Anda di halaman 1dari 4

PETENG

Gegadhangan, gegayuhan, kekudangan, gegancangan, kekarepan iku kabeh hamung wujud


panyuwune jalma manungsa. Rikala ati ing sajroning ragane manungsa nembe nggrantes, perih utawa
nelangsa, lumrah yen luh kang tumetes saka netra kiwa apa dene tengen, kasuntak byah bebasan megung ing
bumi. Kosok baline kalamangsane pinaringan rejeki utawa kabungahan kang mbanyu mili, wus jamake
girang gumuyune para manungsa sinandhing ana ing kahanan alam donya iki. Hamung wewayangan
bebasane, manungsa tinitah lumaku lan jumangkah amarga ana kang nggarisake. Jiwa ragane manungsa
kagiring uga kaobahake dening kang hakarya jagat. Dhokter umpamane kang kawentar pinunjul ngrukti lan
mbagasake lelara, tangeh lamun nguripake jalma kang wus tilar donya.
Ing ndhuwur mau jlentrehan wiwitaning aturku. Pangemut babagan kasunyatan anane Pangeran kang
nguwasani jagad saisine, yaiku Allah SWT. Anggonku bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung,
amarga wus pat belas taun. Ing semono taun, tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah kaimpi-impi
kaantu-antu, mbesuk kapan bisa mecah sepining atiku sakloron, aku lan bojoku. Setaun yen anane dina 365,
wus bisa kaetung sepira dawane dina-dinaku ngetutake lurung-lurunging lelakon anggonku urip. Ing semono
taun iku, kalamangsane katiban bungah amarga katone bisa reruntungan ngalor ngidul memantenan, amarga
durung digondheli buntut. Ananging kang nora kena kapaido, mesthine uga nora luput saka rintiping coban
lan godha, wiwit saka cilik utawa pacoban entheng nganti wujud prahara bebasan katerak angin lesus.
Ngenani babagan kahanan uripku kang bisa dak cuplikake, menawa bab pasinaon kaya-kayane aku
lan sisihanku nora kebangetan anggone ketinggalan. Ala-ala senadyan rampung rada sauntara, aku kasil lulus
kanthi titel sarjana S1. Apa maneh sisihanku luwih komplet, anggone klumpuk-klumpuk kulakan titel, S1,
akta IV, uga S2. Dheweke uga kena sinebut pinter, pethel uga trengginas anggone tumandang samubarange
tansah cukat.
Ngenani dedeg piyadeg, nora amarga mbiji luwih marang awake dhewe, nanging ya rada mrina yen
diwastani ala. Kinanthi sangu pasinaon kang cukup, lumrahe nora kabingungan menawa ngadhepi urip.
Ananging kasunyatane urip mono dudu ilmu matematika, yen loro tambah loro gunggunge papat. Urip
sawijining ilmu kang nora bakal kena kaduga, nora kena kajlentrehake, nora kena katebak babagan
pungkasane crita. Crita kang kawiwitan bungah, ing madya isih pinaringan bungah, ing pungkasan bisa wae
kadunungan nelangsa.
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi nglakoni
critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter
positif ngandhut. Byuh mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh makcles garinging telak katetes
banyu saclegukan, byuh mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake kabungahan atiku
sakloron. Harus istirahat total ya, bed rest! ngendikane dhokter, banget anggone wanti-wanti.
Ya dokter, kami pasti akan patuhi anjuran dokter rebutan anggonku sumaur.
Bakal jabang bayi iku kaya dene emas gedhe kang sumimpen ing wetenge bojoku. Emas gedhe kang
kudu jinaga ngati-ati ing wiwit byar padhang nganti tumekaning ngeremake netra.
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak rerembugan karo
bakal anake, Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta? Apa selak kepingin ketemu karo Pake Buke?
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake manut. Pokoke manut lan
manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone jumangkah kapapah.
Cekake samubarang kudu diati-ati, banget anggone ngati-ati, kabeh kaluwarga ngesokake sih katresnan.
Ngancik pitu, netepi adat Jawa, dileksanani tasyakuran mitoni. Tansaya tambah cedhak pangantu-
antuning pepinginan momong anak bakal kelakon. Mas, yen wus titi wancine diparengake dening dhokter,
aku njaluk operasi caesar wae ya, amarga ngelingi umurku sing ora enom maneh. Dhoktere sing wis sepuh,
sing pengalamane wis akeh ya Mas, panjaluke bojoku. Iya, wis mantebmu dhokter sing endi aku
manut, cekake sarwa iya, sarwa manut. Ngancik umur wolu anggone bojoku nggarbini, tansaya sumringah
nglakoni dina-dinaku. Apa maneh calon eyang-eyange, ya eyang saka aku uga saka bojoku wus padha katon
bungahe, anggone ngantu-antu jumedhule bakal wayahe.
Nyuwun pirsa marang dhokter, yen pengin nglairake normal tanggale udakara tanggal 25 Maret.
Ananging gandheng aku sakloron nduwe panjaluk bakal operasi caesar, dhokter mertikelake bisa kaleksanan
milih kawiwitan tanggal 11 Maret. Mathuk, operasi katentokake ing tanggal 11 Maret. Mula wiwit mlebu
sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang dokter. Rong minggu sepisan sanja
priksa dhokter.
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal,
bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal. Tanggal 10 Maret priksa lagi ya,
cek darah dan jantung, dhoktere ngendika. Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku dak gugah
saperlu kareben cepak-cepak. Rada sauntara anggonku siap-siap, jam enem sida budhal menyang
ndhokteran. Jam pitu tumeka ing ndhokteran, banjur ndaptarake cek laborat karo cek jantung. Asile kabeh
normal apik nora nana kang kudu di was sumelangi. Sawise perabot lapuran cek darah karo jantung
rampung, aku sakloron leren leyeh-leyeh nyranti rawuhe dhokter kandungan.
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku tinimbalan mlebu
kamar priksan.
Selamat pagi dokter aku sakloron aruh-aruh dhoktere. Pagi silakan besok pagi jadi operasi
ya? Jam berapa 11? Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter Ini darah bagus, tidak perlu
ditransfusi, jantung juga bagus ayo kita lihat di USG, dhoktere ndhawuhi bojoku munggah bed saperlu
niti pirsa kahanan kandhungan. Wetenge bojoku wiwit diolesi krim mbuh apa jenenge aku ora weruh, sawise
rata banjur ditutul-tutul nganggo alate. Dumadakan raine dhokter katon pucet, getihe kaya mandheg.
Lho kok tidak ada denyut jantung Dheg, mak jenggirat aku njumbul. Kringet adhem wiwit tumetes.
Dhoktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane, Bayinya meninggal!
Glaaaarrrr. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng ndhedhet
lelimengan.

