Tembang Gambuh anduweni arti tambuh, embuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang
awanda mbuh.
- Guru gatrane ana 5, tegese saben pada (bait) dumadi saka 5 gatra (baris).
- Guru wilangane 7, 10, 12, 8, 8. Ing kene bisa dimangerteni gatra kapisan dumadi saka
pitung wanda (suku kata), gatra kapindho sepuluh wanda, gatra ketelu rolas wondo,
lan gatra kaping papat kalian gatra kaping gangsal anduweni wolung wanda.
- Guru lagune yaiku u, u, i, u, o. Guru lagu yaiku tibaning swara ana ing pungkasaning
gatra. Gatra kapisan kudu dipungkasi nganggo tembung kang ndhuweni swara
pungkasan (U). Gatra kapindho dipungkasi swara (U), gatra kaping telu dipungkasi
swara (I), gatra kaping papat dipungksi swara (U), lan gatra kaping lima dipungkasi
swara (O).
Tembang Gambuh kuwi ngggambarake watak pawongan kang sansaya diwasa. Tembang
iki menehi pitutur marang anak putu, patrap lan pangucap bisa nyawiji tur urip ayem
tenterem.
Serat Wedhatama ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Saking kepengine najak
manungsa ora nalisir saka garising Gusti, diajarake manembah mring Gusti kang
kondhang sembah catur yaiku sembah raga, cipta, jiwa, lan rasa.
a. Sembah raga yaiku manembah mring Gusti kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake
prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata. Pakuninan nindakake samubarang
tindak ing ngalam bebrayan iki kng sesambungan karo bebrayan agung.
b. Sembah cipta (kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hwa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi
temen bajal ayem sajroning batin.
MODUL BAHASA JAWA KELAS XI SEMESTER GENAP 3
c. Sembah jiwa (sukma) yaiku ngresiki batin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa
kaleksanan lamun ngulinakake tansah sokur mring Gusti.
d. Sembah rasa iku bisa dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh
mring kekuwasaane Gusti.
Pakaryan 2
Ing ngisor iki bakal kababar ngenani Serat Wedhatama pupuh Gambuh pada kapisan.
Gladhen
Andharna wos surasa Serat Wedhatama pupuh Gambuh pada 1 ing ndhuwur! Anggone
ngandharake migunakake basa Jawa padinan (ngoko alus)!
Crita rakyat inggih punika cariyos ingkang sampun sumebar ing masarakat, ingkang
cacahipun mboten saged kaetang. Umumipun crita rakyat jawa nyariyosaken babagan
kedadeyan tokoh ing sawijining panggenan utawa asal-usule sawijining panggenan.
Piguna crita rakyat kajaba kanggo lelipur uga bisa didadekake tuladha utamane crita-crita
rakyat sing ngandhut piwulang-piwulang becik.
Crita rakyat ngadhahi titikan ingkang benten kaliyan cariyos sanesipun inggih menika:
Jinis crita rakyat miturut William R Bascom punika wonten werni-werni, antawisipun
legenda, mitos, lan dongeng. Ing ngandhap punika badhe dipunjlentrehaken jinising crita
rakyat menika.
a. Legenda
Legenda inggih punika crita rakyat ingkang dipunanggep leres nate kedadosan,
ingkang gayut kaliyan tokoh sujarah, ingkang sampun dipun bumboni kaliyan
keajaiban, kasekten, lan keistimewaan tokohipun. Tuladha legenda yaiku crita Baru
Klinthing, crita dumadine kutha Semarang, crita Gua Kreo, lsp.
Mitos inggih punika crita prosa rakyat ingkang dipunparagani dening para dewa-dewi
utawi makhluk lembut ingkang kedadosan ing donya sanes (kahyangan utawi alam
gaib) lan dipunanggep leres kedadosanipun. Tuladha mitos inggih menika crita
Kanjeng Ratu Kidul ing pesisir kidul, crita Nyai Lanjar ing pesisir lor, lsp.
c. Dongeng
Dongeng inggih punika satunggaling crita ingkang mboten nate kedadosan namung
crita fiksi lan mboten saged dipunlogika. Adatipun nyariyosaken bab keajaiban lan
kasakten para dewa, raja, pangeran, putri, sato kewan, gaman, lan sanesipun. Crita
Lutung Kasarung, Keong Mas, Timun Mas, Ande-Ande Lumut, lsp.
Gladhen
Saben tlatah padatan duweni crita rakyat kang ngrembaka, umpamane crita ngenani
dumadine panggonan, dhusun, lsp. Saliyane kuwi ana uga mitos kang dipercaya dening
masarakat ing wewengkon kuwi. Saka crita-crita kang ngrembaka ing wewengkonmu, coba
gaweya sinopsise. Crita bisa asumber wong sepuh, buku, utawa liyane. Crita digawe mawa
basa ngoko alus!
1. Pangerten Pariwara
Pariwara yaiku piranti kanggo ajak-ajak konsumen supaya tuku barang utawa jasa kang
ditawakake lumantar migunakaken media massa kayata media cithak utawi media
elektronik.
