Anda di halaman 1dari 14

Soal Praktek Bahasa Jawa Kelas Enam Madrasah Ibtidaiyah

Berikut Contoh Naskah soal Ujian Praktek Bahasa Jawa yang diperuntukan untuk kelas VI
Madrasah
Ibtidaiyah atau Sekolah Dasar.

A. Nyemak
Guru moco, siswa nyemak!
Puntadewa
Puntadewa aliyas Yudhistira iku putrane Pandhu Dewanata ratuing Ngastina saka garwa
Dewi Kunthi. Puntadewa duwe adhikandung loro, yaiku Bima lan Arjuna. Puntadewa uga duwe
adhikuwalon loro, yaiku Nakula lan Sadewa.Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa
diaraniPandhawa, tegese anak lima lanang kabeh. Pandhawa iku anakePandhu Dewanata. Dadi,
Puntadhewa iku Pandhawa kang bareputawa nomer siji. Puntadewa dadi ratu ing
Ngamarta.Puntadewa aliyas Yudhistira duwe sifat adil lan jujur.Puntadewa uga duwe gelar
Ajatsatru
amarga salawase urip ora tauduwe satru. Amarga duwe sifat-sifat kang becik mau,
Puntadewadihadhiyahi karo para dewa, nalika mlaku ora tau ngambah lemah.Nalika dheweke
numpak kereta kencana, rodha kretane melungambang ing dhuwur lemah.

Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !


1.Puntadewa kuwi putrane sapa ?
2.Sapa jeneng liyane Puntadewa ?
3.Pira cacahe sadulur-sadulure Puntadewa ?
4.Sapa bae adhi kandunge Punthadewa kuwi ?
5.Geneya Puntadewa sakadhine diarani Pandhawa ?
6.Puntadewa kuwi dadi ratu ing Negara ngendi ?
7.Kepriye watake Puntadewa ?
8.Apa gelare Puntadewa ?
9.Amarga duwe sifat-sifat becik, puntadewa dihadhiyahi para dewaapa?
10.Sapa bae Pandhawa kuwi ?

B. Nulis
Tulisen ngannggo aksara jawa !
1. Prabu Puntadewa
2. Pandhu Dewanata
3. Dewi Kunthi
4. Nakula lan Sadewa.
5. Duwe sifat adil lan jujur
C. Micoro
Ngapolno pidato ing ingisor iki !
Assalamualaikum Wr.Wb.
Nuwun,
Dhumateng ibu Kepala Sekolah . ingkang dhahat kinurmatan, ingkang minulya bapak/ibu
guru.Sarta para rawuh ingkang tansah winantu ing suka basuki.
Sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha
agung, barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sedaya saha kula, satemah kula
saha panjenengan sedaya saged makempal wonten ind adicara Perpisahan kelas 6 .
Para rawuh ingkang kinurmatan,kula minangka wakil siswa-siswi kelas VI ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa upami,awit kaiklasan saha katresnan bapak/ibu gurusatemah para
siswa saged pikantuk ilmu ingkang kathah sanget wonten ing 6 warsa menika. Kula sakanca
namung saged nyuwun ndedonga, mugi-mugi bapak/ibu guru sedaya pikantuk piwales saking
Allah SWT, saha mugi-mugi bapak/ibu gurutansah pinaringan kasarasan. Boten kesupen kula
saha kanca-kanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula saha kanca-kanca asring damel
bapak/ibu gurukuciwa, amargi saking atur solah bawa kula saha kanca-kanca ingkang boten
mranani penggalih panjenengan.
Para bapak/ibu gurusaha para rawuh, wonten ing wekdal punika kula saha kanca-kanca nyuwun
pamit lan nyuwun donga pangestu,mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan ing
ngriki kula sakanca saged ngelajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
candhakipun. Mekaten ugi mugi-mugi adhik-adhik kelas I,II,III,IV lan kelas V saged kasil
ngangsu kawruh kanthi kasil ingkang langkung sae.
Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten atur kula. Bilih kathah klenta klentunipunn ing atur,
kula nyuwun agunging samudra pangkasama.
Matur nuwun.
Wassalamualaikum Wr.Wb.

