Anda di halaman 1dari 8

Wenehana tanda ping ( x ) ing ngarep huruf A, B, C utawa D sing bener !

1. Kadangku. . . .
Ndonya iki dudu duwekmu
Ndonya iki dudu duwekku
Tembung ndonya tegese yaiku . . . .
A. alam
B. dunia
C. semesta
D. awak

2. Energi mujudake sawenehe bab kang wigati tumrap uripe manungsa ing ndonya, awit sakabehe
wujud tumindak utawa kagiatane manungsa mbutuhake energi. Energi sing asale saka minyak,
mineral alam, lan batubara ora bisa didandani utawa dianyari. Mula, tumrape manungsa ora ana
pilihan kejaba gemi ( irit ), nggunakake energi.
Miturut paragraf ing nduwur, apa jalarane kita kudu gemi nggunakake energi?
A. jalaran manungsa kudu boroske energi sajrone uripe
B. manungsa bisa urip tentrem tanpa nggunakake energi
C. manungsa mbutuhake energi sing ora bisa didandani utawa dianyari
D. jalaran kabeh manungsa iso ndandani utawa nganyari energi

3. Dina minggu wayah liburan, aku lan keluargaku dolan menyang kampung halaman ing Solo.
Aku budhal numpak sepur rame-rame. Tekan solo, aku langsung marani simbah karo nggawa
oleh – oleh jajanan pasar. Aku takon karo simbah, “ apa simbah wes mari maem?”.
Miturut ukara miring ing nduwur, pilihan sing mathuk saka basa ngoko didadikno krama alus
yaiku . . . .
A. “punapa Eyang sampun dhahar?”
B. “apa simbah wes mari mangan?”
C. “punapa simbah wes mari nedha?”
D. “apa Eyang wes mari mangan?”

4. “Werkudara ya Bimasena iku muride Bathara Bayu. Nduweni ajian sepi angin, bisa lumampah
kang bantere kaya parane angin. Werkudara kuwi kendel ngadepi mungsuh. Werkudara satriya
gagah prakosa lan disenengi kabeh wong ”.
Satriya Werkudara iku nduweni watak . . . .
A. dung angkara murka
B. gembeng lan wadulan
C. seneng ngapusi
D. kendel tur wani
5. Jaranan- jaranan, jarane jaran teji,
Sing numpak ndara Bei,
Sing ngiring para mantri,
Jeg jeg nong, jeg jeg gung,
Prok prok turut lurung,
Gedebug krincing gedebug krincing,
Prok prok gedebug jedher.
Nilai budi pekerti apa sing bisa dijupuk saka tembang dolanan “ Jaranan” ing nduwur ?
A. mulang babagan ora ngajeni wong sing duwe posisi luwih nduwur
B. seneng dolanan alat musik krincing
C. mulang babagan tata krama lan ngajeni wong sing duwe panggonan luwih nduwur
D. sing ngiringi seneng numpak jaran

6. Rani sekolah. Penulisane aksara jawa nggunaake sandhangan panyigeg wanda yaiku . . . .

7. Ing ngisor iki, sing kalebu strukture teks narasi yaiku . . . .


A. alur, watake paraga, latar
B. alur, latar, dheskripsi bagean
C. latar,watak paraga,klasifikasi
D. latar, idhentifikasi, dheskripsi bagean

8. Wacanen kang nastiti!


Ing wayah rendheng larahan utawa sampah-sampah mau akhire mbunteti dalan banyu. Ing
kutha-khuta apa maneh. Kalen-kalen ing antarane perumahan iku dadi kebak larahan. Ana
botol plastik, bungkus jajan, tas kresek, godhong, sayuran, lan sapanunggalane.
Pranyatan sing mathuk karo paragraf ing dhuwur yaiku . . . .
A. kalen-kalen ing antarane kutha-khuta iku dadi kebak larahan
B. ing wayah rendheng larahan utawa sampah-sampah mbunteti dalan banyu
C. ana botol plastik, jajan, tas kresek, godhong pelem, sayuran, lan buah-buahan
D. ing khuta - khutha dadi panggonane sampah lan banyu
9. Olehe nata barang mbok sing becik, aja . . . bisa mbebayani.
Tembung saroja sing mathuk kanggo ukara ing dhuwur yaiku. . . .
A. salang tunjang
B. suwuk sembur
C. malang megung
D. tumpuk undhung

