Anda di halaman 1dari 8

www.alangalangkumitir.wordpress.

com
Oleh : Mas Kumitir 1

Sabda Pranawa
Program digital ini dikembangkan untuk melestarikan dalam mendukung proses
pelestarian sastra daerah di Indonesia. Hasil dari program digital ini berupa karya
sastra Jawa yang disalin dalam bentuk teks digital format pdf . Semoga tujuan blog
www.alangalangkumitir.wordpress.com adalah menjadi salah satu sumber digital
karya-karya sastra Jawa dapat dibaca, ditelusuri atau diunduh oleh para sutrisna
budaya ataupun masyarakat secara bebas.

Salam asah asih asuh.


Nuwun.
@@@

Angitanipun R.Ng. Ranggawarsita


-- 01 --
Rasaning tyas kayungyun ngayati, lukitaning sekar dhandhanggula, linalar srana
wengane, krentek osiking kalbu, katarbuka weninging budi, kang nedya maharjeng
tyas, sarwi weh pitutur, sumingkir mring para-cidra, myang mirangrong murang ing
reh krama-niti, tinilar ing jro cipta.

Sabda = pangandika, pranawa = padhanging manah, dados tegesipun: Pangandika


ingkang ndadosaken padhanging manah. Menggah gathukipun kaliyan wasitaning
ngelmi, makaten wau winastan: Pangandikaning Allah. Dados wosipun nerangaken
bilih karangan serat Sabda-pranawa (= jangka), punika mendhet wewaton saking
dhawuh pangandikaning Allah. Dene ‘Sabda-pranawa’ wiwit pada 1 suraosipun
makaten:
Larasing panggalihipun Sang Pujangga kasengsem ngadani badhe medharaken
sasmitaning jaman, kanthi rinengga (kaanggit) ing sekar Dhandhanggula, menggah
tuwuhing sasmita wau sampun kalimbang-limbang ngantos dumugi kabukaning raos,
krentek saha osiking manah ingkang sampun tinarbuka manjing kaweningan sarta
padhang pikiranipun anggening badhe sumedya nata karahayoning budi, sarana
piwulang sageda sumingkir saking tindak para-cidra, punapa malih pandamel
piawon, ingkang nyimpang saking patrap kasusilan, sadaya wau sampun ngantos
sumimpen ing manah.

-- 02 --
Den anedya amituhu maring, gaibing Hyang jroning jaman edan, iku wus dadi
karsane, Gusti Hyang Mahaagung, anggung maweh atising kapti, tata-tataning
gesang, kataliwar mawut, ruwete saya andadra, dipun sami nyenyuda ardaning budi,
ulah titising sedya.

Ing salebetipun jaman ewah, kawontenanipun tetiyang kathah ingkang remen goroh
ngapus-apusi sarta bedhangan, kathah tiyang ingkang kuwalik panganggepipun,
pratingkah awon anggepipun sae, tuwin sapanunggilipun. Mugi nggadhahana sedya
ingkang tumemen anggening ngestokaken kaparenging Pengeran ingkang taksih
sinengker, amargi tuwuhing jaman wau, sampun kinodrat (pinasthi) dening Gusti
Ingkang Mahaagung, mila tansah tuwuh lelampahan ingkang damel atising

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 2

kekajengan, tumraping pranatan wajibing gesang sampun mawut ketula-tula,


kisruhing lelampahan saya adadra, awit saking punika dipun sami nyenyudaa
kekajengan ingkang ngambra-ambra, lajeng kaparenga nggegulang pratitising
tekadipun.

-- 03 --
Ngajap maring rahayu ngayemi, ngayomana samining tumitah, ngendhak arda
kamurkane, ngendhangken tindak dudu, den dawaa tumibeng tebih, bablas kentas
anatas, tyasing pra tumuwuh, katarbuka mung anedya, tumindak mring rahayu
anrusing budi, dumadi yogya tama.

Mangesthiya dhateng karahayon ingkang nyrambahi damel asreping manah, sarta


ngayomana sasamining tumitah, punapa malih ngendhakna osiking manah ingkang
adreng tuwin kamurkaning hawa-nepsu ingkang ndadosaken pepeteng, nyingkiraken
tindak ingkang nyimpang ing kaleresan, kaduaa ngantos dhumawah ing tebih, bablas
lebur sadayanipun. Lejeng sagung dumados manahipun sami tinarbuka, lair
batosipun namung sumedya tumindak dhateng karahayon, ing wasana
kawontenanipun dados prayogi sarta utami.

