45. Ing tahun Ehe punika, wulan Mukharam nujoni, tanggal ping wolukang
dina, Jemungah Wage puniki, Alip ingkang lumaris,Kulawumapan anuju,
wektu sahur babarnya, Jeng Sultan ngaturan uning,langkung suka kang
buyut pinundhut nulya.
46. Kangjeng ibu ingkang bekta, prapta ngarsanya sang aji, pinarakneng
Prabayeksa, pan lajeng ngiling ngilingi, Jang Sultanngandika ris, bok ratu
buyutireku, besuk wruhanira, wus karsaningHyang Widi, mapan pinasthi
iya kinarya lampahan.
47. Pan iku luwih lan ingwang, rusake Welonda benjing, wekasanwalahu
alam, marma bok ratu den becik, momong buyutireki, panmituhu
Kangjeng ratu, marma tan kenging pisah lan kang wayahbuyut iki, pan
meningi tigang tahun ingkang yusnya.
52. Kang buyut tan kenging pisah, sinambi winulang iki, langkungkerta
Tegalreja, mapan kabeh tiyang prapti, samya angungsi tedhi,ingkang
santri ngungsi ngelmu, langkung rame ngibadah, punapadene wong tani,
henengena kawarnaha ing Ngayogya.
3. Usia 20 tahun, Pangeran Diponegoro berkelana ke
Pesantren dan di hutan hutan untuk bertapa dengan
menggunakan pakaian yang lusuh sehingga tak ada
yang tahu. Menyamar dengan nama Abdulrohim.
Pelukis: F. SIGIT SANTOSO
Naskah acuan asli:
Pupuh XIV ( S I N O M )
71. Seh Ngabdulrakhin wus tedhak, dhumateng Mesjid Magiri, panarsa salat
Jumungah, mapan nuju samya prapti, sagung kangjurukunci, pan arsa
salat sedarum, kagyat samya tumingal, tanpandung mring gustineki, pan
kumrubut samya salam sedaya.
72. Sabakdanira Jumungah, sagung ingkang juru kunci, mapan lajengsamya
kurmat, ing sa gadhah gadhah neki, dadya nyare sawengi,ing Mesjid
jimatan iku, enjing anulya mangkat, Seh Ngabdurakhimlumaris, turut
lepen ika lajeng minggah arga.
5. Pangeran Diponegoro (Abdulrahim) ditemui sosok Ratu
Kidul di dalam Goa Langse. Kedatangan Ratu Kidul
menimbulkan cahaya terang di dalam Goa, tetapi
Pangeran tidak terusik.
Pelukis: NASIRUN
74. Enjang anulya lumampah, lajeng anede kang wukir, Guwa Langsekang
sinedya, Dirgama wus tan kaesthi, mengkana Sampunprapti, Guwa
Langse lampahipun, Seh Ngabdulrakhim nulya, nengngriku amati ragi,
awetara neng guwa satengah condra.
75. Angeningaken kang tingal, wus sirna sagung kaeksi, Seh Ngabdulrakhim
semana, nging kantun rumekseng urip, uriprumekseng dhiri, dhiri
wangsul urip sampun, kang urip kaya kaya,sampun tan kena winuning,
kawarnaha ingkang ngadhatonSamodra.
76. Ratu Kidul sampun prapta, neng ngarsa Seh Ngabdulrakhim,mapan
pandhang jroning guwa, nging jeng ratu wus udani, lamunSeh
Ngabdulrakhim, lagya suwung ciptanipun, datan kengingginodha, dadya
umatur ubangi, lamun benjang prapteng mongsabadhe prapta.
84. Anyare sedalu ika, enjing pan lajeng lumaris, kondur marangTegalarja,
mengkana pan sampun prapti, lajeng den busanani, KiSarutama puniku,
rineka cundrik ika, henengena ingkang winarni,ing Ngayogya langkung
khathah kang bicara.
1. Mring kang raka boten saged keri, tan tinolih mangko, sarwimuwus
aneng ing wurine, Pangran Dipanagara wus prapti, maranglurung malih,
gya ing ngedrel iku.
