Anda di halaman 1dari 1

IKRAR TUNGGAL (SYAWALAN)

Bismillahirrohmanirrohim…. Kelawan nyebat / asmanipun Gusti Allah / ingkang Moho


Mirah / Moho Welas Asih ./ Kaparengo kulo matur / dhumateng poro sepuh / sesepuh /
soho poro pepundhen / poro kadang / yuswo sapantaran / dalah poro kadang / ingkang
kaleres mudho./

 Ingkang sepisan / kulo ngaturaken / sugeng riyadin / setunggal syawal / sewu kawan
atus tingangdoso setunggal hijriyah./
 Kaping kaleh / kulo ngaturaken / sungkem pangabektos / salam ta’dhim / soho
panjurung pandongo / pamuji./

 Kaping tigo / kulo ngaturaken / sedoyo khilaf / lan ugi kalepatan / ingkang
kasengojo / tuwin mboten kasengojo / saking ujar sak kalimah / lampah tumindak /
ingkang mboten mranani / wonten ing / penggalih panjenengan / linangkung
ingkang nerak / paugeraning agami / soho toto krami / kulo nyuwun / lumunturing /
sih samodro pangaksami./

 Kaping sekawan / kulo tampi / kanthi raos matur nuwun / awit sungkem
pangabektos / salam ta’dhim / panjurung pandongo / lan pamuji / panjenengan /
kejawi saking meniko / kanthi raos lilo / legawaning manah / kulo / ngluberaken
pangapunten / dhumateng panjenengan./

 Kaping gansal / monggo sesarengan / cumadhong / karidhaning Gusti Allah /


ingkang Moho Mirah / Moho Asih / Soho Moho Amiseso / jangat royo / mawantu-
wantu / mugi leneburo / khilaf lepat / soho sedoyo dosa / kulo lan panjenengan
sami./

Minal ngaidin / wal fa izin / taqob balallohu / minna wamingklum / wajangalanallohu / wa


iyyakum / minal maqbulin./

Amin / Ya Robbal ngalamin./

Anda mungkin juga menyukai