Anda di halaman 1dari 2

“Sahabatku Kang Becik Atine”

Pas muleh sekolah aku karo kanca-kancaku duwe rencana arep nyambangi Andi sing wes gak
melbu sekolah ono seminggu.
Jare konco-koncoku si Andi iku loro tipes, terus aku due ide urunan kanggo gawakne roti lan
buah-buahan sing di senengi Andi.

Aku lan koncoku liane numpak sepeda bareng mergakne omahe Andi ugo ora adoh tekan
sekolahan. Ndilalahe pas nek tengah dalan ora sengojo ban sepedahku kenek paku.

“Do, sepedaku kok kroso aneh ya lek di tumpak i”, aku muni nek Edo !!

“Lha emange konopo?” jawabe Edo.

“Sek jajal mandek tak delok’e disek”, balesku.

Terus aku karo Edo jajal mandek gawe ndelok pedahku sak temene kenek opo, Sementara
konco-koncoku liane budal disek gak enek sing eruh.

Mbasan di delok, tibak’e sepedaku kenek paku lan ban’e gembos ora iso ditumpak’i. Akhire aku
dikancani Edo nuntun pedah golek’i tukang tambal ban.

Amergo posisi pas kui tibak e ora ono tukang tambal ban, aku due rencana nitipke sepedahku ing
omahe salah siji warga.

Terus aku digonceng Edo nyusul koncoku sing wes podo budhal disek menyang omae Andi.

Aku matur suwun banget karo Edo, amergo Edo salah sijine sahabatku kang becik atine. Edo
gelem mbantu koncone pas lagi kesusahan.

Sawise kedadean kui aku maleh akeh sinau tentang artine persahabatan.

Pitakon

1. Sapa sing kena lara tipes?


2. Kanca- kanca padha urunan gawe tuku apa?
3. Kenapa sepedaku tumpakane dadi rada ora kepenak?

4. Sapa sing boncengke aku?


5. Hal becik apa sing iso dijupuk seka cerita ing nduwur?
Nulis Jawa:
Ganti ukara ing ngisor iki kanggo aksara Jawa!
1. Dha wa =

2. Lara Mata =

3. Sa wa =

4. Ba tha =

5. Dha da =

6. Nga ba=

7. Da sa=

8. Tapa =

9. Ma ra =

10. Ma wa =

Anda mungkin juga menyukai