4. Jinis Pariwara
Jinising pariwara, yaiku:
a. Pariwara komersial yaiku pariwara kang ancase nawakake barang (produk) / jasa
(leladen), tuladhane: pariwara sepatu, pariwara sabun, pariwara klambi, lsp.
b. Pariwara kulawarga / uleman pariwara kang awujud ajak-ajak supaya teka ing
pahargyan, tuladhane: adhicara wisuda, palakrama, ambal warsa, kepaten, lsp.
c. Pariwara panjaluk yaiku pariwara kang isine njaluk babagan tartamtu, tuladhane:
lowongan kerja.
Pakaryan 2
Ing ngisor iki kababar saperangan tuladha pariwara kang kerep ditemoni dening masarakat.
Gaweya pariwara kanthi cara digambar lan diwenehi werna! Jinis lan tema kang digunakake
bebas!
Wacan eksposisi yaiku wacana kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab
kanggo pamaos. Tujuwane supaya pamaos oleh informasi kang genep bab sawijininng
objek, sabanjure pangreten pamaos bias mundhak. Mula saka iku, karangan eksposisi
asipat menehi ngerti, aweh pamrayogi (saran), utawa ngandharake sawijining bab.
a. Eksposisi definisi
b. Eksposisi proses
c. Eksposisi klasifikasi
c. Eksposisi ilustrasi (conto)
d. Eksposisi perbandingan lan pertentangan
e. Eksposisi laporan
Ana saperangan bab kang bisa digatekake sadurunge nulis wacan eksposisi yaiku kaya
mangkene:
Pagelaran tradisional yaiku sakabehe wujud pagelaran Jawa, kang awujud teater rakyat,
seni tari, seni karawitan, seni swara utawa tembang, seni pahat, lan seni lukis.
b. Seni Tari
- Tari Klasik (Gambyong, Ayun-ayun, Bedhaya, Srimpi)
- Tari Kerakyatan (Lengger, Ndolalak, Angguk, Jaran Kepang)
c. Seni Instrumental
- Lengkap (Gamelan)
- Sederhana (Gejuk Lesung, Angklung, Calung Banyumasan)
f. Seni Pahat
- Ukir Jepara
g. Seni Lukis
- Batik Tulis
Ing ngisor iki tuladha wacan eksposisi ngenani seni pagelaran Jawa yaiku gamelan. Wacan
kang katulis kalebu eksposisi definisi amarga ing wacan iki kababar ngenani pangerten lan
jinising gamelan.
Gamelan
Ing tanah Jawa gamelan iku sak ageng-agenge piranthi kanggo nyawisake ganding
lan gending. Gunane piranthi iki kanggo ngiringi music pementasan utawa acara ing
gedhe pamirsane. Tuladhane: pementasan kebudayaan jawa, seni pertunjukan wayang,
ketoprak, tarian lan music.
Gamelan Jawa dibedakna ana cacahing werna yaiku soran utawa gending ingkang
volume tabuhan atos. Swaraning gamelan iki kanggo instrument tabuh tempo tanggung
. lan metune swara luwih lembut lan alon-alon. Kekabehing instrument iku ditabuh
nanging sing luwih apik yaiku gender, gambang siter, rebab lan suling.
Ana uga gamelan sing kanggo dumadi upacara adat kang agung, utawa ageng.
Gamelan liyane jenenge sekati lan gamelan nunggang. Segati anggoneKanjeng kiyai
Guntur Madu lan Kanjeng Guntursari. Gamelan iki biasane dinggo acarane maulud Nabi
Muhammad SAW sing diacarake setahun pisan.
Gamelan sing biyasane digunakake ing tanah Jawa nduweni akeh jenis lan cara
nabuh yaiku ana sing volume keras lan ono sing lembut. Jenis-jenising gamelan ana akeh,
saka piranti apa bae sing kang ditabuh lan piranti sing diutamakake ditabuh. Ana gamelan
kanggo pementasan lan kanggo upacara adat, mergo kuwi kula lan panjenengan kudu
ngerti jenis, jeneng piranti gamelan lan manfaatipun gamelan kanggo ngelestariake
budaya jawa.
Gladhen
Gawea wacan eksposisi ngenani salah sawijining seni pagelaran Jawa migunakake basa
padinan!
Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging
purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane
(lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane;
purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita.
1. Purwakanthi swara
2. Purwakanthi sastra
a. Tatas titis
3. Purwakanthi lumaksita
Parikan
Parikan yaiku unen – unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara sepisanan kanggo narik
kawigaten dene ukara kapindho minangka isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong
larik, parikan migunakake purwakanthi guru swara.
Tuladha parikan
a. Bisa nggender, ora bisa ndemung. Bisa jejer, ora bisa nembung.
b. Bisa nggambang, ora bisa nyuling. Bisa nyawang, ora bisa nyandhing.
c. Manuk emprit, menclok godhong tebu. Dadi murid, sing sregep sinau.
Wangsalan
Wangsalan iku unen-unen cangkriman nanging dibatang (dibedhèk) dhéwé. Ukarané ora
persis nanging mèmper waé. Wangsalan ana kang awujud ukara selarik, bisa uga awujud
tembang.
Tuladha wangsalan