-- 04 --
Beda lan kang pangajaping kapti, ngaji pupung mupung dadi gesang, sadina-dina
den tutke, rubedaning tyas ngumbruk, gung kininthil mung atut wuri, riwut mawut ing
nala, arawat dahuru, korup kaserung tyas growah, wahanane gorohnya saya andadi,
sadaya mung yun cidra.

Beda kaliyan ingkang pangestunipun remen ngaji pupung, mupung taksih geseng ing
sadinten-dinten dipun tutaken rubedaning manah, warna-warni ngantos mgumbruk
kathah sanget, tansah kininthil, namung tut wingking kemawon, tumindakipun riwut
ngantos mowat-mawut gesangipun, manahipun kebak reresah, ketarik saking korup
kadhesek cupeting budi ngagengaken para-cidra, sadaya sami pinter goroh.

-- 05 --
Hang nglayang budayaning urip. Tanpa bayu weyane ndaluya, sacipta-ciptaning
tyase, mung sarwa gidhuh, mbebayani samining urip, budine saya rusak, padone tan
payu, ajine wus ora ana, analutuh pakewuhe saya ndadi, dumadi kasangsara.

Budi-dayanipun kabur ical, badan cape, sepen ing panggraita, ciptaning manah
saben jumedul namung tansah damel gidhuh, lajeng dados ama ingkang bebayani
tumrap sasamining gesang, amargi budinipun saya risak, rembagipun boten pajeng
(awis ingkang pitados), ajining badan sampun boten wonten, jalaran kepatuh ing
piawon, mila pakewedipun sangsaya ndados, ing temahan gesangipun manggih
sangsara.

-- 06 --
Rongeh rungkat utamaning urip, ringa-ringa kari ura-ura, dhandhanggula mrih
agawe, lejar enggaring kalbu, angleluri leluhur nguni, abote dadi gesang, saking
dennya wayuh, wayuh wahyu paringing Hyang, ya bok donya kalawan embok rijeki,
kang sami awratira.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 3

Ing jaman wau manahipun tetiyang sami rongeh (bingung), ical tabeting kautamen,
amung rangu-rangu (samar) kantun ura-ura sekar dhandhanggula kangge nglelipur
supados saged damel pepadhang saha senenging manah, sarana nggegesang
pamanggihipun para leluhur ing kina, saking awratipun dumados gesang, jer sampun
kinodrat dening Pangeran, kedah saged wayuh garwa kekalih, inggih punika Bok
Donya lan Bok Rijeki, punika sami awratipun.
(Katrangan: Bok Donya ibaratipun kasugihan, kadosta: raja-brana sandhang-
pangangge, raja-darbe, garwa putra, tuwin sanes-sansipun. Bok Rijeki ngibaratipun:
Tedha)

-- 07 --
Garapannya langkung gawat rungsit, sami datan kena yen katilar, nanging ta
panggupitane, Ki Pujangga tyasipun, anggung mangu-mangu tan sipi, kalintuning
pamawas, wawasaning kalbu, mring arja mulyaning gesang, saking sruning kataman
ing tyas prihatin, tansah muleting prana.

Garapanipun pancen langkung gawat sarta rungsit, amargi sandhang tuwin tedha
punika boten kenging manawi katilar salah satunggal. Mila panganggitipun Kyai
Pujangga ing panggalih tansah sumelang sanget, bokmanawi kalintu ing
pamawasipun dhateng karahayon sarta kamulyaning gesang amargi katarik saking
sangeting nandhang prihatos, ingkang tansah nggubel ing panggalih.

-- 08 --
Wartanira pra ambek linuwih, wawasaning nala wus tetela, miturut ing kahanane, ran
jaman woah tuhu, keh ngowahi sagung pakarti, pakewuh saya ndadra, sadaya
tumuwuh, mung ewuhaya tyasira, ngeres macek sesambate tanpa uwis, uwas
kaworan maras.

