Anda di halaman 1dari 82

ATUR PAMBUKA

Assala’mualaikum warrohmatullahi wabarokatuh

Puji syukur panyerat aturaken wonten

ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung

sahengga novel punika saged kasusun kanthi sae.

Mboten kesupen kula ngaturaken matur

nuwun dhateng Bapak Siswanto selaku guru

Bahasa Jawa SMA N 7 Semarang ingkang sampun

maringi pengarahan kalian bimbingan dhateng

kita sedaya anggen kita ndamel novel menika.

Kula nyuwun pangapunten anggene damel

novel kurang apik lan sampurna utawa tasih

kathah kletunipun ingkang mboten kula

mangertosi.

Kirane sedaya kesaen ingkang sampun

maringi dhateng kita angsal balesan saking Gusti

Allah SWT. Pangarepan kita mugi novel menika

wonten paedahe kagem sedaya ingkang maos.


I

Gadis Juara
Fira Agatha, biasane diundang Agatha

karo konco-koncone dheweke sekolah ning SMA

Negeri 26 Bandung. Agatha duwe mripat werna

coklat, rambutte abang yen kepapar matahari,

yen ngomong nganggo basa inggris lancer,

saengga kanca-kancane kerep nyelukki ‘Londone

Bnadung’.

Agatha murid kang ayu, lucu, pinter, lan

kreatif. Bisa dadi murid idamane guru-guru ning

sekolahe. Kancane akeh lan disenengi karo kanca

sak angkatane, nganti kakak kelas. Kayane wis

dadi inceran amarga sikappe sing apik.

Impiane bisa sekolah tekan Inggris.

Negara kang duweni jam gedi utawa big ben. Opo

neh yen wis bisa ngeraksakae dadi maha siswa

ning universitas Oxford. Ning Oxford Inggris,

cita-citane wis duwur ngeluwihi langit. Mugakno

Agatha sinau lan melu les basa inggris.


“Agatha! Contekki PR kimiamu.” Aldo

mlayu ngundang Agatha sing iseh mlaku tekaan

lorong sekolahan.

“Do… Aldo..., isuk-isuk ngene kok njaluk

dicontekki PR. Sinau to jare arep sekolah ning

Oxford koyo aku?” tanggepane Agatha.

“Halaah kuwi kan koe tha, aku orak. Wis

ayo to contekki wae.” Ngomonge karo

cengingisan.

“Iyo, gampang mengko tak ajari.”

Jawabane Agatha.

“Yes! PR kimia diajari karo cah ayu.”

Suarane Aldo lirih

“Koe ngomong opo?” takone Agatha

“Matur nuwun, Agatha.” Mesem banjur

mlayu mlebu kelas. Agatha mung geleng-geleng.


Tekan kelas Agatha ngajari Aldo lan

kanca-kancane PR kimia. Kudune PR dikerjakke

ning omah tapi zaman saiki wis bedho.

Bel mlebu sekolah. Piwulangan ning kelas

ana sejarah, kimia, basa Indonesia, lan seni

budaya. Isuk-isuk wis padha ngantuk weruh buku

sejarah. Nanging Agatha ora, dheweke kerep

cerita ning ngarep kelas presentasi. Kabeh sing

diajarke gurune gampang dimangerti.

Pelajaran, istirahat , pelajaran, istirahat,

banjur mulih. Dheweke dipetuk karo supir

pribadine jenenge Pak Nanang.

“Kepriye neng? Enak to sinaune?” pak

Nanang wis ana ning njobo mobil karo bukak pintu

mobil.

“Alhamdulillah pak, kabeh nyenengake.”

Agatha mesem karo mlebu mobil.


“Wah, Alhamdulillah neng pancen pinter!!!”

puji Pak Nanang.

“Nggih pak, matur nuwum sanget.” Serune

Agatha.

Ngono kuwi, Agatha kerep guyon, cerita babagan

sekolah marang pak Nanang.

Tekan omah Agatha banjur salin klambi,

mangan, lan maca-maca buku pelajaran. Dheweke

garap PR lan tugas saka gurune sing durung bar.

Sawise wis rampung langsung turu.

Mangan bengi ning meja sing dowo ono

enem kursi. Bapak, ibu, lan mbak Sherly wis

ngenteni Agatha.

“Ya Allah, nyuwun ngapurone, pak, bu.”

Agatha langsung linggih ning meja mangan.

“Ayo Agatha, mangan dhisek.” Ibu

dhawuhi mangan.

“Nggih, Bu.” Jawab Agatha.


Suasana ning meja mangan kerasa akrab,

kabeh padha cerita masalah kantor, kuliahe mbak

Sherly. Agatha cerita yen pengen sekolah ning

Inggris. Bapak ibune wis ngrestuni lan wis

nyiapke dana kanggo sekolah ning kono.

Kabeh kuwi ana syarate. Agatha kudu

sregep sinau meneh. Agatha iseh kelas sepuluh.

Iseh anyaran nanging wis dadi murid idaman ning

sekolahan. Amarga mlebu ekstrakulikuler ‘Karya

Ilmiah Remaja’ lan bisa menang sawektu lomba.

Senenge dadi dikenal akeh wong ning SMA

Negeri 26 Bandung.

Kauripanne pancen sederhana ora

ngetokki yen anakke wong sugih. Handphone

nggone Agatha muni, jebul saka Clarissa.

“Halo, Agatha! Ayo sesok sebtu dolan karo

Maya, Rika, lan Fadhil!” ajak Clarissa karo gaya

ngomonge sing semangat.


“Wah, ayo wae! Sesok dibahas yo.”

Tanggepane Agatha. Wong loro mau padha

omong-omongan babagan klambi, tas, sepatu sing

anyar zaman saiki.

Isukke wayahe wis mangkat sekolah

meneh. Sawektu ngaso Maya, Clarissa, Rika,

Fadhil, lan Agatha kumpul ning kantin omong-

omongan. Bahas sesok sebtu arep dolan ning

pascal Food Market. Agatha ngadani kanca-

kancane yen wes siap ninggalke Bandung.

Dheweke arep mabur numpak pesawat tekan

Inggris taun ngarep.

Bapak lan ibune Agataha wis nyebenke

dhuwit kanggo melu organisasi ijolan pelajar.

Kanca-kancane ora siap kelangan sahabatte lunga

saka Indonesia. Nanging, tetep ndukung apa sing

di pengenke Agatha. Yen kanggo kapinteran

mestine kanca bakal dukung.


Dina sebtu wis teko. Agatha lan kanca-

kancane wis siap mangkat ning Pascal Food

Market, wong lima mau seneng jajanan lan kuliner

bareng. Dadi ora kaget yen lungo bareng

panggonan kang dituju akeh pangananne.

“Wis ndang mangan wae.” Seru Fadhil sing

paling seneng jajan.

“Ati-ati wae yen sesok awakmu lemu.”

Sautane Rika karo ngguyu ngakak.

“Ojo ngono, aku pengen mangan akeh

nanging wegah lemu!” grutune Fadhil.

Agatha rumangsa nyaman duwe kanca,

sahabat, lan kaluwarga ning Indonesia. Dheweke

ora bisa bayangke yen sekolah ning Inggris dadi

kaya piye.

Tekan kana, Agatha karo kanca-kancane

padha mlaku-mlaku, lan nggolek panganan sing

enak. Pascal Food Market duweni menu ora


kurang saka sewu lan tatanan ruang sing resik

rapi.