10. Wacanen tembang pucung ing ngisor iki kanthi nastiti kanggo mangsuli soal nomer 10 lan 11!
Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung,
dawa kaya ula,
pencokanmu wesi miring,
sing disaba si pucung mung turut kutha.
Batangane tembang ing dhuwur yaiku . . . .
A. tasbih
B. sepur
C. kalung
D. ali –ali

11. Guru wilangan lan guru lagu tembang pucung gatra ke telu ing nduwur yaiku . . . .
A. 12a
B. 12u
C. 8i
D. 6a

12. Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger amarga akeh
tanduran sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan, rambutan,
pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak . Ing emper ngarep omah ana tanduran
kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram –siram kembang. Gandane semribit wangi.
Paragraf ing dhuwur kalebu paragraf . . . .
A. deskripsi
B. narasi
C. eksposisi
D. persuasi

13. Untune . . . dhasar rupane putih, yen mesem katon manis


Tembung panyandra sing mathuk gawe ukara ing dhuwur yaiku . . . .
A. nanggal sapisan
B. mucuk eri
C. ngembang bakung
D. miji timun
14. Wacanen kang nastiti teks ing ngisor iki!
Werkudara tansah mbangun turut dhawuhe Ibu Kunthi lan sesepuh liyane. Setya lan
bekti marang Gurune, Resi Durna. Amarga becik bebudine, kuwat santosa tur sekti
mandraguna, Kurawa dadi gething banget lan uga wedi marang Werkudara. Mula saka iku bola-
bali Kurawa lan Patih Sengkuni gawe cilakane Werkudara. Kurawa tansah culika, kepengin
merjaya Werkudara supaya luwih gampang ngalahake Pandhawa. Nadyan dipiala, ora malah
sengsara nanging kosokbaline, Werkudara tambah santosa lair lan batine.
Pesan moral kang ana ing pethikan crita wayang ing dhuwur yaiku . . . .
A. Sapa kang tumindak culika bakal santosa lair lan batin
B. Sapa kang tumindak becik bakal tambah santosa
C. Sapa kang becik bebudine bakal sekti mandraguna
D. Sapa kang tumindhak ala bakal cilaka

15. Ukara aksara jawa sing nganggo pasangan wutuh ing ngisor iki yaiku . . . .

16. Ing ngisor iki sing kalebu ciri – cirine teks persuasi yaiku . . . .
A. isine ngajak utawa narik kawigatene, ngyakinake lan isine bisa ngajak sing maca
B. isine ngadharake fakta, kamuat ing media cetak utawa elektronik, lan isine dadi bahan
omongane masyarakat
C. cerita ing njerone nyeritaake, nggambarake lan njelasake samubarang.
D. isine ngajak lan ngelingake

17.

Miturut jenise, gambar ing dhuwur iku kalebu . . . .


A. pariwara
B. slogan
C. pamflet
D. baliho
18. Gambar ing ngisor iki kang kalebu jenise sesanti yaiku . . . .
A.

B.

C.

D.

19. Pancen Ampuh Pancasila


Mratandhani tunggal budi pekerti,
Iku prajanjian luhur,
Urip trentrem raharja,
Kanggo pandom guyub rukun trus ambangun,
Uga dhasaring ing Negara
Paugeran kang wigati

Miturut paugeran tembang Pangkur ing dhuwur akehe gatra ana . . . .


