Anda di halaman 1dari 3

Jovitha Dewantari

XII7/19

Rasa

“Barang-barange wes kabeh kan nduk? Didelok neh aja enek seng lali ngko lek wes tekan aja
lali kabari”

“Sampun Bu mangke menawi sampun dumugi badhe lili kabari”

Rasane abot banget kudu pisah karo keluarga lan konco-konco kanggo ngejar mimpi. Salam
perpisahan terakhir sak durunge mlebu neng bandara tak ucapkake marang ibu lan konco-
koncoku.

Aku keterima neng Universitas neng Singapur adoh banget emang, tapi wi wes dadi mimpiku
ket cilik, lek misale gak enek beasiswa paling aku gak iso kuliah neng kono. Kabeh keperluar
wes disiapkake neng kono termasuk asrama, dadi aku gak perlu khawatir. Akhire aku wes teko
neng asrama, langsung aku bongkar koper lan aja lali ngabari Ibu.

Wes wulan aku kuliah, sejauh iki lancar. Aku duwe konco jenenge Adit seng mayarna koco
cilikku. Awak dewe kepisah gara-gara aku lan keluargaku kudu pindhah neng luar kota. Sak iki
aku neng perpustakaan karo Adit kanggo golek buku referensi.

“Dit we wes nemu bukune gung?”

“Uwes ki, ayooo”

Sak wise saka perpustakaan awak dewe misah mergo aku enek kelas, tapi awak dewe wes
janjian bakal ketemuan neng cafe cedek asramaku sak wise kelas. Sak iki aku wes neng cafe
karo Adit awak dewe crito-crito jaman pas awak dewe sek cilik, Jare Ibu Aku lan Adit gak iso
kepisah bakal nempel terus kaya lem.

“Li we ndisik iling gak pas awak dewe mlayu-mlayu neng lapangan terus we tuba gara-gara
kesandung watu?”

“Oh yaaa aku iling hahahaha….eh tapi loro banget sih, sesok aku nganti gak mlebu sekolah
gara-gara watu tok”

“Padahal sesok pas neng sekolah enek acara seng saka milo wi, gek we nagis gara-gara gak
iso mlebu hahahaha….” Jare Adit seng sibuk guyu

Sekilas aku kelingan masa-masa iku. Dolan ket isuk nganti magrib, Ibuk ngantik maksa aku
kanggo muleh sangking bengine.Rasane kangen iso dolan karo konco-konco tanpa mikir tugas
lan masa depan.kadang aku mikir pengen dadi bocah cilik neh.
Saka cafe awak dewe mutusne belanja kanggo keperluan seng neng asrama. Sak wise belanja
awak dewe mutusne muleh neng asrama dewe-dewe. Rasane seng iso ketemu karo Adit neh.
Duwe konco seng padha saka Indonesia gawe urip neng kene luweh gampang,

Dino neng dino, minggu neng minggu, wulan neng wulan, nganti gak keroso wes sak tahun
luweh aku neng kene. Aku karo Adit pastine sek konconan, walaupun jarang petukan tapi awak
dewe mesti duwe wektu kanggo bareng. Adit akhire duwe pacar jenenge Anna. Aku karo Anna
ya lumayan cedek, Anna ya ruh lek aku karo Adit konco ket cilik. Hubungane karo Adit wes
jalan sekitar papat wulan.

Jujur delok Anna karo Adit rasane enek seng gak penek neng dadaku, masak aku cemburu.
Aku kudune ya seneg akhire koncoku duwe pacar uduk malah cemburu. Akhire tak putusne aku
kudu hindar saka Adit. aku gak gelem ngrusak hubungan koncoku dewe mung gara-gara egoku
tok. Wes tiga wulan aku jajal hindar saka Adit. Sak iki aku neng perpus golek buku kanggo
bahan tugas.

“Li we nyapo kok jarang ngabari, we hindar saka aku to? Aku duwe salah neng kowe to?” Jare
Adit seng mara-mara teko

“Ora Dit, aku mung pengen focus karo kuliah sek, tenang we gak enek salah kok. Sek ya aku
enek kelas bar iki” Jareku seng langung ngaleh. Rasane abot kudu ngomong ngono wi neng
Adit.Tapi piye neh Adit wes duwe pacar aku ya kudu sadar diri. Aku kudu iso move on

Gak keroso akhire aku lulus. Adit karo Anna putus seng alasane aku gak ruh. Ibukku ya teko
neng wisudaku bareng karo koncoku neng Indonesia. Aku karo Adit sek konconan biasa gak
enek seng special. Rasa seng tak duwe kanggo Adit tetep enek gak enek seng berubah Adit
tetep dadi konco cilikku.

“Li selamat ya…” Jare Adit karo wenehi aku buket bunga.p

“Adit…suwun ya”

Mendem rasa uduk tanda lek we gak mampu, tapi tanda lek wong seng dipilih ati sak iki uduk
sosok seng pas. Lek Aku karo Adit tarah ditakdirne bareng Aku yakin awak dewe bakal bareng
sesuai takdir, mungkin waktune tok seng gung pas.

Anda mungkin juga menyukai