“Haduuhh, aku suwi-suwi kesel mangan nek

ngene iki.” Maya nyela mangan saweltu padha

mangan.

“Nek aku ora, May. Kabeh panganan aku

seneng.” Saute Fadhil.

“Kan emang seneng mangan koe ki.”

Agatha lan Rika nanggepi bebarengan.

Sawise wis rampung mangan mampir

dhisek ning Bandung Super Mall. Karo nyawang

barang kang apik tur jarang ning kana. Maya lan

kanca-kancane tuku ombe. Ngilangi rasa ngelak.

Agatha dolan karo kancane numpak mobil kang di

sopiri pak Nanang. Yen meh ning ngendi wae

gampang.

Jarum jam wis nunjukake jam setengah

telu sore. Awake wis padha kesel njaluk dipijiti.


Njaluk balek ngelerenke awak lan turu. Kabeh wis

padha bali ning omahe dhewe-dhewe.


II

Inggris Aku Teka


Sekolah wis wayahe munggah tingkat. Sing

maune kelas sepuluh dadi kelas sewelas. Sing

maune kelas sewelas dadi kelas lorolas. Sing

maune SMP dadi murid SMA anyaran.

Niatte Agatha wis bullet mangkat ning

Inggris kanggo sekolah ning kono. Bibar

ngrampungake masa sekolahhe ning kelas sepuluh.

Dheweke wis nyiapke kabutuhan kanggo mangkat

ning Inggris.

Dino jumat ana raportan. Kabeh nilai wis

di data lan dilebokke ning raport. Agatha

munggah kelas sewelas. Nilaine yo apik-apik lan

muaskake. Bapak ibune semangat yen arep

nyekolahke tekan Inggris.

Preinan sekolah barengi sawise terima

raport. Nanging Agatha ora bisa mandheg sinau.

“Iseh sinau to tha, usum sinau ya pas

preinan ngene.” Guyonane mbak Sherly karo buka

pintu kamare Agatha.


“Iya mbak, aku arep mangkat ning Inggris.

Sinauku kudu kenceng lan rapet.” Jare Agatha

karo nyambi nulis materi.

“Lanjutke wae, mbak bangga karo koe.”

Jare mbak sherly karo ngelus rambutte Agatha.

“Matur suwun mbak, do’ake wae aku lancer

sekolah ning kono.” Tanggepane Agatha.

“Ya Allah, matur suwun lo mbak. Aku

seneng coklat iki!” serune Agatha karo ngambung

ambu coklatte.

“Iyo…iyo…, wis kono sinau meneh,” banjur

mbak Sherly metu saka kamarre Agatha.

Ngisi preinan bapak, ibu, lan mbak Sherly

ngajak Agatha dolan kareben ora stress. Saben

dinane, Agatha mung nyawangi buku lan rumus-

rumus kesayangane. Saking pintere lan rajin,

Agatha hawane pengen tuku buku isine soal-soal.

Banjur dingo latian.


Bapak lan ibune ngajak Agatha menyang

Gramedia kanggo golek buku lan piranti sekolah

iyane. Agatha maca novel sing judule ‘Negeri 5

Menara’. Ceritane menehi semangat lan ora entuk

nyepelekke pangimpianne dhewe.

Buku, piranti sekolah, tas, sepatu wis di

tuku karo Agatha. Kabeh mau wis disiapke

mateng-mateng. Mbak Sherly ngajak Agatha,

dolanan ning game fantasia supaya pikiran bisa

tambah tenang. Sawise kuwibalek lan ngaso.

Sakdurunge Agatha ngisi formulis, ngurus

paspor, lan visa. Dadi dheweke tinggal nyiapke

piranti kaya buku, klambi, lan liyane.

Pirang -pirang sasi wis keliwat. Wis

wayahe Agatha mangkat menyang Inggris.

Dheweke lungo ning bandara diterke wong tuane,

sedulur, lan kanca cedakke. Sakdurunge mabur

tekan Inggris, Agatha transit ning Jakarta.


Kumpul karo bocah-bocah liyane sing melu

organisasi ijolan murid.

Kabeh mangkat bareng numpak pesawat

lan transit meneh ning Hongkong.

Wong saka Indonesia dikumpulke dadi siji

karo bocah negara liyane. Agatha ndelok bocah-

bocah sing bedho kewarganegaraane. Cara

ngomong, kulit, dhuwure mestine ora kaya

dheweke.

Agatha njajal kenalan karo kanca anyare

sing bedha Negara, akhire deweke omong-

omongan karo Frida. Jebule Frida arep ning

Inggris nanging tujuanne ning Sheffield.

Sawektu ning perjalan Frida lan Agatha

lungguh bareng. Cerita bareng, ngrungokakke

lagu kesenanganne dhewe-dhewe lan sinau basa

Inggris bebarrengan.
Sawise tekan Inggris, Agatha lan kanca-

kancane sing sekolah ning Inggris disambut karo

Duta Inggris. Ora lali kepala, guru-guru, lan wong

tuo pengasuh.

Saksuwine dedalan Agatha diceritakke

karo Bapak lan Ibu pengasuhanne. Jenenge Daniel

lan Marla.

“Koe biasane ning Indonesia ngopo wae?”,

takonne Marla.

“Sekolah, sinau, lan ngalokani hobi kang

kula senenge.” Jawabe Agatha.

“Wah! Hobimu opo?”

“Hobi kula sinau lan macani novel.”

“Sregep ya, mulane pinter lan iso ning

Inggris kanggo sinau.”

“Amin, Alhamdulillah saged tekan mriki.”


Rak krasa, Agatha lan pengasuhhe wis

tekan omah. Ning omahhe Daniel lan Marla.

Agatha wis disambut karo keluarga anyare.

Agatha dikongkon mangan, ngaso, lan ganti klambi

dhisik.

Agatha mlebu kamar kang wis disiapke,

ukuran kamarre ora gedi lan ora cilik banget.

Sedengan lan isa kemut piranti kang deweke

gowo. Ana lemari, spring bed cilik, meja, kursi

kanggo sinau. Jendela sing bisa gawe seger

kamarre, lan rak buku.

Kabeh klambi, buku-buku, tas, piranti

sekolah wis disiapke karo ditata ning panggonan

kang disiapke klambi kang dibutuhake yaiku

sweater, mergane suhu ning Inggris karo

Indonesia beda.

Marla teka ning kamarre Agatha gawakke

sak cangkir coklat panas lan roti. Kanggo ngisi

weteng lan ngangetake awak.


“Ayo dipangan dhisik. Ning kene udarane

atis.” Seru Marla.

“Nggih, Bu. Mangke kula unjuk.” Jawabbe

Agatha.

“Perlu bantuan apa ora, ngeresikki

kamarre?”

“Mboten usah, Bu. Kula saged piyambak

matur suwun sak derange.”

“Oh, yowes. Mengko dipangan lan diombe

yo, nduk.”

“Nggih, Bu.”

Sawise Agatha ngeresikki kamar anyarre,

dheweke metu kamar lan nggawa roti lan cangkir

coklat kang wis diombe.

“Bu, niki sampun telas rasanipun enak

banget, dapur sebelah pundi nggih bu?” pitakonne

Agatha marang Marla.


“Oh iya, Agatha, tak tunjukakke yen meh

ning dapur.” Sawutte Garnis, anak ibu pengasuh.

“Ya, matur suwun.” Jawabbe Agatha.