A. 10
B. 9
C. 8
D. 7
20. Negriku Indonesia
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji
Nunggala ingkang den ginayuh
Karaharjaning bangsa
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur
Murah sandhang lawan pangan
Karukunan kang jinagi

Tembung nyawiji ing dhuwur tegese . . . .


A. tentrem
B. nyatu
C. merdeka
D. misah

21.
Mingkar mingkuring angkara

Akarana karenan mardisiwi

Sinawung resmining ....

Sinuba sinukarta

Mrih kertarta pakartining ngelmu....

Kang tungrap wong tanah Jawa

Agama ageming aji

Rampungna titik- titik tembang pangkur ing dhuwur !

A. angkara, luhung
B. luhung, kidung
C. kidung, luhung
D. luhung ,angkara

22. Gupuk pulut ora mangan nangkane, paribasan iki tegese . . . .


A. melu rekasa nanging ora melu kepenak
B. melu reget nanging mung reged wae
C. melu kena regede ora melu mangan
D. gupak reget ora melu ngapa-ngapa
23. Omongane mung abang – abang lambe. Abang – abang lambe tegese . . . .
A. omongane gampang molah malih
B. guyone malah dadi susah
C. omongane mung kanggo lamis –lamis
D. nyela – nyela wong ngomong

24. Paijan kae uripe nelangsa amarga kakean anak, kaya kebo . . . sungu.
Ukara seng mathuk kanggo jangkepi ukara ing dhuwur yaiku . . . .
A. duwe
B. kelangan
C. nusu
D. kabotan

25. 1. sega sakepel dirubung tinggi


2. anak gajah numpak becak,ketok apane ?
3. burnas kopen
4. bosok malah enak
Sing kelebu cangkriman cekakan/wancahan yaiku nomor . . . .
A. 1
B. 2
C. 3
D. 4
26. Cebloke mengisor, sing digoleki mendhuwur. Batangane yaiku. . . .
A. andha
B. prau bocor
C. gentheng bocor
D. benik
27. Bapak pucung . . . .
Sabane ing sebrang
Titihane sri Bupati
Yen lumaku si pucung lembehan grana
Ukara sing mathuk kanggo jangkepi cangkriman ing dhuwur yaiku . . . .
A. renteng – renteng kaya kalung
B. mlungker dudu kalung
C. bunder – bunder saka pohung
D. dudu watu dudu gunung
28. Phidato ing ngisor iki sing kalebu phidato resmi yaiku . . . .
A. “kula minangka sesulih saking siswa kelas VI, ngaturaken ageng panuwun ingkang tanpa
upami dhumateng Bapak Ibu Guru, ingkang sampun maringi katresnan dateng kulo
sakanca.”
B. “ingkang kinurmatan Kepala Dinas Pendidikan kota Probolinggo, ingkang sampun
nyengkuyung Budaya Jawi kanthi adicara punika. Ingkang kinurmatan sedaya dewan juri
lomba pidato basa jawa ingkang kula hormati.”
C. “salah sawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi
lingkungan kang layak kangge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa.”
D. “kula minangka ketua panitia acara bazar menika, ngaturaken agungin pinuwun
dhumateng para warga ingkang sampun purun rawuh ing acara menika.”

29. “ Cekap semanten atur kula, menawi wonten klentunipun atur kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum”.
Ukara iku ing pidhato kalebu . . . .
A. panutup
B. salam pambuka
C. isi
D. purwaka
30. Gatekne tabel ing ngisor iki !

Pasangan sing bener antarane metode pidhato karo pangerten yaiku . . . .

Pasangan sing bener antarane metode pidhato karo pangerten yaiku . . . .


A. 1 – D , 2 – B, 3 – A, 4 – C
B. 1 – C , 2 – A, 3 – D, 4 – B
C. 1 – C , 2 – B, 3 – C, 4 – D
D. 1 – D , 2 – A, 3 – B, 4 – C

Anda mungkin juga menyukai