2. Ingkang mimis lir pendah grerimis, nging karsa Hyang Manon, tantumama
mring Kangjeng Pangrane, pengraosnya lir sinawuranwedhi, peteng
kukusneki, sendawa kelangkung.
3. Langkung kewran Jeng Pangran tyasneki, mengkana winuwos,ingkang
baris nginggil pangiride, Jendral glis pi ing nglurungwinarni, kang dados
pangirid, nenggih Mayor Daltun
9. Kemarahan Pangeran Diponegoro Nampak di depan Sri
Sultan Hamengku Buwuno IV dengan menjewer kedua
telinga Tumenggung Wironegoro dan menendang
dadanya hingga terjengkang.
Pelukis: HERI DONO
36. Jeng Sultan ingkang winarna, yen marengi kangen iki, waudhumateng
kang raka, nusul mring Selarejeki, mengkanaamarengi, Kanjeng Sultan
prapta iku, kangen dhateng kang raka,Kangjeng Pangeran marengi,
lenggah aneng kulah mileh ingkangtigan.
37. Klangenan ulam wader bang, munggeng sela gilang iki, KangjengSultan
nulya prapta, pan lajeng tumut milihi, kang dherek Pangrankalih, samya
kang raka puniku, Pangeran Suryabrongta, lawanSuryawijayeki, Kanjeng
Pangran sampun karsaning HyangSuksma.
38. Ingkang tyas langkung pracaya, wau dhumateng kang rayi,Kangjeng
Pangeran ngandika, payo Sultan padha ngalih, lungguhing gedhong iki,
Kangjeng Sultan dherek sampun, lawan kalihkang raka, Pangran
Suryabrongta iki, pan kalawan PangeranSuryawijaya.
39. Kangjeng Pangeran ngandika, sarya mesem mring kang rayi,Sultan sun
pajari sira, sakehe ingkang prejangji, duk dhingin alamInggris, mapan
meksih ana ingsun, kedhaton nora nana, ngingkontrak kang ana iki, lan
prejangji pametune kang nagara.
98. Lan sagung pra putri samya, sedalu tan arsa guling, mengamengancatur
ika, lawan kang eyang ngladosi, Raden ayu puniki,danuku, suma kang
sepuh, enjing kundur Jeng Pangran,dhumateng Tegalarjeki, sang dyah
retna amethuk wonten teratag.
100. Ardi Mrapi murub ika, anglir sundhul ing wiyati, kadya
kebyukanNgayogya, kang ngakasa kadi geni, kang suwara
gegirisi,gemleger lawan gumludhug, brama pating pancurat,
kelangkunggeger pan sami, ting kudhandhang ngupados pangungsen
samya.
Pupuh XX Dhandanggulo
5. Lamun ardi ingkang murub iki, lawan obahira kang buntala,mesem Jeng
Pangran duk anon, kalawan aturipun, sagung paraparekan sami, mapan
awerna-werna, mengkana nulyeku, JengPangran nambut sang retna, pan
binekta wangsul marang tilamsami, dumugeken kang karsa.
147. Mapan nuju Sang Nata lenggah pribadi, nging lawan Pun Rata,
Mayor Duktus sowan iki, dhumateng Sri Naranata,
148. Ris haturnya kawula, nuhun karsaji, punapa kang karsa, sampun
lami neng Semawis, prayogi kondur kewala.
149. Lawan lajeng dipun jumenengken benyjing, Sultan Sri Nalendra,
sareng mirsa haturneki, mayor duktus lajeng duka,
150. Heh ta mayor hingsun mulih hapa kardi, lawan maning sira,
nganggo matur marang mami, den jumenengaken Sultan.
151. Pan kejaba wong picak budhek puniki, hiku nora wikan, lamun
Sultan jeneng mami, nadyan picak budheg hika.
152. Kaya huwis weruh sun ratu jawi, gya Kapitan prapta, nusul sowan
mring Nrepati, Sri Nalendra hangandika,
RANGKUMAN