Anda di halaman 1dari 3

Ora Selawase Apik

Aku, jenengku Ardelia. Nanging wong omah mesti nyeluk aku Dela. ing sawijining dina, pas
wayah kuwi aku isih umur 11 tahun utowo kelas 5 SD. Aku sekolah menyang cedek omah. Ing
sekolahanku enek ekstrakurikuler tari, pencak silat, lan voli. Pas wayah pemilihan ekstra, aku isih
bingung. Akhire aku takon menyang kanca kancaku, amarga aku nduweni geng sing isine bocah 4.
Bocah 4 wi mau Aku, Eka, Diah, lan Alma. Sing jenenge geng opo-opo kudu podo. Kancaku sing
jenenge Eka milih ekstra voli amarga deweke duwur lan ibu e yo tukang voli dadi deweke nduweni
gambaran ben iso koyok ibu e. Terus Diah bingung arepe melu ekstra voli utowo nari amarga deweke
pengen loro-lorone, tapi karo gurune dikongkon milih siji wae. Alma bocah cilik nanging nduweni
swara cempreng iki pengen melu ekstra voli amarga deweke pengen duwurake awak e. Amarga kabeh
melu ekstra voli akhire aku yo milih ekstra voli.

Bel muleh sekolah wes muni, wayah e ringkes ringkes lan mulih bareng kanca kancaku. Aku
lan kanca kancaku omah e podo searah lan cedek, dadi yen sekolah numpak sepedah mini jejer 4 ing
ratan. Ing ratan podo guyu cekakakan amarga lagi nyawang wong nek numpak motor cuman pupune
sing nemplek ing jok motor. Sak banjure aku teko omah, aku salim karo ibu lan mlebu kamar nyepot
seragam. Amarga weteng rasane luwe, aku cepet cepet jupuk sego karo lawuh iwak goreng maem nde
ngarep TV karo Ibuku.

“Peehhhh jan uenak bu iwak e” telap-telep maem sego karo lawuh e

“Yomesti, sopo sik sing masak” karo guya guyu

“Eh bu, tak omongi. Aku mau nde sekolahan enek pemilihan ekstrakurikuler”

“Lha awakmu wes milih esktra opo durung? Ekstrakurikuler e opo wae? Kandhane ibukku
sing lagi ndeleng TV

“Sampun bu, enten ekstra tari, voli lan pencak silat. Nanging aku milih ekstrakurikuler voli”

“Menyang opo awakmu milih ekstrakurikuler voli? Ibu kan wes omong nde mbiyen kae, yen
enek pemilihan ekstrakurikuler awakmu kudu melu pencak silat”

“Nanging bu, aku mboten remen kaliyan pencak silat” mlaku menyang pawon amarga wes bar
nk maem, banjur balik ing ngarep TV neh.

“Awakmu melu ekstrakurikuler voli mesti sepakat karo geng mu wi to?

“Nggeh bu, aku mboten penak yen ekstrakurikuler ku bedo dewe. Aku lan kancaku kuwi
geng, dadi kudu podo kabeh ben ketok tali persaudaraane” mripatku brebes banyu arepe mili amarga
wedi.

“Yowes, saiki awakmu manut ibuk opo manut kancamu sing gung pasti bakal ileng awakmu
terus sampek sok tuwek?”

“nggeh aku pengenne manut ibuk, nanging aku wes janjian karo kancaku yen aku melu ekstra
voli.”
“yowes saiki sak karepmu, yen gak manut karo ibu karepmu. Sekolah gak tak sangoni” ngaleh
menyang pawon amarga pegel karo aku.

“buuuuuuuuuuu” mlayu ing kamar karo nangis karo dikrukupi bantal.

