Anda di halaman 1dari 5

SERAT WEDHATAMA PUPUH PANGKUR

KARYA KGPAA MANGKUNEGARA IV

Tembang Pangkur ing Serat Wedhatama wonten 14 pada (bait).


Ingkang dipunsinaoni ing semester ganjil menika namung 4 pada
kemawon;
1) Pada 1 (mingkar-mingkuring ukara ....)
2) Pada 2 (jinejering Wedhatama ....)
3) Pada 5 (Mangkono ngelmu kang nyata ...)
4) Pada 12 (sapantuk wahyuning Allah ....)

TUGAS SISWA
#Dikerjakan hari ini (cukup kerjakan di buku tugasnya masing-
masing)
1. Tembang Pangkur Pada 1, 2, 5, & 12 salin ing buku tugas basa
Jawa. Banjur jangkepi (lengkapi) karo tegese (artinya).
(sumber buku Serat Wedhatama/ sumber web ingkang sae)
#Dikumpulkan Minggu Depan (unggah di kelas GC Sinau Jawa)
1. Praktek nembang Pangkur
- saben siswa nembang Pangkur pada 1 (kaya conto audio
tembange Pak Kholis)
- bentuk file rekaman audio
- kirim ing GC kolom tugas Praktek Nembang Pangkur

PUPUH PANGKUR (Pada 1 – 14)


(1)
Mingkar-mingkuring ukara,
akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ilmu luhung,
kang tumrap ing tanah Jawa,
agama ageming aji.
(2)
Jinejer ing Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi sepa lir sepah asamun,
samasane pakumpulan,
gonyak-ganyuk nglelingsemi.

(3)
Nggugu karsane priyangga,
nora nganggo peparah lamun angling,
lumuh ingaran balilu,
uger guru aleman,
nanging janma ingkang wus waspadeng semu,
sinamun samudana,
sesadoning adu manis .

(4)
Si pengung nora nglegewa,
sangsayarda denira cacariwis,
ngandhar-andhar angendukur,
kandhane nora kaprah,
saya elok alangka longkanganipun,
si wasis waskitha ngalah,
ngalingi marang sipingging.

(5)
Mangkono ilmu kang nyata,
sanyatane mung we reseping ati,
bungah ingaran cubluk,
sukeng tyas yen den ina,
nora kaya si punggung anggung gumunggung,
ugungan sadina dina,
aja mangkono wong urip.
(6)
Uripa sapisan rusak,
nora mulur nalare ting saluwir,
kadi ta guwa kang sirung,
sinerang ing maruta,
gumarenggeng anggereng anggung gumrunggung,
pindha padhane si mudha,
prandene paksa kumaki.

(7)
Kikisane mung sapala,
palayune ngendelken yayah wibi,
bangkit tur bangsaning luhur,
lah iya ingkang rama,
balik sira sarawungan bae durung,
mring atining tata krama,
nggon- anggon agama suci.

(8)
Socaning jiwangganira,
jer katara lamun pocapan pasthi,
lumuh asor kudu unggul,
sumengah sesongaran,
yen mangkono kena ingaran katungkul,
karem ing reh kaprawiran,
nora enak iku kaki.
(9)
Kekerane ngelmu karang,
kakarangan saking bangsaning gaib,
iku boreh paminipun,
tan rumasuk ing jasad,
amung aneng sajabaning daging kulup,
Yen kapengkok pancabaya,
ubayane mbalenjani.

(10)
Marma ing sabisa-bisa,
babasane muriha tyas basuki,
puruitaa kang patut,
lan traping angganira
ana uga angger ugering kaprabun,
abon aboning panembah,
kang kambah ing siyang ratri.
(11)
Iku kaki takokena,
marang para sarjana kang martapi,
mring tapaking tepa tulus,
kawawa nahen hawa,
wruhanira mungguh sanjataning ngelmu,
tan mesthi neng janma wreda,
tuwin muda sudra kaki.

(12)
Sapantuk wahyuning Allah,
gya dumilah mangulah ngelmu bangkit,
bangkit mikat reh mangukut,
kukutaning Jiwangga,
yen mangkono kena sinebut wong sepuh,
liring sepuh sepi hawa,
awas roroning ngatunggil.

(13)
Tan samar pamoring Sukma,
sinukma ya winahya ing ngasepi,
sinimpen telenging kalbu,
pambukaning warana,
tarlen saking liyep layaping ngaluyup,
pindha pesating supena,
sumusuping rasa jati.

(14)
Sajatine kang mangkono,
wus kakenan nugrahaning Hyang Widhi,
bali alaming ngasuwung,
tan karem karamean,
ingkang sipat wisesa winisesa wus,
mulih mula mulanira,
mulane wong anom sami.

Anda mungkin juga menyukai