Agatha lan Garnis mlaku menyang dapur.

Sinambi omong-omongan. Let suwi Garnis cedhak

mergane duwe hobi sing padha yaiku maca novel.

Ning kana Agatha ngenalke awake dhewe

marang keluarga Daniel lan Marla. Nyeritakke

kegiatan, sekolah, wisata sing ana ning Indonesia.

Marla lan Daniel duwe anak loro yaitu Alex

lan Garnis. Kabeh sekolah ning Bradford Are

High School. Sekolah sing padha karo Agatha.

Alex jebul sak kelas karo Agatha. Yen Garnis iku

adek kelasse. Ning kana wis wanti-wanti nganggo

jaket utawa sweater kandel mergane suhu lan

udarane atis.

Dina pertama ning Inggris, Agatha dijak

mlaku-mlaku ning kota Bradford. Setaun Agatha


ninggalake Indonesia. Sinau ning beda Negara ana

susah lan senenge. Adaptasine kudu isa cepet.

Budaya lan bahasane uga beda. Agatha wis

ngerasa seneng, mergane Inggris wis dadi

impianne.

Daniel lan keluargane ngajak Agatha

menyang Horton Park, akeh area sing isine

dolanan. Biasane cah cilik dolanan, maca buku, lan

pit-pitan. Panggonanne gawa udara sing seger.

Sawise mlaku-mlaku Agatha mulih lan

ngewangi nyiapake kanggo mangan bengi. Lauk lan

jenis pangananne padha karo Indonesia. Agatha

ganti klambi, lengen dawa motif kembang, lan

katok dawa bahan kain. Kabeh pada mangan

panganan kui. Sego goring campur sosis lan keju,

dadi menu kang utama ning duwur meja mangan

klasik. Banyu putih uga bisa dadi penyeger rasa

ngelak. Ana nugget lan kentang sing bisa dadi

cemilan.
Alex lan Garnis ngengajak Agatha nonton

film nanging Agatha ora gelem amarga dheweke

arep sinau dhisik. Garnis ngerayu Agatha supaya

gelem nonton film bareng.

“Ayolah nonton, itung-itung ben dhewe

bisa luwih akrab.”

Sawise Garnis ngerayu akhire Agatha gelem melu

nonton bebarengan.

“Bu, kula, mas Alex, lan Agatha arep

nonton bebarengan. Pareng mboten, Bu?”

pitakone Garnis

“Meh nonton opo to? Yowes entuk, nanging

ojo balek bengi ya.”

“Nggih, Bu.”

“Ati-ati yo.”

Ning dalan ora ono omong-omongan blas.

Kabeh padha focus karo handphonene dhewe.


“Dewe arep nonton film opo?” pitakonne

Agatha.

“Pastine film sing anyar lan action.” Saut

Alex.

“Piye nek dewe nonton film Thor? Krungu-

krungune kui apik.”

“Yowes, aku manut wae.” Jawabbe Agatha.

Sawise tekan ning mall, Agatha, Alex, lan

Garnis langsung mlaku ning bioskop temmpatte

theater. Amarga wedi keentekan tiket. Tibakke

antri tikete lumayan dowo. Akhire, Alex

ngongkon Garnis lan Agatha lunggoh cedhak pintu

ngarep bioskop.

Garnis pengen amarga ndelokki pop corn,

sing enak. Agatha ujug-ujug nawari Garnis tuku

pop corn. Akhire wong loro kui tuku pop corn rasa

caramel lan BBQ. Anget lan gek diangkat saka

pemanggangan. Di bungkus lan dikei bumbu akeh.


Ora lali Garnis mesen ombe kanggo Alex, Agatha,

lan dheweke.

Alex teko gowo tiket banjur ngajak

Agatha lan Garnis mlebu bioskop theater. Ora let

suwi film kang ditayangke. Durasi film 2 jam 10

menit. Kabeh padha pengen reti alur ceritane.

Jam 9 persis, lampu ruangan bioskop urip

amarga filme wis bar. Wong telu kui ngenteni

wong liyane metu dhisik supaya ora dhesek-

dhesekkan. Rodok sak untara Alex lan liyane

metu saka theater. Agatha, Alex, lan Garnis

langsung mlaku ning parkiran mobil arep bali.

Sak tekanne ning omah, Garnis buka

lawing ruang tamu. Ibu langsung marani.

“Mau nonton opo, nduk?” pitakonne Ibu.

“Kula nonton Thor, Bu. Amargane film

anyar. Alurre sae banget lo, Bu.” Jawabbe Garnis.


“Lha terus ibu kon opo? Ibu ya ora seneng

nonton film ngono kuwi.” Saute Ibu karo

cengingisan

“Yowes ndangmlebu banjur resik-resik lan

turu.” Bapak teka lan nyela omongane Ibu.

Banjur Garnis, Alex, lan Agatha mlebu

kamar ganti klambi barkui turu.

Sesoke Ibu nangikke Agatha, Garnis, lan

Alex. Garnis angel banget ditangikke padahal

Agatha lan Alex wis tangi. Sawise Agatha karo

Alex wis rampung adus, tibake Garnis isih turu.

Alex gemes akhire njupuk banyu sak ember, jug-

jug disiramke ning awake Garnis karo bengok-

bengok.

“Kebakaran!!! Kebakaran!!!” serune Alex

“Banyu!!! Banyu!!! Banyu!!!” latahe Garnis.

Agatha karo Ibune ngekek banter


“Arrgghh, yen nangike ki sing apik to.”

Saute Garnis.

“Lah koe ket mau aku tangi nganti aku wes

adus jek wae turu, dasar kebo!”

“Makane sesuk neh ora usah dolan bengi-

bengi.” Saute Bapak, Agatha mung mesem-

mesem.

Ibu ngongkon Agatha lan Alex sarapan sek

lan Garnis adus.

Sawise wis rampung kabeh, Bapak ngajak

anak-anake lan Agatha mangkat sekolah bareng.

Diterke numpak mobil. Ora lali Ibu uga melu

ngeterke.

Sakwise tekan sekolah, Ibu ngeterke

Agatha ning kepala sekolah. Ibu ngendika marang

kepala sekolah yen dina iki Agatha arep sekolah.


Nanging kepala sekolah nolak, amarga dina iki

wektu kanggo perkenalan lingkungan.


III

Wong Jawa Ning Inggris


Tanggal 6 Juni 2016, Agatha mlebu sekolah kaya

murid liyane. Ning Bradford Area High School

ora diwajibke nganggo seragam. Dadine Agatha

nganggo kaos sing dirangkepi jaket bomber lan

celana jeans. Agatha ketok ayu lan dhuwur mergo

nganggo booth. Sawektu Agatha mlebu gerbang

kabeh murid delokki dheweke.Agatha dadi pusat

perhatian, dadi dheweke ngerasa risih. Bapak

Gabriel, wali kelase Agatha wes ngenteni ning

lobby. Agatha dikongkon lungguh ning ruang guru.

Upacara arep dilaksanakake, pak Gabriel

ngajak Agatha mlaku ning barisan guru.Sawektu

amanat upacara, Agatha dikongkon kepala

sekolah ngenalake dheweke marang kanca-kanca

anyare sak sekolah.

Sawektu Agatha ngucapke jenenge, kanca-

kanca sak sekolah pada delokki. Ana sing

mbengok ngucapke jenenge, kaya

“Aghaataaaa…!!!”
“Haii, Agathaaa…!!!”