D. Moco
Wacanenen geguritan ing ingisor iki kanti bener!

Kembar Putri kang Merak Ati

Kembar wadon manis, keton merak ati


Runtang-runtang latihan nari
Nyangking slendang
Angrungokake swara kang gandhang
Kembar putri gandes luwes merak ati
Runtang-runtung anjoged beksan srimpi
Pancen katon edi peni
Nambah ati kang nelangsa lan nrenyuhi
Bocah wadon cilik, kang edi peni
Runtang-runtung nari menyang ngendi-endi
Gandes luwes ngresepi
Nuwuhake bungahing ati
Karya: Nanik Herawati

Kunci Jawaban Mendengarkan

1.Pandhu Dewanata
2.Yudhistira
3.4 ( papat )
4.Bima lan Arjuna
5.Amarga anak lima lanang kabeh
6.Ngamarta
7.Adil lan jujur
8.Ajatsatru
9.Nalika mlaku ora tau ngambah lemah
10.Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula lan Sadewa
RUNGOKNA WACAN IKI NULI WANGSULANA PITAKON PITAKON

Dumadhine Desa Gunungpati

Rikala ana perang antarane Tuban karo Pati, akeh pendhudhuk Pati sing mlayu golek
keslametan. Ing antarane wong-wong sing padha mlayu mau, ana salah sijining nayaka praja
utawa prajuritkraton kang aselisih kiai Pati. Kiai Pati mlayu mengulon menyang tlatah
Semarang.

Kanthi numpak sapi sing sekti kang arane Pragolopati. Kiai Pati bisa uwal saka mungsuh.
Mlayune nganti tekan pareden kang aman kanggo ngaso. Banjur Kiai Pati ngendika marang
kabeh pandhereke. Tlatah kene aman, subur lan endah, cocok yen dienggo ngaso.

Mula kabeh banjur mandheg lan ngaso bebarengan. Kiai Pati ndangu pandereke. Kepriye
yen awake dhewemanggon lan urip ing tlatah kene? sarujuk, kiai, wangsulane para
pandherek serempak.

Kiai Pati bebarengan karo pandherek kabeh mbukak alas lan mbangun tlatah kanggo
manggon. Kabeh nuli manggon bebarengan ana tlatah kono. Papan kono mau diwenehi
jeneng Gunung Pati nganti saiki.

Wangsulana pitakon iki !

1. Rikala samana sapa sing perang ?

2. Sapa sing sijine nayaka praja sing mlayu ?

3. Apa karepe tembung nayaka praja iku ?

4. Menyang ngendi playune nayaka praja iku?

5. Dijenengi apa tlatah kang ditekani nayaka praja iku?

6. Sapa arane sapi kang ditumpaki kiai?

7. Kepiye wangsulane para pandhereke kiai rikala didangu manggon lan urip ing tlatah kene?

8. Apa sing di ngendikakake kiai marang pandhereke?

9. Apa kang ditindakake kiai lan para pandhereke ing ngalas?

10. Nayaka praja ngendi sing mlayu golek keslametan rikala ana perang?

Wacanen wacan ngisor iki khanti swara kang seru, lafal, intonasi, lan ekspresi sing
mathuk!
YEN BODHO KAYA KEBO

Amarga kerep ora mlebu sekolah, Kasman sida ora lulus saka kelas enem. Kanca-kancane
kabeh padha lulus. Malah saiki wis padha lungguh ana kelas siji SMP. Deweke rumangsa
gela, rasane isih isin arepmbaleni ana kelas enem. Kowe kuwi kok terus ora gelem sekolah
manehta, man? Karepmu kepriye, he? pitakone bapake. kulo taksih isin kok, pak. Kanjeng
kulobadhe mlebet mbinjing emben-emben kemawon, wangsulane kasman. ngono kuwi ora
bener ! sing jenenge mbaleni kuwi yu kudu wiwit saiiki mlebu sekolah. Aja dumeh kowe
mung kari mbaleni, ngendikane bapake kang rada nesu. Minggu ngenjang Pak, kulo badhe
mlebet, Kasman menehi wangsulan. Nyatane wis luwih saminggu dheweke durung gelem
mlebu sekolah maneh. Bapake bali ngelingake marang anake lanang iku.