Sesok e aku mangkat sekolah ibuku sik ketok nesu karo aku. Aku ngeroso yen ibu pengen
banget aku melu ekstrakurikuler pencak silat. Pas teko sekolahan, aku nemoni kancaku 3 wi mau. Aku
jajal ngomong apik apik ning kancaku nanging kancaku ora terimo. Mikire deweke yen awakdewe ki
geng dadi kudu podo kabeh. Kancaku yo melu nesoni aku. Aku bingung, kudu milih sing endi. Saiki
podo podo pentinge. Yen aku ora manut ibuku aku dadi anak durhaka, nanging yen aku ora podo karo
gengku aku ora dibolo lan aku ora nduwe kanca maneh. Akhire setengah dina ing sekolahan, aku ora
diajak omong omongan karo kancaku kuwi. Bel sekolah wes mulih. Pas wayah mulih aku yo ditinggal.
Aku nelongso, menyang opo kancaku kok ngene, menyang opo kancaku kok egois, kok gaiso nerimo
yen aku kudu manut ibuku. Nde dalan aku mikir, piye carane amprih aku iso nyeneng ne kancaku lan
ibuku. Banjur tekan omah aku jajal takon Bapak.

“Pak, aku nyuwun tulung. Dhateng sekolahan aku enten pemilihan ektrakurikuler. Lha aku
milih ekstrakurikuler voli ben podo kaliyan gengku. Nanging kaliyan Ibu mboten pareng, Ibu
kepengen aku ndherek ekstrakurikuler pencak silat. Aku bingung pak, kudu milih sing endi. Kabeh
podo pentinge kangge uripku”

“Ngene ndhuk, awakmu kuwi anak e Ibu lan Bapak, awakmu yen manut Ibu lan Bapak
insyaallah uripmu bakal penak, yen awakmu manut kancamu arep oleh opo? Paling awakmu amung
oleh seneng pas wayah SD tok. Sok pas wayah SMP lan sateruse kancamu wi mau bakal ngelalekne
awakmu. Sing bakal enek sak lawase amung Ibu karo Bapak. Saiki pikiren dhewe, awakmu milih sing
endi” ngadhek karo ngelus rambutku.

“Nggeh pak, tak pikire rumiyin” mlaku menyang kamar.

Sak wise oleh pencerahan teko Bapak aku sadar, aku kudu manut marang wong tuwa. Banjur
ngono, sesok e pas sekolah aku ngomong menyang guruku yen aku ganti ekstrakurikuler dadi pencak
silat. Aku yo ngomong menyang kancaku.

“Cah,sepurane. Aku saiki gak iso nuruti kekarepane awakmu kabeh. Aku kudu manut marang
wong tuwa ku. Aku emoh dadi anak durhaka. Yen awakmu pengen nesoni aku, gak bolo karo aku, aku
ikhlas. Aku isih iso golek kanca liyane.”

“Aku ora masalah yen awakmu melu ekstra liyo, aku yo panggah gelem koncoan karo
awakmu” gunemane Eka lan Alma

“Lha awakmu piye, setuju opo ora yen Dela melu ekstrakurikuler pencak silat? Madep ing
Diah karo wajah santai

“Aku ora setuju, iki geng dadi kabeh kudu podo. Yen awakmu milih ekstra liyo berarti
awakmu ora setia karo awakdewe kabeh.? Karo wajah mrengut
“Ngenelo, aku emoh durhaka. Yen awakmu gelem dadi koncoku yo monggo nek gak gelem
aku ora masalah. Aku isih iso golek konco sing luwih apik kelakuane teko awakmu. Kanca iki gunane
ndukung siji karo liyane, ora palah medotne kepengenane kancane.” Gunemanku ing mburine Diah.

“Yowes, aku gelem dadi koncomu” wong papat podo rangkulan ing kelas.

Akhire aku milih ekstrakurikuler pencak silat. Eka, Diah lan lan Alma panggah milih
ekstrakurikuler voli. Ekstra wi mau dilakoni ing dina sing podo. Dadi saben mulih ekstrakurikuler
awakdewe dolan mubeng mubeng ing Desa.

Singkat cerita, awakdewe wes lulus SD, banjur ngelanjutake menyang SMP. Aku lan kancaku
bedo sekolahan. Wis enek setahun sekolah SMP, ternyata sing diomongne Bapakku bener, yen konco
iku amung eling lan apik pas wayah bareng. Padahal wes nduwe hp, tapi kanca kancaku ora enek sing
gelem komunikasi. Mugo-mugo awakmu kabeh ora koyok ngene.

***

Ardelia Nur S.M


XII – AKL 1 / 04

Anda mungkin juga menyukai