Miturut pangandikanipun para linangkung, mendhet saking wawasaning panggalih


jumbuhipun kaliyan kawontenan sampun saged cetha saestu, nerangaken bilih
badhe tuwuhing jaman, kawastanan jama ewuh, tegesipun ing jaman wau
tumindakipun tiyang kathah ingkang maleset cidra ing janji, lajeng tuwuhipun
pakewed saya ndadra manahipun sagung dumados namung tansah ewuhaya badhe
tumindakipun, kanthi raos ngeres atis sanget kaliyan sesambat melas-asih.

-- 09 --
Sinasaban rahayuning budi, nging dukane jaman sangsayarda, nglimputi sakeh
panggawe, kang maring mbek rahayu, krana saking uwus tan keni, sinirep
kabudayan, budiman martarum, yen durung kala masanya, malah saya maweh
sangsara ngranuhi, wus karsaning Hyang Suksma.

Sanadyan dipun aling-alingana alusing bebuden, nanging katarik jamanipun saweg


kenging deduka, dados tuwuhipun inggih malah sangsaya sanget nglimputi
sakathahing pandamel ingkang tumuju dhateng karahayon, mila inggih boten
kenging kaendhaaken sarana kalangkunganing budi sarta berbudi ambek paramarta,
sadaya wau manawi dereng dumugi ing kala mangsanipun malah mewahi sangsara
kanthi atis, amargi sampun pinasthi karsaning Pangeran.

-- 10 --

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 4

Tatanane mung anggung anggili, panutane ambek angkararda, pikantuk kala


mangsane, wengane sedyanipun, saya cetha nglela kaeksi, limut mring kautaman,
riwut ngawut-awut, watak candhala andadra, udreg-udregan kalawan tyas jail
drengki, weh wimbuh kasangsara.

Tatananing praja tansah lumintu tumrap anggenipun ngagengaken kamurkan kanthi


pameksa, tumindakipun saged kalampahan jalaran nyarengi ing kala mangasanipun,
mila osiking sedyanipun boten mawi ewed pakewed, langkung cetha tanpa tedheng
aling-aling, kesupen dhateng kautamen, tumindakipun para tiyang sami riwut ngowat-
awut tetanggelanipun. Ingkang watek budi candhala makaten wau lajeng kathah
panunggilipun, tansah rame pasulayan udreg-udregan, kaliyan ingkang watek jail
tuwin drengki, jalaran saking meri, ing wasana malah nambahi kasangsaranipun.

-- 11 --
Ing antara laju saya keksi, lelamuking jaman katingalan, rupak rumpil kahanane,
saya dreng weh wulangun, panguripan amorat-marit, sirna tentreming nala, wong
udrasa manggung, gawangan saenggonira, nyenyet samun sesunare sukeng kapti,
tansah kapilet susah.

Kalampahanipun ngantos sawatawis lami saya katingal lamuking jaman,


lelampahaning tiyang langkung mepet tambah rumpil (riwil) tumindakipun, amargi
saya nesek tansah keraos-raos, lampahing panggesangan boten kanten-kantenan,
ical katentremanipun, ing saenggen-enggen kathah tiyang nangis salebeting batos,
anggening tansah gawang-gawangan (katingal cetha) kagubel ing kasusahan,
sadaya katingal nyenyet sepi samun boten wonten semunipun tiyang seneng.

-- 12 --
Kekah kukuh tan kena den ungkih, sangsaraning sagung pra ngagesang, kehing
srana tanpa gawe, kemat isyarat lebur, bubur bubar tan andayani, angles kekesing
nala, sangsaya anglantur, tumutur saparan-paran, mahanani tidhem – tandhaning
dumadi, begjane sing den uja.

Kasangsaranipun kekah boten kenging dipun angkah murih ical, inggih punika
ingkang tumrap tetiyang kathah. Sakathahipun sarana kangge ngicali sangsara wau
sampun tanpa damel, kemat (pengasihan) isyarat sami lebur ing bubur tanpa daya,
dhateng manah ngantos angles kekes, saya dangu saya ngantur ngetutaken
sapurug-purug, wahananipun lajeng damel ical (sirna) sipating kamanusanipun,
begjanipun tiyang ingkang saweg jinurung.

-- 13 --
Dhungkar maring gunung giri-giri, ingkang geneng padha jinugrugan, tan pisan ana
kang nyruwe, wedi yen dipun sretu, yekti kabur kabuncang tebih, wit lagi winong
Dewa, widigdaya punjul, sasaminira tumitah, singa mawas mesthi lebur tanpa dadi,
ndlarung sakarsa-karsa.