UNSUR INSTRINSIK CERKAK PETENG


A. TEMA : BEBRAYAN

B. ALUR : MAJU

Paraga aku anggone bebrayan wus nora kena kawastanan saumur jagung, amarga wus 14 taun.
Ing semono taun tangising jabang bayi rina klawan wengi tansah diimpi-impi diantu-antu, mbesuk
kapan bisa mecah sepining atine paraga aku lan bojone.
14 taun wareg anggone paraga aku kesondhang-sandhung, niba-nangi nglakoni critaning urip,
dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihane paraga aku katiti dening dokter
positif ngandhut.
Wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsulyasi lan priksa menyang dokter. Rong
minggu sepisan sanja priksa dokter. Tanggal 10 Maret, paraga aku lan bojone menyang kedokteran
saperlu priksa. Nalika bojone paraga aku dipriksa, dumadakan raine dokter katon pucet, getihe kaya
mandheg.
Doktere kandha yen ora ana denyut jantjng kang bisa dideteksi. Dheg, mak jenggirat paraga aku
jumbul. Keringet adhem wiwit tumetes.
Doktere katon tansaya tambah bingung, lan pungkasane dokter kandha yen bayine meninggal,
glaarrr.... dumadakan peteng, peteng langite peteng panyawange paraga aku.

