Prop SBBJ Versi Jawa
Prop SBBJ Versi Jawa
Introduksi
a) Latar Mburi
Ki Demang Suryongalam yaiku salah sawijine pawongan sakti andalan Prabu Brawijaya ing
Majapahit kang manggon ing tlatah Surukubeng kang sak niki dados daerah ingkang nami
Kutuwetan lan Kutukulon Ponorogo. Amargi majuning jaman lan budaya Majapahit, Raden
Katong putra saka Prabu Brawijaya diutus nggoleki Ki Demang Suryongalam. Kebak crita
saka peprangan tumetesing ludira, asmara Raden Katong lan Sulastri, tumekan laraning
manah Sulastri ditinggal muksa ramane, Ki Demang Suryongalam.
b) Tujuan Kegiatan :
“Nglatih kaprigelan bab drama kelas 7 , 8 & ujian praktek kelas 9”
d) Jeneng Kegiatan :
“Praktik Penilaian SBBJ ( Seni Budaya & Bahasa Jawa )”
Proposal SBBJ 8H | 1
BAB II
ISI
a. Wektu :
Dina / Tanggal, Jam : Rabu / 02 Januari 2019, 07:00 – 07:20
b. Panggonan : Pendopo SMPN 1 Ponorogo
c. Komite Pengaturan :
Ketua : Bryliana Chandra Goeshindria Z
Wakil Ketua : Nadia Safira
Sekretaris :
Almas Khansa U
Helga Eartha S
Bendahara :
Saraya Khairuna N.D
Khumayroul Insani M
d. Rencana Anggaran :
Sakjroning SBBJ menika anggaran dana inggih menika kanthi iuran saben siswa 8H kaliyan
ketambahan saking arta kas kelas berikut:
A. PEMASUKAN
a. Dana saka kelas : Rp. 300.000,00
b. Iuran saben siswa : Rp. 10.000,00/bocah
1 kelas dumadi saka 30 bocah
Rp. 10.000,00 x 30 bocah = Rp. 300.000,00
c. Total pemasukan : Rp. 600.000,00
B. PENGELUARAN
a. Make up : Rp. 125.000,00
b. Kostum : Rp. 300.000,00
c. Properti : Rp. 20.000,00
d. Total pengeluaran : Rp. 445.000,00
C. SISA DANA
a. Sisa pemasukan : Rp. 155.000,00
b. Sisa pengeluaran :-
c. Total dana : Rp. 155.000,00
e. Properti :
Wit-wit Gapura kursi taman
Kursi raja 2 Watu tapa
Proposal SBBJ 8H | 2
BAB III
PENUTUP
SARAN-SARAN
Kegiatan menika saget didadosake kanthi lancar yen para siswanipun aktif lan ngerteni kabeh
konsekuensi saking unsur kang ana. Amargi mangkana kabeh kudu saget nyawiji uga gotong royong
kagem majuing sekolah ing kegiatan Uji Kompetensi Seni Budaya dan Bahasa Jawa SMP Negeri 1
Ponorogo.
Proposal SBBJ 8H | 3
LAMPIRAN – LAMPIRAN
a. TEKS MC
PEMBUKA
Assalamu'alaikum Wr.Wb
Ibu kepala sekolah SMP Negeri 1 Ponorogo ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan /
Karyawati Lan para tamu undangan wali murid ingkang kula urmati saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani.
Saderengipun sumangga kita tansah manjataken raos puja dalah puji syukur kita dumateng Allah
SWT ingkang sampun paring taufiq saha hidayah ipun, sahingga wonten ing wekdal siang punika kula
saha panjenengan sami tasih pinaringan kasugengan saha karaharjan saget angrawuhi wonten ing
adicara "SENI BUDAYA LAN BASA JAWA" kanti mboten wonten aral satunggal punapa.Amiin.
Bapak/ibu ingkang dahat kinormatan, keparenga kula ngaturaken menggah rantamaning adicara
ingkang badhe lumampah ing wekdal siang puniko:
1.Pambuka
2.Drama saking kelas 8H
3.Panutup
Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, sumonggo kita awiti adicara ing siang punika
kanthi maos waosan basmallah "bismillahirrahmanirrahim".