Ana sing melongo dheloki rupane, bocah

wadon ning kono pada dheloki sinis banget.

Sakwise upacara, Agatha diterke pak

Gabriel mlebu kelas.Dheweke dikongkon cerita

sitik soal kebiasaane ning Indonesia.

“Hai, kanca-kanca, jenengku Fira

Agatha.Biasane diundang Agatha.Aku lair ning

Bogor, 25 Juni 2000. Hobiku maca novel, sinau,

lan kulineran. Aku pernah entuk piagam lan piala

saka cerdas cermat. Mbiyen aku sekolah ning

SMA N 26 Bandung.Aku uga seneng

travelling.Kirane sakmene wae, olehe awakku

cerita. Matur nuwun”

“Ehhh Agatha, aku ya seneng travelling

muga-muga dhewe bisa lungo bareng ya”

‘Wahh saingan ki karo Zayn padha seneng

sinaune”
Agatha lungguh ning mburine Rachel. Alex

dieceni kanca-kanca

‘’Wah isa ki isa,wadon idaman ok.”

“Apato ahh.” saute Alex.

Pelajaran wis diwiwiti, Agatha lungguh

mburine Zayn.

Bel masuk wis muni. Rebecca ngajak

Agatha ning kantin.

“Eh Agatha, yok melu aku ning kantin.”

Ajake Rebecca.

“Aku wis gowo bekal dhewe o, hehe.”

“Ketimbang koe dhewekan ning kelas,

mending koe gabung karo kanca-kanca lan gowo

bekalmu.” Saute Alex.

Akhire Agatha lan kanca-kancane ning

kantin lan mangan bareng ning kana.


Bel mlebu wis muni,kabeh murid padha

mlayu ning kelasse dhewe-dhewe.

Sawise mlebu,pelajaran dilanjutake tekan

mulih. Alex ngajak Agatha balek. Sawektu ning

lobby Alex ketemu Garni lan ngajak balek.

Nanging Garnis milih balek karo kancane. Akhire

Alex mung balek bareng karo Agatha numpak

bis.

Wong loro kuwi wis mlebu bis,jebul ora

ana lungguhan sing kosong. Alex nyaranke marang

Agatha ngadek wae.

’’Dewe ngadek wae gelem rak?’’

“Rak popo aku wis tau biasa ngadek ning

Indonesia”,jawabe Agatha.

Ujug-ujug bis mau rem mendadak. Agatha

ilang konsentrasine. Ora sengaja awake tiba ning

dadane Alex. Wong loro mau ora sengaja

pandang-pandangan. Alex nyengir tipis karo


nggocekki awake Agatha. Batinne Agatha yo dag

dig dug.

Bis mau mandek ning halte cedak omahe

Alex. Sawise tekan omah,ibune ngongkon ganti

klambi lan mangan ndisik.

‘’Aja lali mangan dhisik banjur ganti

klambi, ana tugas apa ora? Ndang dibarke loo”

“Nggih.Mboten enten, Kanjeng

Mami.”Jawab Alex.

Ujug-ujug ana telfon saka rumah sakit.

“Kula nuwun, niki saking omah sakit

Elisabeth.Apa bener niki keluarga saking Garnis

Nielle?” takonne pihak rumah sakit Elisabeth.

“Iyo bener, iki saking keluargane

Garnis.Ono opo karo anakku Garnis?”Jawabe

Marla lemes.

Alex langsung nyaut telfone lan dikabari

adike mlebu omah sakit mergo ditabrak mobil.


Alex lan keluargane langsung nyusul ning omah

sakit.

Sawektu perjalanan, Agatha didawuhi

Marla nelfon Daniel

“Pak, kula angsal kabar saking rumah sakit

yen Garnis mlebet rumah sakit Elisabeth.”

“Hah? Tenane.Ning omah sakit ndi?’’,

jawabe Daniel.

‘’Omah sakit Elisabeth Pak.”

“Bapak arep merono saiki”

‘’Nggih Pak cepet nggih”

Sawise Alex tekan omah langsung marani

pihak administrasi kuwi. Bapak ujug-ujug teko lan

papasan ning administrasi. Kabeh mau padha nuju

ning kamare Garnis.

Marla lanDaniel kaget ndelokki kahanane

Garnis.
‘’Garnis anakku kok bisa ngene to

kahananmu”, ibu wis khawatir.

“Aku nggih mboten ngertos bu kejadiane

ujug-ujug, Bu.”wangsulane Agatha.

“La saiki pie rasane awakmu? Sing sakit

opone ndok?” takone ibu cemas.

“Ibu tenang mawon, aku wis rapopo

bu.”Wangsulane Garnis marang ibue.

Pak dokter mlebu ruangane Garnis.

Doktere ngendikan yen lukane Garnis ora patikna

parah.Marla langsung tenang.

“Bu, niki Garnis sampun mendingan lan biso

balik mangkih sore.” Ature suster

“Syukur Garnis wis iso balek dina iki.”

Ngendikan Ibuke karo ngelus rambute Garnis.

“Bu, kula njaluk pangapunten amarga ora

biso jaga awakku dewe.Kula bakal luwih ati-ati

maneh.”
“Rak popo, Nis. Alex ki yo ngono ora jaga

adikke dewe malah wes ndisiki.”Hawane Ibuke

ngamuk.

“Loh opo to, Bu? Kok malah aku sing

disalahke, aku ki wes ngajaki Garnis balek bareng

nanging Garnis ngomong nek sinau karo kanca-

kancane. Dadine aku balek ndhisik karo Agatha.”

Bantahe Alex.

“Yowes, raksah do geger kabeh. Ayo

ndang nyiapke barang sing digowo balek. Bapak

tak ngurusi administrasi ndisik.” Ngendikane

Bapak.

Sawise Daniel ngurusi administrasi, Marla

lan keluargane balek ning omah.

Tekan omah, Marla langsung nyiapke

panganan sing favorite Garnis yaiku spaghetti

bolognise.

“Bu, Agatha rewangi nggih?”


“Oh, nggih. Agatha sing motong sosis wae

barkui di godog.” Wangsulane Marla.

Sawektu motongi sosis, jarine Agatha

melu keiris lan metu getihe.

“Aaarrrggghhhh!!!!” Jerite Agatha.

“Eh Agatha, koe ngopo?” khawarite Alex.

Alex gowo Agatha metu saka dapur lan

ngobati lukane Agatha. Alex langsung nyedot

getihe Agatha kanggo mulute dewe.

“Eh Lex, ojo disedot. Dilap wae karo kapas

lan alkohol.” Bentakke Agatha.

“Rakpopo, Tha. Nek alkohol kui marakke

perih.” Jawabe Alex.

Agatha dheloki mripate Alex karo mikir

kok Alex gelem nyedot darahe.Ujug-ujug Alex

dheloki genten pandangane Agatha.


“Matur nuwun, Lex. Koe wis ngobati

getihku.”Omonge Agatha karo mesem.

“Sami-sami, Tha. Koe lungguh wae karo

ngancani Ganis ning ruang tamu.Aku tak

ngerewangi Ibu sek.” Alex karo mbales senyume.

Tekane ning dapur, Alex langsung gantike

posisine Agatha.

“Aduhh, anakku lanang sing siji iki kok

perhatian banget karo Agatha.” Ejekane Marla.