C. LATAR :

a. Latar panggonan : Rumah Sakit


Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Mula wiwit mlebu sasi kasanga, tambah kerep anggone konsultasi lan priksa menyang
dokter. Rong minggu sepisan sanja priksa dhokter.Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile
priksan dening dhokter samubarange katiti becik, normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan
wis kena diarani cukup, normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.

b. Latar Suasana : Trenyuhake


Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki
Dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti dening dhokter
positif ngandhut. Byuh mbuncah anggonku nampa bebungah, byuh makcles garinging telak
katetes banyu saclegukan, byuh mongkog, bombong lan sapiturute tembung kang nuduhake
kabungahan atiku sakloron.

c. Latar wektu : Esuk


Bisa dibuktekake saka penggalan cerkak ing ngisor iki.
Tanggal 10 Maret, aku tangi esuk-esuk umun-umun udakara jam papatan. Jam lima bojoku
dak gugah saperlu kareben cepak-cepak.

D. PENOKOHAN :

a. Aku : Sabar, pangerten


Bukti tokoh aku duwe watak sabar lan pangerten ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Bali maneh ngenani aturku, 14 taun wareg anggonku kesondhang-kesandhung, niba-nangi
nglakoni critaning urip, dumadakan nora kanyana-nyana bebasan ketiban ndaru, sisihanku katiti
dening dhokter positif ngandhut.
Sesasi, rong sasi nganti nem sasi, dhokter ndhawuhi bed rest, dak estokake manut. Pokoke
manut lan manut. Aku kang kudu leladi. Tangi kudu nangekake, mlaku kudu alon-alon anggone
jumangkah kapapah.
b. Bojoku : Penyayang
Bukti tokoh bojoku duwe watak penyayang ana ing penggalan cerkak ngisor iki
Saben menit bojoku ngelus-elus wetenge, sinambi ndremimil kayadene lagi ngejak
rerembugan karo bakal anake, Dhik, aja nakal ya, kok mancal-mancal ta? Apa selak kepingin
ketemu karo Pake Buke?
c. Dokter : Ramah / sumeh
Bukti tokoh dokter duwe watak tegas lan bijaksana ana ing penggalan cerkaking ngisor iki
Nyantri sauntara, udakara jam 10 dhoktere rawuh, tekan wanci giliranku karo bojoku
tinimbalan mlebu kamar priksan.
Selamat pagi dokter aku sakloron aruh-aruh dhoktere.
Pagi silakan besok pagi jadi operasi ya? Jam berapa 11?
Terserah dokter saja, silakan jam berapa dokter
Ini darah bagus, tidak perlu ditransfusi, jantung juga bagus ayo kita lihat di USG,

E. SUDUT PANDANG : Wong kapisan, amarga tokoh utaman ana cerkak uga penulis cerkak.

F. AMANAT : Kudu sabar anggone ngadepi cobaning urip.


G. GAYA BAHASA
Gaya bahasa ana cerkak PETENG migunakake basa Jawa ngoko kacampuran basa Indonesia
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Tanggal 4 Maret kadhawuhan priksa. Asile priksan dening dhokter samubarange katiti becik,
normal, bobote bayine ing sajroning kandhungan wis kena diarani cukup, normal.
Tanggal 10 Maret priksa lagi ya, cek darah dan jantung, dhoktere ngendika.
Ya dokter, aku sakloron rebutan sumaur maneh.
Uga migunakake tembung mbangetake
Bukti ana ing penggalan cerkak ing ngisor iki
Glaaaarrrr. Dumadakan peteng, peteng langite, peteng panyawangku, kabeh peteng
ndhedhet lelimengan.

Anda mungkin juga menyukai