Adicara saklajengipun inggih punika Drama saking kelas 8H ingkang irah-irahan “Muksoning Suryo
Ngalam”
Sakmenika rantamaning adicara ing siang punika, kula minangka pranatacara ngaturaken
WILUJENG AMIRSANI
PENUTUP
Adicara inglang terkhir inggih punika panutup, monggo kita pungkas adicara ing siang menika kanthi
waosan hamdallah.Alhamdulillah.Matur suwun.
Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra
pangaksami dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating anggen kula matur kula
nyuwun pangapunten.
Wasssalamualaikum Wr. Wb
Proposal SBBJ 8H | 4
b. TEKS DRAMA
MUKSONING SURYONGALAM
ADEGAN 1 :
Prabu Brawijaya : “Ngertenono ngger, Majapahit saiki wis kelebon kapitayan Islam, kalebu
keluargane kita kang wis bisa manunggal jiwa karsa.”
Prabu Brawijaya : “Nalikone sira isih cilik, rama nduweni senopati kang sekti mandraguna lan
setya dadi abdining Majapahit,yaiku Ki Suryo Alam. nalikane sira isih cilik,
dheweke kang momong sliramu ngger. Ananging jaman semana Surya Alam
tak utus jengkar lan tak delikake ing sak wetane gunung Lawu, yen mengko
Majapahit ana pasulayan lan ketekan musuh, Surya Alam bakal tak timbali
mrene menyang Majapahit. Lan dina iki sira tak utus ngger !”
Prabu Brawijaya : “Ana kabar yen Suryo Alam ana ing tlatah Wengker, wetane gunung Lawu
ana ing padepokan Surukubeng. Biyen padepokan iku awujud alas kang isine
kebak wit kutu, banjur Suryo Alam babati lan ngedakeke padepokan ing
kono. Saiki golekono ki Surya Alam lan ajaken manunggal jiwa rasa karsa,
lan uga manunggal ing bab kapitayan!”
Raden Katong : “Inggih, sendiko Rama Prabu, kawulo nyuwun pamit badhe bidal dateng
padepokan Surukubeng sakmeniko.”
Prabu Brawijaya : “Ati ati ngger Katong, prajurit sira dak utus mbaturi gustimu Katong
anggoleki ki Suryo Alam.”
ADEGAN II
Suryanglam : “Ana pawongan gagah perkoso nggawa bala prajurit. Kisanak sira iku
sapa?”
Proposal SBBJ 8H | 5
Raden Katong : “Aku Raden Katong, Putra sulung Prabu Brawijaya. Napa leres paduka Ki
Demang Surya Alam?”
Suryangalam : “Raden Katong? sampun dangu kula mboten pinanggih panjenengan, kula
Ki Surya Alam.”
Suryangalam : “Janur gunung, kadingaren wonten wigatos menapa paduka rawuh wonten
padepokan mriki ? dadosaken kagete manah kula raden.”
Raden katong : “Duh ki Demang, tebih saking Majapahit sowan kula wonten tlatah
surukubeng menika, bot – botipun kula dipun utus kaliyan kanjeng Rama
Prabu Brawijaya, Saperlu paduka kedah purun manunggal cipta rasa, budi
karsa, miwah kapitayan engkang sampun rinasuk dening kawulo Majapahit.”
Suryangalam : “ Anakku ngger katong menawi kula kedah manunggal jiwa rasa, budi
karso kula sarujuk namung ke mawon ngapunten ingkang sak ageng-
agengipun menawi kedah manunggal kapitayan kula mboten saget. Menawi
paduka nggadahi kapitayan menika nggih sumangga nanging kula mboten
saget raden”
Radeng Katong : “ Duh Ki Demang Suryongalam kula menika jejering utusan lan paduka
kedah ngertos menawi paduka taksih kabawah kaperintah negari Majapahit.
kalawau rama Prabu Brawijaya sampun mengkas kalihan kula menawi
paduka mboten purun manunggal kapitayan purbowasesa wontening tangan
kula!!”
Batoro Katong : “ Monggo, adu kaseten tosing balung uleting kulit menawi paduka mboten
purun manunggal kapitayan kaliyan kula”
ADEGAN 3
Proposal SBBJ 8H | 6
ADEGAN 4
Sulastri : “ Duh raden paduka menika sinten nggih? kok mlebet wonten kaputren
mriki?”