“Opo to, Bu?Kan kuwi manusiawi kudu

pengerten.” Wangsulane Alex.

“Ahh, sing genah? Ketoke pengertenanmu

karo Agatha bedo.Koe seneng to, Nang?”

guyonane Marla.

“Mboten to, Bu. Moso aku seneng karo

wedokan koyo ngono?”


“Yo nek seneng rakpopo to, Nang.Ibu yo

nyetujui.hahaha… Anake yo apikan, ayu, lan

sregep.”, guyone Marla.

Alex banjur gawa panganane ning ruang

mangan karo ngundang sak keluargane kabeh.

Garnis dadi doyan mangan lan nganti ngenteke

spaghetti bolognise tekan resik.

“Garnis, ojo lali ngombe obat sing wis

diparingi dokter.” Marla ngingetke Ganis.

“Nggih, Bu. Iki arep ngombe.”

Banjur sak keluargane turu nyenyak nganti

ngorok saking kesele.


IV

Tresno ngluruhi
Praktek biologi zat panganan diwiwiti.

Alex karo Agatha sekelompok bareng.

“Kene tak rewangi gowo barange, sake koe

kan tanganmu jek lara.” Alex karo njipuk tas sing

digowo Agatha.

“Matur nuwun ya, Lex.” Agatha mesem.

Sawektu ning laboratorium, Alex lan

Agatha lungguh sebelahan. Tibakke Agatha

entuk tugas motong wortel lan Alex entuk tugas

ngulek sego. Alex langsung njipuk peso sing

dicekel Agatha. Alex njaluk tukeran tugas karo

Agatha, dadi dheknen jatahe ngulek lan Alex

jatahe ngiris wortel. Alex ora gelem nek lukane

Agatha selot parah.

Sawektu balek sekolah Alex ngejak

Agatha balek bareng nanging Agatha nolak mergo

meh sinau bareng karo Zayn. Akhire Alex balek

dhewekan.
“Lohh kok koe dewean to, nang? Agatha

ndi?” Takone Marla marang Alex.

“Mau Agatha tak jak balek jarene meh

sinau karo Zayn, dadine aku dhewekan, Bu.”

Jam 7 Agatha durung balek, Marla

khawatir. Alex nenangke ibune yen rak bakal ono

opo-opo karo Agatha.

“Bu, tenang, Agatha ki wis gedhe sak

umuranku loo.” Alex nenangke Marla

“Emang wis gedhe, nanging deknen rung

ngerti banget Bradford to, Lex. Ibu wedine

deknen kesasar. Iki wis bengi yen ana wong jahat

pie?” Marla khawatir.

Alex yo melu khawatir mergo ngendikane

Marla yen ana wong jahat. Alex banjur njipuk

jaket lan pamit neng marla meh nggolek Agatha.


Sawektu Alex arep ngelangkah saka pintu,

ujug-ujug udan deres. Alex ora mikir suwi banjur

mangkat numpak motor trille.

Wis kabeh dalan dilewati Alex, nanging

hurung ketemu Agatha. Udan nambah deres

ditambahi petir sing nyamber.

“Agatha lewat kene rak yo?” Batine Alex

karo deloki dalan sing sepi lan jarang di lewati

wong.

Akhire Alex lewat ning dalan sepi mau,

Alex ngebut amarga wedi yen Agatha wis

ditemuke wong jahat. Barkui Alex ndelok wong

wedok digeniti preman. Tibake pas diamati kui

Agatha, banjur Alex mudun saka motor lan jotosi

preman sak kabehane.

Sawise premane mlayu kabeh. Agatha

banjur meluk Alex eret-eret.


“Matur nuwun ya, Lex. Aku wis wedi

banget. Untung koe teka pas aku butuhke

bantuan…”

“Ssstt…. Wis ora usah wedi ana aku

tenang ya, Tha” Alex nenangke Agatha.

Alex banjur ngajak Agatha balek.

Sakdurunge arep balek, Alex ngenggokke jaket

ning awake Agatha supaya ora katisen. Alex lan

Agatha balek ning omah. Alex ngebut, supaya

ibune ora kawatir. Agatha langsung meluk Alex

eret-eret.

Sawektu tekan omah, Ibune nyambut karo

rasa kuatir.

“Agatha…. Koe ki saka ndi to?” Pitakone

Marla

“Wis to bu ben Agatha adus karo ganti

baju sek.” Daniel nyaut.


Sawise adus, Agatha metu saka kamar lan

njelaske deknen bar teka endi.

“Bu, mau awale emang aku sinau bareng

zayn, barkui ning tengah dalan Zayn di telpon

karo wong tuane kon balek cepet- cepet dadine

Zayn ora isa ngeterke aku balek lan aku

dimidunke neng pinggir dalan, tak kira bakal ana

transportasi tibake aku ngenteni wis suwi yo ora

ana bis sing lewat, aku arep telpon omah tapi ora

ana sinyal pas aku mlaku ketemu preman lan

untunge Alex nulungi aku Bu. Dadi aku slamet.”

Jelasane Agatha.

“Zayn, kok bangeti to bisa-bisane

ninggalke wong wedok ning pinggir dalan

sembarangan, ora usah konconan karo Zayn

meneh. Ibu ora percoyo karo Zayn.” Marla emosi.

“Nggih, Bu.” Agatha karo ketakutan.


Isuk-isuk Alex wis ngenteni Zayn ning

kelas. Sawektu Zayn mlebu Alex narik kerahe

Zayn lan hawane arep jotosi zayn.

“Maksutmu piye? Koe midunke Agatha

ning pinggir dalan sembarangan?” Alex karo

emosi.

“Lha aku cepet-cepet, Lex.” Wangsulane

Alex mecicil.

“Emang koe ora iso midunke ning tempat

rame sing dilewati bis?” Takone Alex.

Alex saking emosine, banjur jotos Zayn

ujug-ujug Agatha misahke. Alex ditenangke karo

Agatha, nanging emosine nambah bludak. Akhire

Zayn karo Alex tukaran lan jotos-jotosan. Tekan

bibire Alex berdarah lan pipine memar.

“Ono opo iki, Alex? Zayn? Ayo, melu bapak

ning ruang BP lan jelaske!” Tegese pak Gabriel.


Alex lan Zayn digawa ning ruang BP lan

dikon jelasake. Alex nyeritake kejadiane, banjur

Zayn di skors seminggu lan Alex ora entuk

ngikuti pelajaran 2 dina.


V

Sayang Nanging…
Marla kuciwa karo Alex, amarga deknen

ora iso nyeleseke masalah nganggo cara apik-apik.

Alex ora iso ngontrol emosine dewe.

“Bu, kula nyuwun pangapuro nggih. Alex

ora bakal ngulangi meneh, Alex ora bakal tengkar

meneh.” Alex karo nyesel.

“Yowes, nanging 2 dina sesuk, koe kudu

sinau terus. Nek iso koe kudu sinau karo Agatha

ben melu sregep.” Marla karo emosi.

“Nggih, Bu…..” Wangsulane Alex.

Agatha banjur ngompres koreng sing ana

ning pipine Alex. Agatha yo ngrasa ora penak,

amarga marake Alex rak entuk melu pelajaran.

“Makane ora usah berantem ngono lo”

Agatha karo mencet luwih keras lebame.

“Aaauuuuuwww….. sakit to, Thaa.” Jerite

Alex.
“Aku ki yo kuwatir karo koe ning sakit

ngene.” Agatha kesel.

