Anda di halaman 1dari 1

Kancaku Edo

Bel sekolah wis moni, aku karo kancaku banjur mlebu kelas arep mulai pelajaran, pak guru
sampun rawuh teng kelas 5. Pak guru saweg absen bocah kelas 5 diabsen tuk siji, aku ngacung
nek diaturi teng pak guru. Namung wonten surat saking Ibune Andi nek Andi lagi mriyang ora
mangkat sekolah, surate diwaos teng pak guru nek Andi kena tipes. Jebulane saiki wis dina
kemis Andi wis ora mlebu sekolah ana seminggu. Sawise rampung pelajaran aku karo kancaku
duweni rencana bali sekolah arep niliki Andi Amarga wis sue Andi ora mlebu sekolah. Aku due
ide urunan kanggo gawakna roti lan buah-buahan sing di senengi Andi. Aku lan kancaku liyane
numpak sepeda bareng mergane omahe Andi ora adoh tekan sekolahan. Ndilalahe pas nang
tengah dalan ora sengaja ban sepedaku kena paku.

“Do, kok krasa aneh ya nek di tumpaki.” Aku ngomong meng Edo.

“Lha emange nang ngapa?” Jawabe Edo.

“Sit jajal mandeg tak deleng disit.” Balesku.

Terus aku karo Edo jajal mandeg gawe ndeleng sepedaku kena ngapa, Sementara kanca-kancaku
liyane lunga disit ora ana sing weruh.

Mbasan di deleng, sepedaku kena paku lan bane gembes ora bisa ditumpaki. Akhire aku
dikancani Edo nuntun sepeda goleti tukang tambal ban.

Amarga posisi pas kuwe ora ana tukang tambal ban, aku due rencana nitipna sepedaku nang
omahe salah siji warga cedhek kono.

“Do, sepedaku arep tek titipna bae nang omahe warga, ket mau aku ora weruh ana tukang tambal
ban.”

“Ya wis titipna bae, mengko kowe mboceng aku.” Balese Edo.

Aku mikir-mikir nek Edo mboncengna aku, mbok ora kuat. Aku kuwe lewih gedhe sekang Edo
lan Edo kuwe cilik lan gering.

“Aku mandan abot lho do! aku ngerti nek bobotku kuwe lewih abot kang kowe, kowe kaya sada
aku kaya gajah.” Pengucapane aku.

“Hahaha…Ora papa, aku kuat kok mboncengna kowe.” Terus aku manut omongane Edo, aku di
bonceng Edo nyusul kancaku sing wis pada lunga disit meng omahe Andi.

Aku matur suwun banget karo Edo, amarga Edo salah sijine kancaku kang becik atine. Edo
gelem mbantu kancane pas lagi kesusahan.

Setelah kedadeyan kuwe aku malah akeh sinau tentang artine kekancan. Kekancan kuwe kaya
kepompong sing ngubahi ulat dadi kupu-kupu.

Anda mungkin juga menyukai