Anda di halaman 1dari 2

Jenising Tembung kang wus kajlentrehake ana video, yaiku :

1. Tembung Kriya ( kata kerja = verba ), yaiku tembung sing mratelakake solah bawa
utawa tandang gawe (verba tindakan) utawa ngemu teges lumakuning kahanan
(verba proses)
tuladhane : mbalang, nendhang, njiwit, nyuwil ----> verba tindakan
mecah, mbledhos, thukul, kempes, njeblug -----> verba proses
- Aku mbalang jumrah ing Mekkah.
2. Tembung Aran (kata benda = nomina), yaiku tembung kang mratelakake jenenge
barang utawa apa wae kang kaanggep barang
tuladhane : manggis, watu, gunung, kucing, wedhus, sapi, lsp.
- Aku tuku manggis sekilo.
3. Tembung Sipat/tembung kahanan (kata sifat = adjectiva), yaiku tembung kang
bisa mratelakake kahanan (watak) sawijining barang (bab).
tuladhane : mlarat, sugih, sengsara, mulya, beja ----> kahanan
drengki, srei, jail, bombongan, ugungan ---> watak
- Aku kudu wani prihatin supaya bisa urip mulya.
4. Tembung Katrangan (kata keterangan = adverbial), yaiku tembung kang aweh
katrangan marang tembung liya (aran, kriya, sipat(watak/kahanan), wilangan,
katrangan).
tuladhane : arep, durung, arang, kerep, rada, isih, padha, tansah, paling, bisa,
uga, mung.
- Sapa sing sregep nabung bisa sugih, sapa sing ngebreh bisa
mlarat.
5. Tembung Sesulih (kata ganti = pronominal), yaiku tembung kang digunakake
minangka sesulih uwong, barang (apa wae kang dianggep barang)
tuladhane : aku, kowe, dheweke, kowe kabeh, dak-, kok-, di-, iki, iku, kuwi, kono,
ngene, apa, sapa, kapan, pira, sing, sawijining, lsp.
- Aku arep dolan karo kanca-kancaku.
6. Tembung Wilangan (kata bilangan = numeralia), yaiku tembung kang mratelakake
gunggunge (cacahe) barang/uwong/kewan/bab.
tuladhane : siji, loro, telu, sepuluh, satus, sayuta, seprapat, saprotelon, sejinah,
sapasar, setangkep, salirang, satundhun, lsp.
- Aku tuku tahu sejinah regane limang ewu rupiah.
7. Tembung Panggandheng (kata sambung =konjungsi), yaiku tembung kang gunane
kanggo nggandhengake ukara siji lan ukara liyane murih ukara dadi tambah
dawa.
tuladhane : sawise, sadurung, wiwit, rikala, lan, yen, mula, saba, jalaran, lsp
- Aku sinau wiwit esuk nganti sore, jalaran akeh tugas kang kudu
tak garap.
8. Tembung Ancer-ancer (kata depan = preposisi), yaiku tembung kang gunane
kanggo ngancer-anceri papan (tembung aran/tembung sipat)
tuladhane : ing, menyang, saka, kanggo, marang, dening, wiwit, karo, mawa, kaya,
minangka, amrih, supaya, nganti, mangkat, lsp.
- Awake dhewe kudu enggal mangkat.
9. Tembung Panyilah (kata sandang = artikula), yaiku tembung kang dienggo
nyilahake patrap, barang utawa sawijining bab.
tuladhane : si sang, ingkang, kang, sing, para.
- Sang prabu nembe ngenggar-ngenggar penggalih.
10.Tembung Panyeru (kata seru = interjeksi), yaiku tembung kang nggambarake
wedharing rasa seneng, kaget, kuciwa, susah, lan gumun.
tuladhane : adhuh, ah, he, lho, o, oh, nah, wah, hah, heh, huh, hi, sokur, hore,
iyung, walah, tobat, eman, halo, lsp.
- Hore, biji ulanganku apik-apik !

Anda mungkin juga menyukai