Anda di halaman 1dari 4

DHAFTAR ISI

Atur Panggiring ...........................................................................................................................


Dhaftar Isi ....................................................................................................................................

BAB I
PURWAKA

I. Landhesaning Panaliten ........................................................................


II. Undhering Panaliten..............................................................................
III. Tujuwan ................................................................................................

BAB II
ANDHARAN

A. Pangerten Tari Remo ..................................................................................


B. Asal-Usul Tari Remo ..................................................................................
C. Macam-macam Busana Tari Remo .............................................................
1. Busana Gaya Surabaya ...............................................................
2. Busana Gaya Sawunggaling .......................................................
3. Busana Gaya Jombangan ............................................................
4. Busana Remo Putri .....................................................................
D. Upaya ngelestariaken Budaya Tari Remo...................................................

BAB III
PANUTUP

I. Dudutan ...............................................................
II. Pangaruwe ..........................................................
I. PURWAKA

A. Landhesaning Panaliten
Kebudayaan yaiku salah siji aspek seng penting gawe kehidupan manungsa. Salah siji
unsur kebudayan yaiku kesenian. Kesenian ing masyarakat jawa timur yaiku tari remo. Seni tari
remo yaiku salah siji aset seni tari seng khas lan asli saka daerah tersebut. Oleh sebab iku, ing
makalah iki kita bisa ngulas keunikan tari remo supaya bermanfaat gawe masyarakat jawa
terutama jawa timur.

B. Undering Panaliten
1. Kepriye asal usul e tari remo?
2. Kepriye tata busana tari remo?
3. Kepriye cara ngelestriaken kesenian tari remo dados wujud rasa tresno kang seni tradisional
ing Jawa timur ?

C. Tujuwan
1. Supaya bisa ngerteni kepriye asal usule Tari Remo.
2. Supaya bisa ngerteni tata busana Tari Remo.
3. Supaya bisa ngerteni kepriye cara ngelestariaken kesenian Tari Remo dados wujud rasa tresna
kang seni tradisional ing Jawa Timur.
II. ANDHARAN
A. Pangerten Tari Remo
Tari Remo yaiku salah sijining tarian kanggo nyambut tamu Agung, sing ditampilake siji
utawa penari sing akeh.

B. Asal usul tari remo


Tarian iki saking Kabupaten Jombang, Provinsi Jawa timur. Saking kecamatan Diwek ing
desa Ceweng. Biyen tarian iki mung dikanggokake pagelaran ludruk, nanging saiki dienggo
nyambut tamu kenegaraan lan festival kesenian daerah
Tarian iki nyeritakake perjuwangan pangeran ing peperangan. Nanging tarian iki luwih kerep
ditarikake wong wedok yaiku Remo Putri utawa tarian Remo gaya putri. Miturut sejarahe, tarian
remo khusus kanggo wong lanang. Ing pagelaran remo putri kostum sing dienggo beda kaliyan
remo putra.
Kostum sing dienggo yaiku : Gaya Sawunggaling, Surabaya, Malang, lan Jombang.

C. Macam Macam Busana Tari Remo


Gaya Surabaya
Iket sirah werna abang, klambi tanpa benik werna ireng kaya klambi keraton abad 18,
celana sing ditambahi benang emas, sarung batik pesisiran sing dawane sedhengkul, stagen, keris
ing mburi. Penari nganggo slendang loro, sing siji ning pinggang, sing siji ning pundhak. Penari
uga nganggo gelang sikil .

Gaya Sawunggaling
Pada kaliyan gaya Surabaya, nanging bedane yaiku nganggo kaos putih lengen dawa.

Gaya Jombangan
Pada kaliyan gaya Sawunggaling, nanging bedane yaiku : penari ora nganggo kaos
nanging rompi.

Remo Putri
Kostum remo putri beda kaliyan gaya remo sing asli. Penari nganggo sanggul, mekak
ireng nggo nutup dada, nganggo rapak kanggo nutup pinggang tumekan dhengkul, lang nganggo
slendang siji ning pundhak.

Pangiringe tari Remo


Pangiringe nganggo gamelan, yaiku : boning barung/babok, boning penerus, saron, gambang,
lemtem siter, seruling, kethuk, kenong, kempul, lan gong. Iramane biyasane Jula-Juli lan
Tropongan, nanging ya ana gending Walangkekek, Gedok Rancak, Kruncilan utawa gending
kreasi anyar.
D. Upaya Upaya Ngelestariaken Kesenian Tari Remo Gawe Generasi Indonesia
- Melu sinau tata cara Tari Remo lan ngerteni sejarahe Tari Remo.
- Ora nyinaoni tarian modern saka barat secara kaleben.
- Ngadakno pagelaran seni sing ngunggulake kesenian tradisional, yaiku seni Tari Remo.
III. PANUTUP
I. Dudutan
Saka diskusi ing ndhuwur, bisa ditemokake babagan keunikan Remo sing wis diteliti,
kalebu pemahaman, asal usul, gerakan lan maneka warna pakaian Remo saka wilayah sing
padha. Uga diandharake babagan upaya ngreksa seni tradisional. Dadi penting seni tari Remo
kanggo generasi mudha lan ora mung ing Jawa Timur, generasi mudha uga ngreksa nanging uga
kewajiban kabeh wong Indonesia amarga tari Remo minangka salah sawijining kabudayan
budaya tari ing Indonesia. Supaya luwih becik yen kita njaga kasugihan wong Indonesia lan
ngajeni ing ajang internasional minangka wujud cinta lan bangga ing seni tradisional kita.

II. Panyaruwe
Kita sumurup yen ana isih akeh kekurangan ing makalah "Remo Dance Uniqueness",
saengga kita nyuwun kritik saka para pembaca kanggo kesempurnaan makalah iki.

Anda mungkin juga menyukai