“Cieeee kuwatir karo aku yaaa….” Guyone

Alex karo njawil dagune Agatha.

“Ihhhh opoo sih, Lex. Jengkelke ooo..”

karo ngeplak lengene Alex.

Sawise diobati Alex mlebu kamare.

Agatha menyang dapur ngresiki piring-piring

kotor.

“Wis, Tha. Lanjut sesuk neh koe yo mesti

wis kesel, ndang turu.” Daniel karo ngrangkul

Agatha ning kamare.

Ning kamar Agatha ora bisa turu amarga

kebayang-bayang meseme Alex sing manis.

Deknen nginget-nginget sawektu pelukan karo

Alex udan-udanan. Agatha nginget kabeh

kejadian pas cah loro jek bebarengan sing adep-


adepan. Agatha ngrasa nek Alex tansah ana ning

sampinge.

“Ehhh moso aku seneng karo Alex? Ah,

ora mungkin.” Agatha mesem dewe.

Alex ning kamar sebenere pada wae ora

isa turu amarga seneng, sawise diobati karo

Agatha. Alex dadi pengen lara wae supaya isa

cedak karo Agatha.


VI

Penyakit sing Ora Terduga


Agatha ning sekolahan sempet ngerasa

ngelu banget, nanging dikirane paling fertigo

biasa. Nanging, sesuke tetep wae ngrasa hal sing

padha tekan seminggu ngono terus.

Balek sekolah ana pertandingan basket.

Alex kebetulan melu pertandingane. Alex pengen

Agatha ndelok pas Alex main.

“Mengko koe ndelok aku tanding to?”

takone alex.

“pasti tenang wae lex.”

“auuuuuuuuww…….” Agatha ndemek sirahe.

“koe napa tha?koe rapopo? Meh priksa tak

terke tha.” Alex khawatir.

“Rapopo Lex iki ngelu biasa.” Wangsulane

Agatha.
Sawise balek sekolah Agatha ngrasa

ngelune ora isa dikontrol.

“Lex, aku balek omah sek ya banjur aku

ndelok pertandinganmu.”

“lanapa rak bareng aku wae?” Alex sedih.

“Aku arep adus sek moso aku mambu

ngene ben wangi sitik toya” Agatha karo mesem.

“Yowis sampe ketemu neng stadion ya. Koe

ati ati baleke.”

Agatha ngrasa bersalah amarga ngapusi

Alex. Agatha arep priksa menyang omah sakit.

Tekan omah sakit deknen banjur njipuk nomer

antriane.

Nomor antriane Agatha wis diundang,

Agatha banjur mlebu.

“Opo keluhan sing dirasake?” Takone

dokter.
“Kula sampun seminggu, dok. Ngerasa

ngelu terus.” Wangsulan Agatha.

“Yowis, mendingan scan sek, supaya ngerti

penyakitmu opo.”

Agatha ngelakuke scan kui sing dikongkon

doktere. Scan kui dadine ora isa dina kui nanging

ngenteni sedina.

Sawise scan, Agatha banjur ning stadion

kanggo nemoni Alex. Sakdurunge nemoni Alex,

deweke ganti klambi lan nganggo parfum akeh

amarga ora sempet adus.

“Agathaaaa!!!!!” Alex mbengok.

“Koe kok suwi banget, bejo pertandingane

hurung mulai” Jare Alex.

“Iyo, Lex. mau macet o.”

Pertandingan diwiwiti, Alex ketok

semangat banget amarga disemangati karo

Agatha. Alex ngelobokke bal ning gawang lawan


akeh. Singkat cerita, akhire tim Alex menang

score 7-3.

Tekan omah Alex, Agatha, Garnis, Marla

lan Daniel mangan bareng. Banjur balek ning

kamare masing-masing. Agatha ngombe obat sing

wes diparingi dokter kanggo ngurangi rasa

ngelune banjur turu.

Sawektu balek sekolah, kabeneran Alex

foto karo timme ning studio dadi Agatha isa

balek njipuk hasil scane.

Tekan omah sakit, Agatha banjur nemoni

dokter. Hasil scan Agatha tibake kuwi kena

penyakit kanker otak lan umure ora suwi maneh

lan wis stadium 3. Agatha nangis kejer. Dokter

nenangke Agatha.

“Gaweo uripmu sing akhir-akhir iki bahagia

ben isa marake umurmu mayan suwi.” Jare

dokter.
Akhire Agatha nerima lapang dada lan

balek neng omah.

“Bu, Pak, matur nuwun nggih wis ngerawat

kula kaya anak jenengan dhewe.” Jare Agatha.

“Ana opo nduk? Kok ngomong ngono?”

Marla kaget.

“Niatku sesuk arep muluh ning Indonesia,

Bu. Amarga ana acara keluarga ndadak lan

penting banget.” Jelase Agatha.

“Oh, yowis nduk. Ati- ati ya nduk ampun

yen ning kene kowe ngerasa kurang opo piye. Iki

kabeneran Alex ora balek omah seminggu, amarga

dikon ngewakili pertandingan antar provinsi.”

Jare Marla.

“Ora, Bu. Aku wis seneng banget ning kene

ora ono kurange, ohh rapopo, Bu. Sesok tak

telpone.” Wangsulane Agatha.


VII

Durung dadi Jodohe


Esuk ngrasa cepet banget, Agatha njipuk

tas kopere lan didelehke ning ruang tamu supaya

ora ketinggalan. Sakdurunge lungo, Agatha gawe

surat kanggo alex :

Hi Alex!.

Congratulations on your championship, I

proud of you. Before I want to say goodbye for

going home to Indonesia, because there is an

important family event. Thank you for all this

you already care about me.

Fun fact: actually I love you

Love you,

Agatha

Agatha pamit karo Marla, Daniel, lan Garnis

banjur mangkat ning bandara numpak taxi. Ing


perjalanan Agatha nangis terus, nanging deknen

duwe prinsip kudu kuat.

Ning Indonesia pas ketemu keluargane

deknen langsung cerita apa sing terjadi karo

awake. Keluargane kaget opo maneh Ibuke

seketika pingsan.

Ibuke Agatha sakdurunge wis reti

penyakite kuwi, maulakna deknen diolehke

pertukaran pelajar. Pikire Ibuke deknen isa

ngelakoni opo sing disenengi lan dipengeni kuwi

bakal ngilangke rasa lara lan isa marai umure

dowo. Ibune rak nyangka nek deknen bias reti

penyakite kui.

Ibue Agatha njaluk pangapura amarga rak

ngei reti penyakite kui. Ibue Agatha ora gelem

deknen ngrasa ndue penyakit dadine

ngerahasiaake penyakite.

Sawektu Alex mulih, ujug-ujug deknen

kaget karo surat sing digawe Agatha. Alex


pengen reti kahanane Agatha ning Indonesia kaya

apa amarga deknen jek lara. Alex mutuske arep

menyang Indonesia karo sekeluargane menyang

omahe Agatha.

Sak durunge perjalanan, Alex tuku

panganan kesenengane Agatha sing dituku terus

ning Inggris kanggo oleh-oleh. Garnis ditugasi

Alex golek informasi ning pihak pertukaran

pelajar soal Agatha. “Bu, aku mesakke karo

Agatha. Kok isa ya bu deknen kena kanker otak.”

Prihatine Garnis.