Dhungkar gunung giri-giri sarta njugrugi ingkang geneng-geneng, punika ibaratipun


para luhur (priyantun ageng) dipun risak darajatipun utawi panguwaosipun, sarta
ingkang hartawan dipun keruk, ewa dene boten pisan wonten ingkang nyaruwe,
amargi ajrih manawi dipun sertu mesthi kabucal dhateng tanah ingkang tebih, lah

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 5

tiyang saweg winongwong ing Jawata, dhasar langkung digdayanipun ngungkuli para
tumitah, sinten kemawon ingkang ngulat-ulataken badhe damel pakewed mesti lebur
tanpa dados, mila ndlarung sakarsa-karsa.

-- 14 --
Sanadyan kasaranipun boten wonten ingkang wani ngebah-ebah punapa malih
ngentasaken, pancen kekah santosa yektos, mila para prikonca kantun ngraosaken
ngenesing manahipun, ing batos namung gumun, miturut piwulangipun tiyang saged,
kedah ingkang mulat anggenipun ningali tuladan utami, ajrih asiha dhateng Pangeran
ingkang kuwaos nitahaken bumi lan langit, dipun suwuna supados luntur sihipun.

-- 15 --
Supayantuk awas lawan eling, nitekena lelejeming jaman, kang bakal linakon tembe,
yeku sajroning taun, windu kuning kono kaeksi, wewe putih amawa, gaman tebu
wulung, yun kinarya amrajaya, wedhon ingkang idune kaliwat mandi, dadya esuh
sirnanya.

Pinaringan awas lawan enget, sarta nyatitekna dhateng sulak utawi keclaping jaman
ingkang badhe linampahan ing tembe, inggih punika salebeting tahun: windu kuning
(windu kencana = jaman kencana, inggih punika jamanipun manusa sami jejeg adil
netepi jejering kasatriyan. Dene menggah seneng lan nikmatipun kita boten saged
nggambaraken ing angen-angen, namung bangsa ingkang sampun ngraosaken
leginipun jaman kencana kemawon ingkang saged kojah klawan gamblang lan
ceples. Kangge kita kados dene ing masa wau, ing sapunika sampun wiwit katingal
trontong-trontong kados siratipun Sanghyang Sumorot ing wanci bangun (enjing), ing
ngriku badhe katingalipun: Wewe putih, mbekta dedamel tebu wulung, badhe
mrajaya (natoni) wedhon ingkang idunipun ampuh, temahan ndadosaken lebur tuwin
sirna.
(Katrangan: wewe putih = memedi, damelipun ngajrih-ajrihi; putih = suci; tebu wulung
= mbokmanawi: wuluhing sanjata; wedhon = bangsa pethak; idu ampuh = parentah
ingkang mesti kelampahanipun, utawi mesti dipun gega, saminipun = idu geni, punika
tiyang ingkang saweg dipun gega cariyosipun).

-- 16 --
Rasanira wus karasa yekti, kesuk saking panguwasnira, Hyang Mahamulya kang
gawe, ala kalawan ayu, sadayaning tinitah urip, wahyune gya tumiba, barkahe Hyang
Agung, tyasira sagung agesang, kukuh bakuh mbek arja lulus lestari, salamet pra
tumitah.

Tetiyang sampun sami kraos lan rumaos kedhesek dening karsaning Pangeran,
inggih punika ingkang kuwaos damel awon saening tumitah, nunten wahyu
dhumawah sarta angsal barkahing kang Mahaagung, mila manahipun tetiyang sami
santosa sanget, sumedya ambek rahayu, lestari kalampahan wilujeng sadayanipun
para tumitah.

--17 --
Karkating tyas mung nuju maring, sreping nala samining kawula, yuwana sapiturute,
lyan praja samya sayuk, rumeksa mring sakehing urip, mirut larut suranya,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 6

saenggon-enggon mangguh, kajen keringan ing angga, gegarane padha rahayu ning
budi, dumadi arja mulya.

Krenteking manah namung tumuju dhateng kaayeman (katentreman) ing


sasaminipun kawula, tuwin kayuwanan sapiturutipun, liyan praja sami sayuk
anggenipun rumeksa ing gesangipun, kuwanenipun (mengsah) sirna larut, ing
saenggen-enggen manggih hormat, kajen keringan; pawitanipun sami rahayuning
budi, lajeng ndadosaken wilujeng tuwin mulya.