sumber : soal

SD NEGERI BANTARSARI 07 Cilacap Jateng

UJIAN KENAIKAN KELAS ( UKK )


NASKAH PRAKTIK
TAHUN PELAJARAN 2012 / 2013

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : II ( Dua )
Hari / Tanggal : Selasa, 4 Juni 2013
Waktu :

1. Nyemak
Rungokna kanthi permati wacan kang diwacakake dening gurumu!
Nonton Wayang
Setaun sepisan ing Desa Klampok nanggap wayang. Ragade disangga kanthi gotong-
royong para warga. Kahanane rame banget. Sing nonton ora mung siji lan ana plataran wae,
nanging ing mburi kelir uga akeh. Jam wolu mbengi gamelane wiwit muni. Wengi iki lakone
Dewa Ruci. Swara dhalang diiringi swara gamelan agawe seneng sing padha nonton. Ki
dhalange uga pinter nglucu, mula sing nonton padha betah.

Wangsulana pitakon-pitakon kang diwacakake dening gurumu!


1. Apa irah-irahan wacan ing ndhuwur?
2. Ana ing ngendi wayange?
3. Ragad kanggo nanggap wayang disangga sapa?
4. Apa lakone wayang ang ing wacan?
5. Jam pira gamelane wiwit muni?

2. Micara
Critakna pengalamanmu sing nyenengake ana ing ngarep kelas nganggo basa padinan!

3. Maos
Wacanen wacan ing ngisor iki kanthi nyaring!
Gawe Kitiran
Wingi sore aku ketemu kancaku. Dheweke saka toko serba guna, saperlu tuku pita
jepang. Pita jepang mau arep digawe kitiran. Gawene kitiran manggon ana omahe kancaku.
Aku uga kepengin nyoba gawe kitiran. Pramila bubar sekolah aku uga arep dolan ana omahe
kancaku, kareben bisa gawe kitiran saka pita jepang.
4. Nyerat
Tulisen apa bae kegiyatanmu ana ing sekolahan!

Kriteria Penilaian Ujian Praktik Bahasa Jawa kelas 2.


1. Kriteria penilaian aspek mendengarkan:
a. Jawaban benar dan lengkap 20
b. Jawaban benar tidak lengkap 10
c. Jawaban salah 2
d. Tidak menjawab 0

2. Kriteria penilaan aspek berbicara:


Aspek Yang Dinilai
No Nama Jumlah Keterangan
Lafal Ekspresi Intonasi

Keterangan Penilaian:
a. Lafal Poin 30 - 50
b. Ekspresi Poin 15
20
c. Intonasi Poin 15 - 30

3. Kriteria penilaian aspek membaca:


Aspek Yang Dinilai
No Nama Kelancara Jumlah Keterangan
Lafal Intonasi
n

Keterangan Penilaian:
a. Kelancaran Poin 30 - 50
b. Lafal Poin 15
20
c. Intonasi Poin 15 - 30

4. Kriteria penilaian aspek menulis:


Aspek Yang Dinilai
No Nama Kerapia Jumlah Keterangan
Ejaan Kosa-kata
n

Keterangan Penilaian:
a. Ejaan Poin 25- 40
b. Kerapian Poin 15
30
c. Kosa-kata Poin 15 - 30

Mengetahui Purwareja,.............................2013
Kepala Sekolah Guru Kelas II

............................................ ............................................
NIP. NIP.

Diposkan oleh Agus Waltono di 0

JIAN AKHIR SEKOLAH PRAKTIK

Mata Pelajaran : Mulok I (Bahasa Jawa)

Hari / Tanggal : Kamis, 4 Mei 2006

Waktu : 120 menit


Petunjuk Umum :

1. Mendengarkan Cerita

a. Menyediakan teks cerita

b. Menyediakan 5 buah pertanyaan yang ada hubungannya dengan cerita tersebut

Menulis

Setelah mendengarkan cerita yang didengarnya siswa dapat menerangkan cerita tersebut

2. Membaca

Menyediakan teks bacaan

3. Berbicara / Pidato

Menyediakan pilihan tema pidato

Petunjuk Khusus :

1. Mendengarkan cerita rakyat

Simaklah dan dengarkanlah dengan cermat cerita yang dibacakan oleh penguji !

