Anda di halaman 1dari 1

ARAN AKU

Anggitane: David Harijono

Diarani manungsa
Bisa awatak segara
Bisa nadhahi samubarang prasangka
Gelem luput lan bisa pilih bener
Mulane beda lawan canthaka

Mung bisa munya satengahing rawa


Tan bisa milih lelendhut lan lumut
Tan bisa mbatang badhekane purnama
Ing ngendi parane angin

Prahu kleyang katut iline banyu


Tak takokna marang watu padhas miring
Marang trembesi ijen
Tapaku tapa ngeli
Awor larahan lan tangise widodari

Dadya sekar maskumambang


Arume aweh endahe kolam tamansari
Nggerus amis bacin ngremuk sukerta
Diarani manungsa awit bisa diwewulang
Sakeh duga prayoga
Nyimpen kabeh durgama
Otot bebayu awatak bajra
kukuh bakuh

dudu
ora
lunyune ilat mencla mencle
urip iki memba warna persis wong ngilo
apa arep nggambar githok punuk?
Ngenthong-ngenthong dewe

Anda mungkin juga menyukai