Anda di halaman 1dari 7

Dening :

1. Dova Auria W (09)


2. Fitri Dwi Nurlaili (12)
3. Florantika Putri J (13)
4. Kezia Wulandari (18)

XII-MIPA2

Maling Aguna
Ing Desa Sumbermiri ana salah siji sekolah yaitu SMP Sugeng Rawuh. SMP iku
dipimpin denging kepala sekolah kang nduweni jeneng Pak Lukito. Sawijining isuk Lukito
jumangkah mlebu kantor. Lakune digagah-gagahno. Let sedhela pawongan cendek lemu iku
lungguh ana kursi empuk sing bisa mubeng-mubeng lan ngrogoh hape saka sak e. hape dipencet
terus diusap layare anapesen WA mlebu.

Lukito : “Woalah isuk-isuk kok yo wis guyon ae” (maca guyonan saka grub WA)

Kringgggg…… ana telpon mlebu saka bos besar.

Lukito : “Halo bos besar, sugeng enjing”

Bos : “Luk, kowe k iwis ning sekolahan?”

Lukito : “Inggih bos, wonten nopo nggih?”

Bos : “Inspektorat bakal nginvestigasi computer-komputer Lab. Sajake wis mambu aroma
sing kurang beres. Enggal-enggal tumindaka! Barang bukti kuwi kudu diilangake!”

Lukito : “Lohhh!! Saestu bos?”

Bos : “Iyo. Kita kan tuku komputer-komputer kuwi kanthi rego murah tapi ing proposal
katulis rego sing larang. Kita gak oleh sampek keweruh!”

Lukito : “ Tapi komputer-komputer Lab niku sakniki sampun rusak sedaya bos”

Bos : “Mulane kuwi, kita kudu ngilangake komputer-komputer kuwi amprih slamet
sakabehane”

Lukito : “Guru-guru teng mriki uga mendel mawon bos. Kadose kita saget aman”

Bos : “Ora bisa Luk! Nek meneng ae kita panggah bisa keweruh iku ngko”
Lukito : “ Lajeng dospundi bos? Pripun carane?”

Bos : “Kowe kan pinter dadi pikiren piye carane. Pokoke kita kudu pasang kuda-kuda kanggo
nylametake jalatan lan supaya bisa anggone nerusake ngeruk dhuwit Negara”

Lukito : “Inggih bos”

Lukito sing kondang julig terus mikir kepriye carane ngilangake barang bukti mau.
Sawise nyawang plafon kantordheweke nemokake cara. Lukito agahan ngubungi Begog.
Ditelpuni bola-bali lagi nyambung.

Lukito : “Halo, Gog?”

Begog : “Ya bos?”

Lukito : “Lagi ngapa?”

Begog : “Bias abos golek upa”

Lukito : “Mengko awan bisa ketemu aku?”

Begog : “Ana apa bos kok sajake penting?”

Lukito : “Pokoke ana bab sing wigati. Daktunggu ana omahku ya”

Begog : “Jam pira bos?”

Lukito : “Jam lima oke?”

Begog : “Siap bos”

Mulih saka sekolahan, Lukito ngaso sedela samba nunggu tekane Begog. Dienteni
sedhela Begog wis dhodog-dhodog lawang ngarep. Lukito ajek-ajek mbukak lawang lan ngajak
Begog lungguh ing ruang tamu.

Begog : “Ana apa bos kok ngebel aku?”

Lukito : “Ngene Mas Begog, aku butuh pitulunganmu”

Begog : “Pitulungan apa bos? Sampeyan iki lak orang kurang apa-apa. Mobil anyar, gaji
wulanan mesthi, proyek ngiwa nengen,tabungan tumpuk-tumpuk. Arep butuh pitulungan apa
maneh?”

Lukito : “Jenenge wong urip kuwi tansah ana kekurangane. Rak yo ngono ta?”

Begog : “Iya pancen bos. Ning rak beda karo awakku iki. Sesuk mangan apa ora wae ora ngerti”

Lukito : “Aja kaya ngono, kudu tansah syukur mring Gusti”


Begog : “Mulane arep njaluk pitulungan apa bos?”

Lukito : “Mengko bengi Sampeyan mlebuo Lab komputer SMP”

Begog : “Ijen?”

Lukito : “Bisa ngajak kanca sacukupe”

Begog : “Liwat ngendi?”

Lukito : “Nyongkel jendela mbedhah tralis”

Begog : “Lha kok ngono? Kon ngapa iki aku?”

Lukito : “Komputer-komputer ing papan kono lungakno kabeh”

Begog : “Kuwi padha kayak mbalenigaweyan lawas bos”

Lukito : “Beda. Yen biyen Sampeyan colong jupuk kanthi dhedhemitan. Ning saiki kabeh manut
prentahku. Mengko sing nanggung dosa aku”

Begog : “Wah… Jan-jane abot tenan lho bos nglakoni sing kaya kuwi”

Lukito : “Tak kandani Mas Begog. Mulane komputer kuwi kudu ilang saka papane amarga
barang-barang kasebut bakal kanggo bukti yen satemene proyek DAK sing dakcekel akeh sing
nyimpang. Para pejabat padha njaluk bageyan. Aku mung saderma nglakoni lan mung intuk jatah
sing ora sepira. Ning yen komputer-komputer iku nganthi konangan dening sing kawongan,
wahh resikone gedhe. Aku bakal mlebu buwi. Sampeyan mesakne aku apa ora?”

Begog : “Wahhh…. Abot bos”

Lukito : “Aku yakin Mas Begogpinter nindhakake pakaryan iki.yen ora wani ijen, bisa ngajak
kanca. Yen perlu mengko dak sediakno truk kanggo ngangkut komputer-komputer mau. Bab
anggonmu adol, aku pasrah. Mengko bisa diatur mburi. Piye?”

Begog : “Emmm……..”

Lukito : “Aku ora mung prentah. Iki ana amplop isine lumayan. Bisa kanggo sangu Sampeyan
sakanca”

Begog : “Ya bos, tapi aku njaluk jaminan keamanan”

Lukito : “Sesuk bengi ana jagong ing omahe Bu Lili. Kabeh kaluwarga SMP rono. Dadi
sekolahan sepi. Barang-barang bisa diangkut liwat dalan cilik kiwane sekolahan. Truk di parkir
ing dalan gedhe. Aman “

Begog : “Ya bos. Nanging iki sing terakhir yo. Aku wes kapok”
Lukito : “iyo. Mengko dak kancani tobat”

Lukito salaman karo Begog. Amplop coklat uga langsung disaut karo Begog. Sesuke
Begog lan kancane loro nglaksanakake kabeh kanthi lancar manut rancangan. Esuke kabeh podo
geger kelangan komputer. Sekolahe kemalingan. Berita kemalingan uga wis nyebar teko ngendi-
ngendi lan padha gawe ampyak sakabehe wong. Mung siji sing ora gupuh yen satemene
sekolahan mau wis klebu maling aguna. Lukito mung mesam mesem krungu rerasane kabeh
wong sing umyek ngenani kemalingan.

-Cuthel-

Anda mungkin juga menyukai