“Saben wong isa kena, Nduk. Kita kudu

jaga awak dewe-dewe supaya ora kena penyakit

sing aneh-aneh ya.” Marla ngingetke marang

Garnis lan Alex.

“Wis-wis kita dungokake Agatha supaya

apik-apik wae kaya pertama ketemu.” Jarene

Daniel.
Alex lan sekeluargane wis tekan ning

Indonesia. Alex dapet informasi saka pihak

pertukaran pelajar.

“Pak, Bu, kula sampun angsal informasi.

Niki langsung ning omahe Agatha wae ya?”

Pitakone Garnis.

“Yowis, langsung ning omahe Agatha wae.

Bapak tak golek taksi sek.” Daniel karo mlayu

golek taksi sing kosong.

Sawektu Daniel wis entuk taksi, Marla,

Ganis, lan Alex langsung jupuk barang banjur

mlebu taksi.

“Pak, niki alamat sing arep dituju. Pak

supir ngerti dalan niki?” Pitakone Garnis lan

ngelungke kertas alamat.

“Oh, ngerti mbak. Niki perumahan sing elit

lan terkenal ning Bandung.” Jare bapak supire


“Yowis, Pak. Ndang mangkat pak. Soale

niki pertaruhan karo nyawa.” Jare Daniel.

“Opo to, Pak. Kok ngonomen.” Jawile

Marla.

Ning dalan, Alex njajal ngehubungi

Agatha. Nanging, ora aktif. Deknen tambah wedi

karo keadaane Agatha.

Sawektu tekan omahe Agatha, Alex lan

sekeluargane kaget amarga ning ngarep omahe

Agatha ana mobil ambulance lan ana suster

gotong wong.

Alex langsung mudun lan mlayu arep

ndelok sing digotong kui.

“Hahhhh? Agathaaa? Yampuunn, niki

Agatha ngapa kok tekan semaput?” Pitakone Alex

karo suster.
“Ampun, Mas. Niki nembe wonten keadaan

darurat. Mas saget ngintil saking mburi meyang

rumah sakit.” Jawabe suster karo kesusu.

Banjur Alex mlayu menyang taksi lan

nangis.

“Pak, tututi mobil ambulance kui ya. Ndang

pak!” Jarene Alex karo rai spaneng.

“Loh? Ana apa iki, Le? Kok ngintil mobil

kui?” Pitakone Daniel kaget.

“Niku pak, Agatha semaput lan mlebu

rumah sakit. Kula kaget banget, Pak.” Karo meluk

Marla.

“Kok isa semaput ki pie to ceritane, Mas?

Mesakke banget Agatha.” Garnis melu nangis lan

meluk Ibune.

Sak tekane ning rumah sakit. Keluargane

Alex lan keluargane Agatha langsung ngetutke

Agatha menyang kamar.


“Nuwun pangapunten, Pak, Bu. Sakniki

pasien mboten saget diganggu, badhe diobati

rumiyin kalih dokter. Bapak lan Ibu saget

ngentosi dateng ruangan riyen.” Jelasane suster.

“Sus, tulung obatke anak kula sing ragil

niki. Nganti deknen mari. Tulung sus tulung…”

Mohon Ibune Agatha marang suster.

“Sampun bu sampun. Agatha bakal

sembuh, Sherly yakin, Bu. Sing tenang nggih, Bu.”

Sherly sambil nenangke Ibune.

“Ngapunten, sampeyan sinten nggih?”

Pitakon bapak Agatha marang keluargane Alex.

“Oh, nggih. Sakdurunge nuwun

pangapunten. Kula lan sakeluarga minangka dadi

wong tuwa Agatha ing Inggris.” Karo jabat

tangane bapake Agatha.


“Ohh, nggih nggih. Kula saking bapake

Agatha. Kanengapa sampeyan tindak menyang

mriki?” Pitakon bapake Agatha.

“Niki, Pak. Putra kula, Alex, arep ngerti

keadaane Agatha sakniki. Amarga pas Agatha

mulih Indonesia. Alex mboten ketemu.” Karo

ngelus punggunge Alex.

“Nggih, Om. Kula Alex lan niki adik kula

Garnis. Nuwun pangapuntenne, om, sakderenge

Agatha gadah penyakit napa nggih, Om? Saget

dados semaput menika?” Pitakon Alex karo

nyekel tangane Daniel.

“Ngene, Nduk. Dadi sakdurunge Agatha

mangkat pertukaran pelajar, deknen sering

semaput. Padahal mangane ning omah teratur lan

sehat. Agatha kadang ngeluh sirahe mumet terus.

Barkui karo ibune Agatha digowo ning rumah

sakit lan discan sirahe Agatha. Let seminggu,

data saka rumah sakit wis dadi, ibune Agatha


sing jipuk. Banjur ibune Agatha kaget lan nangis.

Ibune cerita karo kula lan kakake Agatha, niki

Sherly. Kita sak sekeluarga gawe kesepakatan

ora bakal cerita karo Agatha. Nanging kita kabeh

kudu jaga deknen supaya ora tambah parah.

Jebule, deknen cerita nalika ning Inggris duwe

penyakit kanker otak.” Ceritane bapakke Agatha.

“Nanging pas ning omah, kok ora pernah

ngombe obat nggih?” Pitakone Garnis.

“Agatha ngirone kui mung vitamin biasa.

Dadine deknen jarang ngome. Pas deknen mumet,

biasane obate kui diombe. Sakjane kui obat rutin

kanggo sak hariane. Nek dielekke, mesti jawabe

kui vitamin lan mesti jawabe ‘Aku ora napa-napa,

Mbak. Aku ki sehat’. Padahal sakjane…” Jawabe

Sherly lan karo meluk ibune.

“Sing sabar nggih, Bu. Kula lan sakeluarga

pinurut prihatin. Kita mung isa dungo semoga


dikei karo Tuhan keajaiban. Amin..” Marla

nenangke ibune Agatha.

Banjur dokter metu saking ruangane

Agatha. Dokter ngabarke yen Agatha kudu rawat

ning rumah sakit, amarga penyakite Agatha kuwi

kudu ditangani karo sing wis ahline.

“Ayo, mulih ning omah, Bu. Iki wis bengi

lo.” Ajak bapake Agatha

“Aku emoh mulih, mesakke Agatha ora ono

sing jagake, Pak.” Karo ngelus Sherly.

“Kula mawon bu sing jagake Agatha. Bapak

lan Ibu ora popo mulih ndisik. Mangke isuk, Ibu

mriki maneh mboten napa-napa. Mesakke Agatha

to, Bu. Moso Agatha lara, Ibu ya arep lara? Ngko

deknen kepikiran ibu terus.” Katane Sherly.

“Mbak Sherly ora napa-napa jaga Agatha

dewekan?” pitakon ibune Agatha.


“Mboten napa-napa, Bu. Agatha kuwi kan

adik kula, Bu.” Jawabe Sherly.

“Ayo, pak Daniel lan sakeluarga turu ning

omahe Agatha mawon. Dadine yen arep njenguk

Agatha isa bebarengan.” Ajak bapake Agatha.

“Ohh, nggih pak. Matur nuwun sanget.”

Ning perjalanan, Alex mikirke Agatha

terus. Deknen mikir kok isa kena kanker otak.

Padahal keadaane Agatha kui sehat wae.

“Mas, ojo ngelamun ngono to. Iyo aku

ngerti perasaane mas Alex kaya piye. Yen aku

dadi mas Alex, aku wis nanging kejer. Sing sabar

nggih, Mas.” Karo meluk Alex.