- Jawablah 5 buah pertanyaan dengan benar, berdasarkan cerita tersebut !

Menulis

Setelah mendengarkan cerita siswa dapat merangkum/meringkas cerita

2. Membaca

Bacalah bacaan yang tersedia (disediakan oleh panitia UAS) dengan memperhatikan : lafal, intonasi
yang benar !

3. Berbicara / Pidato

Pilihlah salah satu tema pidato di bawah ini

1. Peringatan lahirnya Nabi Muhammad SAW

2. Atur pambagya ing pengantenan


3. Peringatan hari Pendidikan Nasional di seklahku
Pertanyaan Cerita :

Sakwuse ko mirengake cerita ing dhuwur mau banjur jawaben pitakon-pitakon ing ngisor iki !

1. Sapa sing marahi tembang kang isine zikir marang Ki Cakrajaya ?

2. Cerita ing dhuwur mau kedadehan ana ing ngendi ?

3. Kapan Sunan Kalijaga rawuh ing omahe KI Cakrajaya ?

4. Kenapa Ki Cakrajaya goleki Sunan Kalijaga ?

5. Sakwise Ki Cakrajaya diajari saernane ngelmu, banjur didhawuhi ngapa ?

Kunci Jawaban Cerita :

1. Ing muruki / marahi tembang kang isinipun zikir dumateng Ki Cakrajaya inggih menika Sunan Kalijaga

2. Cerita ing nginggil wau kedadosan ing Bagelen

3. Sunan Kalijaga rawuh ing ngomahe Ki Cakrajaya sawijining dina

4. Ki Cakrajaya madosi Sunan Kalijaga amargi kepingin meguru

5. Saksampunipun Ki Cakrajaya diajari sawernane ngelmu didhawuhi nyiarake agama Islam lan diparingi
Asma Sunan Geseng

unci Jawaban Menulis / Merangkum Cerita

Ing bagelen ana wong asmane Ki Cakrajaya duwe bojo lan uga duwe anak. Penggawehane gawe gula
jawa.

Ing sawijining dina Sunan Kalijaga rawuh ing omahe, ngajari tembang kang isine zikir. Ki
Cakrajaya seneng banget karo tembang mau mula saben-saben dheweke nglagokake, anehe wektu Ki
Cakrajaya nitis gulune malik dadi emas. Suwe-suwe Ki Cakrajaya sugeh banget.
Atine Ki Cakrajaya ora tentrem, mung kepingin ketemu karo Sunan Kalijaga amarga kepingin
meguru, naning ora gampang, ketemu sebab Sunan Kalijaga tindake tekan ngendi-ngendi daerah.

Ing akhire cerita Ki Cakrajaya bisa keternu karo Sunan Kalijaga banjur diajari sawernaning ngilmu
klebu ngilmu agama. Bareng wis rampung Ki Cakrajaya didhawuhi nyiarake agama Islam lan diparingi
asma Sunan Geseng.

2. Membaca : Tek cumawis

3. Teks pidato

PENGETAN WIYOSIPUN NABI MUHAMMAD SAW

Assalamualaikum Wr. Wb.

Puji syukur Alhamdulillah kaaturaken wonten ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring
kewarasan dumateng kula punapa dene panjenengan sedaya.

Sholawat Allahuma Sholiala Syayidina Muhammad waalali syayidina Muhammad ingkang tansah
paring syafaat dumateng umatipun ing donyo dumuginipun akhirat.

Para pilenggah menapa dene para rawuh ingkang kula hurmati saha ingkang dipun mulyaaken Allah
SWT, mangga sesarengan nambahi syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah, sebab sinten tiyangipun
ingkang purun syukur mangka bakal dipun tambahi nikmatipun.

Para rawuh ingkang minulya sumangga sesarengan pengetuan wiyosipun utawi lahiripun Nabi
Muhammad SWT ing titiwanci punika ampun namung dipun dadosaken pengetan, nanging mangga
sesarengan dipun inget bilih Allah SWT miyosaken Nabi Muhammad SAW, Allah Ta'ala dadosaken
kawontenan ing donya punika dados padhang/ terang ing inggih kanthi lahiripun Nabi panutan
sedaya umat utaminipun umat Islam.