-- 18 --
Tatu-tatu samya tuntum sami, lelarane waluya suh sirna, tyas kang mung prihatin
bae, ginantyan sukeng kalbu, saparan gung weh seneng kapti, tanana ambek arda,
ngantuk nemu kethuk, kang isi dinar kawuryan, suka-suka sagunging para dumadi,
begjane wuwuh prapta.

Tetiyang ingkang ketaton (kecuwan) sami pulih, sakiting manah ical, ingkang tansah
prihatos santun dados bingah, sapurug-purugipun namung damel seneng kemawon,
ambek angkara murka boten wonten, bebasan ngantuk nemu kethuk, tegesipun:
manggih begja boten nyana, warni dinar = raja brana, damel bingahing manahipun
para tumitah (tetiyang kathah), kebegjanipun tansah wewah-wewah.

-- 19 --
Amung padha tinumpukan sami, bandha dunya tanna rinareksa, rerusuh wus sirna
entek, dadya sadayanipun, rajakaya cinancang njawi, tan srana dipun tengga,
salamet lestantun, tan ana kang munasika, durtaning rat wus larut mirut angisis,
sumingkir langkung tebah.

Kasugihanipun bandha namung dipun tumpuk wonten ing griya tanpa dipun tengga,
(dening kertaning jaman), reresah sampun boten wonten (telas), rajakaya sami
kacancang ing njawi tanpa tinengga, ewadene wilujeng boten wonten ingkang
munasika (ganggu damel), piawoning jagad sampun larut sami sumingkir, langkung
tebih.

-- 20 --
Diraning tyas pra durjana juti, sirna gempang gampang gya gumiwang, wewangsone
mung agawe, ayem tentreming kayun, kayuwanan sagunging urip, rep-sirep ardeng
driya, dayane kayungyun, ngayomi ayuning budya, kang budyarja marjaya mring
ambek nisthip, cinuthat tibeng tebah.

Kadibyan (peng-penganipun) durjana tuwin piawon-piawon sirna, gampil maliking


panggraita, namung nedya badhe damel ayem lan tentreming manah, kayuwanan
sadaya ingkang tinitah gesang, kamurkan sirep, kadayan anggenipun manah adreng
kapengin memayu ayuning budi, dende ingkang pancen sampun sae (rahayu)
manahipun sami merangi ingkang gadhah manah nistha, kasingkiraken dhumawah
ing tebih.

-- 21 --
Ninggal maring pakarti lan yukti, teteg tata ngastuti parentah, tansap saregep mring
gawe, ngandhap lan luhur jumbuh, boya ana cengil-cinengil, tut-runtut golong karsa,

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 7

sakehing tumuwuh, wantune wus katarbuka, tyase wong sapraja kabeh mung arjanti,
titi mring reh utama.

Nilar saking pandamel awon, manah teteg (santosa), kanthi tata anggenipun bekti
dhateng pamarentah, sregep nyambut damel, jumbuh (cocog) ngandhap lang
nginggilipun, boten wonten cengil-cinengil, atut-runtut sagolong ing karsa (tunggal
karep) tumrap sadaya titah, wantunipun sampun binuka (angsal wewengan), tetiyang
sapraja sadaya manahipun namung nedya wilujeng tuwin titi dhateng kautaman.

-- 22 --
Ngratani mring saindenging bumi, keh ing para manggalaning praja, nora kewran
nandukake agal lembut, pulih kadi duk jaman nguni, tyase wong sanagara, teteg
teguh-teguh, tanggon rabarang sinedya, datan pisan ngucira ing lair batin, kang
kesthi mung reh aria.

Waradin ngebeki saisining jagad, sakathahing para pangageng nagari ugi boten
kewran nandukaken pandamel agal tuwin remit, dados pulih kados nalika jaman
rumiyin, manahipun tetiyang sanagari, sami teteg-teteg, teguh tanggon, samubarang
ingkang sinedya boten pisan-pisan tilar gelanggang colong playu (medhot banyon),
nanging mantep sanget lair dumugining batos, ingkang kaesthi namung dhateng
tindak tata raharja.

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir
www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir 8

www.alangalangkumitir.wordpress.com
Oleh : Mas Kumitir

Anda mungkin juga menyukai