Sulastri : “ Inggih kang mas, panjenengan sinten kok tepang kaliyan kula?”
Raden Katong : “ Ditepungake wae wae Sulastri, aku raden katong putra saka Prabu
Brawijaya ing Majapahit, aku diutus kanjeng rama prabu teka ing kene.”
Sulastri : “ Oh, Raden katong, nyuwun pangapunten, kula sampun lancang kaliyan
paduka”
Raden Katong : “ Eh, wis ora apa apa Sulastri. Sepurane aku ndadekake kageting atimu.”
Raden Katong : “ Tekaku ing kene arep kepengen ketemu Ki Demang Suryangalam nanging
amarga panjenengane isih semedi ing sanggar pasemeden suci. Mulane aku
mampir ing kene Sulastri.”
Raden Katong : “ Iyoo aku wes tepung sliramu….Sulastri aku pengen ngomong karo
sliramu,”
Raden Katong : “Sulastri sliramu opo wes winengku dening kakung apa durung, tegese
sliramu wes palakrama apa durung?”
Sulastri : “Duh raden kula menika dereng winengku dening priya kakung, wong kula
taksih kenya raden”
Raden Katong : “Ooo ngono ta, Sulastri… tiwas kebeneran aku ya durung nduweni garwa,
piye yen sliramu tak wengku dadi garwaku apa sira gelem?”
Raden Katong : “Ngene Sulastri, nadyanta aku lagi wae ketemu karo sliramu, nanging sak
jroning panyawangku iki uwis tuwuh rasa tresna ana sak jroning atiku, mula
aku kepengen palakrama karo yayi Sulastri”
Proposal SBBJ 8H | 7
Sulastri : “Duh paduka kok matur maketen, ”
Raden Katong : “Ngene Sulastri, ana unen-unen yen to witing tresna tuwuh saka panyawang
kang kapisan. Oh gelemo dadi garwaku wong manis”
Sulastri : “Hmm…”
Raden Katong : “Kepriye Sulastri, apa sira gelem tak pundut dadi garwaku?”
Sulastri : “Nuwun inggih raden, kula inggih nggadahi rasa tresna dhateng paduka”
Raden Katong : “Matursuwun SulastrI, duh bungah rasaning atiku. Nanging aku nduweni
pitakonan Sulastri”
Raden Katong : “Ramamu Ki Demang Surya Alam kok bisa sakti mandraguna nduweni
pusaka apa lho nimas?”
Sulastri : “Oalah, rama kula menika kagungan pusaka ingkang nami, Condong
Rawe”
Raden Katong : “Condong Rawe? aku oleh ngampil pusakane apa ora?, aku kepingin weruh
wujude”
ADEGAN 5
Raden Katong : “He Ki Demang Suryongalam, sawangen aku wes nduweni pusakamu
condong rawe. Hayoo saiki teluk o marang aku yen ora kepengen ilang
nyawamu.”
Suryongalam : “Yoalah tong Katong, saknyatane condong rawe kui among pusakaku seng
keloro, dene pusakaku kang utama lan sing tak andalake yaiku iki Jabardas.
Ayo di jajal apa piye!”
Suryongalam : “Lo sulastri kok sira ana neng kene? Kok bisa tepung karo Raden Katong”
Proposal SBBJ 8H | 8
Sulastri : “Nyuwun sewu rama, Raden Katong niki sampun dados calon garwa kula”
Sulastri : “Kula sampun gadah rasa tresno marang Raden Katong, kula nyuwun
sampun nyirnakaken Raden Katong rama”
Suryongalam : “Duh jagad dewa batoro… jebul Sulastri putriku wes tresna karo Raden
Katong … tiwas sulastri lara ati amarga katong tak sirnakake, aku jejere
wong tuwa kang sirn amrih mulyaning putriku Sulastri..”
Sulastri : “Ramaaaaaa”
Raden Katong : “Wes Sulastri ojo ditangisi sedaning bapamu amarga iku wes dadi
kakarepane slirane”
No Nama Peran
absen
1 Ahmad Wafiq Rafi Ardani Bathoro Katong
Proposal SBBJ 8H | 9
14 Heviana Dhita MC
16 Khumayroul Koordinator
27 Rohkmah Dayang
Proposal SBBJ 8H | 10