Mugi-muai kula saha panjenengan ingkan ing wekdal menika sesarongan ngenget sejarah wiyosipun
Nabi Muhammad tansaha pikantuk safaatipun fidunnya wal akhirah. Amin.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

3. Pidato
Pilihen siji wae tema utama judul pidato / andaran ing ngisor iki banjur tindakna !

1. Peringatan Wiyose Nabi Muhammad SAW

2. Atur pambagya ing penganten

3. Peringatan Hari Pendidikan Nasional ing Sekolahku


Teks pidato :

MENGETI TINTEN PENDIDIKAN NASIONAL

Assalamualaikum Wr. Wb.

Seadyaning Puji syukur namung kagunganipun Allah SWT sarta salam Allahuma sholiwasalim ngala
syayidina Muhammad tansah kunjuk wonten ngarsanipun Rasullah SAW.

Sederek kula sedaya saben tanggal 2 Mei ing negara Indonesia ngawontenaken Upacara ingkang
kawastanan upacara HARDIKNAS, kanthi makaten mesthinipun warga negara Indonesia kedah
ngengat dumateng panjenenganipun Bapak Ki Hajar Dewantara sebab panjenenganipun ingkang
sinebat tokoh pendidikan nasional.

Para sedek mangga sesarengan tansah sinau lan nyinau menggah maksudipun sesantki ingkang dipun
waresaken deneng tokoh pendidikan kasebat. Sesanthi menika : Ing ngarsa sung tuladha ingkang
maksudipun wenawi dados pemimpin kedah maringi tuladha dumateng ingkang kapimpin, klebet ugi
tiyang sepuh maringi tuladha ingkang sae dumateng ingkang enem. Ing madya mangun karsa,
menawi wonten ing tengah-tengah/boten pemimpin kedah mangun karsa maksudipun maringi
semangat sarta dukungan dumateng lampahipun pemimpin saha kepemimpinanipun ingkang
sampun mlampah sae. Kaping tiganipun Tut wuri handayani. Menawi kula lan panjenengan dados
rakyat biasa kedah manut aturan utawi peraturan ingkang lumampah sae lan leres, klebet ugi derek /
manut dumateng pemimpin ingkang anggenipun mimpin sae lan reles.

Para kadang ingkang kula hurmati kalebet kula lan panjenengan sedaya ingkang taksih dados
murid/siswa menawi kepingin dados tiyang ingkang gadahi ngilmu ingkang berkah lan manfaat donya
akhirat kedah manut, mikturut lan mituhu dumateng tiyang sepuh dumateng guru. (Kanthi cekak aja
gugu karepe dhewe).

Para sederek namung makaten ingkang saged kula aturaken mugi-mugi wonten manfaatipun. Amin
Ya Rabbal alamin
Sedaya ingkan, kirang treb nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

PEDOMAN PENILAIAN UAS PRAKTIK

MAPEL : BAHASA JAWA

NO NOMOR SKOR SKOR


KETRAMPILAN BERBAHASA
URUT SOAL MAKSIMUM PEROLEHAN

1. Mendengarkan, kriteria : 1 10
- Jawaban no. 1 (benar) 2
- Jawaban no. 2 (benar) 2
- Jawaban no. 3 (benar) 2
- Jawaban no. 4 (benar) 2
- Jawaban no. 5 (benar) 2

2. Menulis, kriteria : 2 6
- Kesesuaian isi dengan naskah asli 2
- Bahasa (ejaan, diksi, struktur) 2
- Kerapian 2
3. Membaca, kriteria : 3 6
Ekspresi yang dicermati lewat :
- Lafal 2
- Intonasi 2
- Jeda 2

4. Berbicara, kriteria : 4 8
- Isi pidato 2
- Ekspresi 2
- Lafal 2
- Intonasi 2

JUMLAH 4 30

Nilai Praktek Bahasa


Jawa
= x 10 = n

Anda mungkin juga menyukai