbeta kondur ugi dipuntenem teng
sabin kersanipun sabin piyambakipun sedaya dados subur ugi bebas saking samukawis pageblug.

Anda mungkin juga menyukai