“Iyo, Dek. Aku mung mikir. Kok isa ya

deknen kena penyakit.” Gumune Alex.

“Saben manungsa ya isa kena penyakit

kaya mengkono to, le. Buktine wong sing mbo


saying wae isa kena penyakit ngono.” Guyon

Daniel.

“Opo to, Pak. Iki ki jek padha prihatin

karo Agatha. Bapak kok malah guyonan.” Alex

jengkel.

“Loh, nanging tenan to? Koe ki seneng

karo Agatha to? Jujur wae ora nopo-nopo. Ora

mungkin koe ora saying yen koe isa tekan

Indonesia amarga pengen tau keadaane Agatha.”

Jawile Daniel.

“Isin, Pak. Wis pak wis.” Jawabe Alex karo

tutupan sirah.

Sakwise tekan omah, barang sing digawa

Alex lan keluargane dimidunke lan didelehke ning

kamar tamu.

Banjur resik-resik lan turu.


VIII

Kanker sing Ngrusak Sak

Kabehane
Nalika siang, ujug-ujug Agatha tangi seko

semapute. Agatha bingung, amarga posisine ana

ning rumah sakit. Sherly langsung ngundang

dokter.

“Dokter.. dokter, Agatha siuman.”

Bengoke Sherly ning lorong rumah sakit.

Dokter ngecek dadane Agatha, banjur

Agatha dikon turonan dhisik lan ora oleh mlaku-

mlaku saka kamar.

“Loh, mbak. Kok aku ning kene to? Bapak

lan ibu ning ndi?” Agatha bingung.

“Wis, koe istirahat wae. Bapak lan ibu ning

omah. Mengko mrene kok, koe arep ngombe? Iki,


ngombe sek. Bibirmu kering kuwi lo.” Karo

nyodorke ombe ke Agatha.

“Matur nuwun, Mbak. Ceritane aku kok isa

tekan omah sakit ki piye to? Padahal aku mung

ngerasake ngelu tok. Eh, pas aku tangi ujug-ujug

ana ning kene.” Takone Agatha.

“Koe kekeselen, Tha. Istirhat wae. Koe

lara, gegerke tekan Inggris kui lo. Wong tuwomu

sing ning kana malah mrene. Saiki ana ning

omahmu.” Jelase Sherly.

“Ahh moso to, Mbak? Ora mungkin ah

padha mrene. Ora percoyo aku.” Jawabe Agatha

karo malingke rupa.

‘Tokk tok tookk’, ujug-ujug Bapak lan

Ibune Agatha teka. Gawa panganan kesenengan

Agatha yaiku gado-gado.


‘’Agatha, koe wis siuman,apa sing koe

rasake saiki Nduk”, ibune teka buka lawang lan

kaget.

“Ibuu, Alhamdulillah aku isa ketemu malih,

kula ngerasa ngelu Bu”, jawabe Agatha karo

mbrambang

‘’Nduk, wis mangan dhisik. Iki ana gado-

gado kesenenganmu’’ , Ibune arep ngilangake rasa

sedih sing dirasake Agatha.

“Nggih bu, kula matur nuwun sanget’’

‘’Iya Tha, muga-muga isa cepet mari ya”

“Amin Bu”, Agatha njupuk panganan mau.

Nalika Agatha mangan lan guyon bareng

ibune, ujug-ujug Alex lan keluargane mlebu.

Agatha kaget.

‘’Loh Lex,kok koe ning kene to?”


‘’Aku kuwatir karo koe, salahe koe lara

harang. Dadani aku kuwatir”

‘’Kuwatir apa kangen karp aku? Hahaha”,

guyone Agatha.

‘’Yo ora ngono, aku ki tenan kuwatir.

Ndang mari ya Tha, supaya isa balek Inggris

maneh.”

‘’Iya Lex, aku bakal balek neh, ora usah

kuwatir karo aku. Kan aku yo ora papa.’’

Banjur suster mlebu gowo obat kanggo

Agatha.

“Nuwun sewu, kula badhe menehi obat, ojo

lali diombe banjur istirahat ya.” Jare suster.

‘’Sus kula mawon sing ndulang obate.’’

Omonge Alex.

“Oh yawis padha metu kabeh wae supaya

Alex isa fokus ndulang obate.” Guyone Garnis


Sawise ngombe obat,Alex ngongkon

Agatha turu. Sawektu arep turu Agatha ujug-

ujug kejang. Alex metu mbengok ngundang

doktere. Ibune Agatha kaget banjur mlebu

kamar.

‘’Agatha! Koe nopo Nduk, ana apa iki?’’,

Ibune Agatha mlebu kamar.

Dokter mlebu banjur merika lan ngei

suntikan marang Agatha supaya luwih tenang.

‘’Niki wong tuane Agatha sing pundi?”,

pitakone dokter.

“Kula Dok,kula ibune Agatha”, jawabe

Ibune Agatha.

‘’Bu niki anakke jenengan kudu dioperasi

sak niki, yen jenegan ngijinake saget nanda

tangani dateng administrasi”


Ibune Agatha mlayu dateng administrasi

lan nanda tangani surat kan wis disiapake.

Operasi banjur di laksanake.

Nalika operasi, kabeh padha dungoake

Agatha supaya operasine lancer. Sawektu balek

lampu abang operasi isih murup. Ujung-ujug

lampune wis mati. Dokter metu ruangan lan

nyuwun pangapunten amarga ora isa nyelamatke

Agatha sawektu operasi. Agatha wis lemes nalika

ning pertengahan operasi. Jelase dokter karo

nyuwun pangapunten.

Ibu Agatha langsung semaput lan sak

keluargane langsung kaget. Alex nangis kejer

amarga hurung ikhlas kelangan wong sing

disayang.

Suster ngetoke Agatha saka ruangan karo

ditutupi kain putih. Alex banjur buka kain putih

mau, lan langsung meluk Agatha.


“Agatha, aja ninggalke aku. Aku jek

sayang karo koe, aku ora percaya koe ninggalke

aku keadaan kaya ngene. Aku ora terima, Agatha

tangiii…!!” Tangise Alex.

“Wis, Nang. Sing sabar yo, koe kudu

ikhlaske Agatha. Luwih becik koe dungoake

Agatha ben amale diterima lan kesalahane ning

dunya diampuni karo Tuhan sing Maha Agung.”

Marla ngelus pundake Alex.

Keluargane Agatha nyiapke kanggo

pemakamane Agatha. Sherly ngehubungi

sahabate Agatha ning Indonesia lan nyuwun

pangapuro minangka Agatha duwe kalepatan ning

dunyo.
Tentang Penulis

Asma : Ennora Jihan Firdaus

TTL : Semarang, 22 September

2001

Cita-cita : Wiraswasta
Kasenengan: Renang

Instagram : @ennorajhn

Tentang Penulis

Asma : Elsa Zahra Khairunnisa’

TTL : Semarang, 20 Desember

2000
Cita-cita : Dadi wong sukses,

Pengusaha, Dokter

Kasenengan: Dolanan drum

Instagram : @elsakhaza

Tentang Penulis

Asma : Dyah Ayu Nur

Cahyaningrum
TTL : Semarang, 26 Juni 2001

Cita-cita : Dosen olahraga, Penusaha

Kasenengan: Bulu Tangkis

Instagram : @dyahanc

Anda mungkin juga menyukai