Anda di halaman 1dari 4

A.

TEMBANG MACAPAT
Tembang macapat yaiku tembang kang diwaca papat-papat utawa tembang wasoan kang
papat. setiap tembung macapat itu ada aturan masing-masing. mace,m-maceme tembang
macapat antarane : sinom, pangkur, pucung, kinanthi, mijil, durma, maskumambang lan
liyan liyane. Panugarane (aturan) tembang macapat iku ana telu yaiku:
1. Guru gatra yaiku cacahaing gatra ing saben sapada ( banyaknya jumlah baris dalam satu
bait)
2. Guru lagu yaiku dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra (Huruf vokal
terakhir dalam setiap akhir baris)
3. Guru wilangan yaiku cacahing wanda ing saben gatra ( jumlah suku kata dalam setiap
baris)

Tuladha macapat (contoh)

Pangkur

Mingkar-mingkuring ukara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining gelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji

Guru gatra = 7 baris


Guru lagu = a, i, u, a, u, a, i
Guru wilangan = 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8
Tembung macapat pangkur nduweni watak sereng (kasar)

Contoh lainnnya silahkan dipelajari dibuku pepak

B. UNEN WUJUDE ANA TELU


1. Paribasan
Paribasan yaiku unen kang ajeg panggonane, mawa teges entar (kiasan) lan ora ngemu
surasa pepindhan. Contoh (tuladha):
1. Adigang adigung adiguna tegese ngendel ngendel kekuwatane, kaluhurane, lan
kepintarane.
2. Ana catur mungkur tegese ora gelem ngrungokake rekasaning liyan kang ora
prayoga
3. Becik ketitik ala ketara tegese kabeh penggawean kang becik lan ala bakal
konangan
4. Ing ngarsa sung tuladha tegese sifate pemimpin bisa dadi tuladha
5. Sapa nandur bakal ngunduh tegese sapa wae sing tumindak ala marang wong liyo
bakal diwales degsiya uga.
6. Kakehan gludhug kurang udan tegese akehe omonge tapi ora ono nyatane
7. Kebo nusu gudel tegese wong tuwo njaluk wuruk wong enom
8. Ana gula ana semut tegese Panggonan kang ngrejekeni mesthi akeh sing nekani

Contoh lainnnya silahkan dipelajari dibuku pepak

2. Bebasan
Bebasan yaiku unen-unen kang ajeg panggonane mawa teges entar lan ngemu surasa
pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge
Contoh (tuladha) :
1. Kocak tandha lukak tegese wong kang sugih omong pratandha durung akeh
kawruhe
2. Ngubak- ngubak banyu bening tegese nggawe kerusuhan ing kang tentrem

Contoh lainnnya silahkan dipelajari dibuku pepak

3. Saloka
Unen-unen kang ajeg panggonane lan ngemu surasa pepindhan, dene sing ngemu
surasa pepindhan iku wonge, lan iso anggo pepindhan kewan utawa barang.
Contoh (tuladha):
1. Gajah ngidak rapak tegese wong kang nglanggar wewelere dhewe
2. Lahan karoban manis tegese wong bagus utowo ayu rupane tur becik bebudhene

C. TULADHA (CONTOH) TEKS INFORMASI


1. Teks pawarta
2. Teks pariwara (iklan)
3. Teks sesanti / slogan

1. TEKS PAWARTA (BERITA dalam bahasa jawa)


Pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining
panggonan sing bisa dicawiske liwat bentuk cetak, siaran, internet, utawa lisan marang
wong ketelu utowo akeh. Teks pawarta nduweni isi ngenani fakta utawa kedadean
nyata. teks pawarta kuwi diandharake nggunakake pedhoman : Apa, sapa, kapan, nang
endi, kepriye lan kena apa. Ciri utawa titikane teks pawarta yaiku Isine ngenai fakta/
kedadeyan nyata, kamomot ana ing media cetak lan elektronik, isine pawarta sing lagi
dadi bahan omongane masyarakat.
Contoh teks pawarta :
Kecelakaan segara bali kedadean neng parangtriris, dina Minggu (19/11/2017),
sekitar gebug 13.00 WIB. Kecelakaan niki nimpa telu bocah wadon yaiku Nicky (15),
Marini (38), lan Sunarti (39), ketelune warga sragen, Jawa Tengah.
Kronologi kedadaean kawitan pas rombongan keluarga saka sragen tengah
plesiran neng Yogyakarta lan adus neng pantai parangtritis. Saking dolanan banyu,
ketelu korban ora eling nglangi menyang tengah nganti palung laut.
D. WACANA
Wacana bahasa jawa ana lima antarane :
1. Wacana narasi : tulisan / karangan kang isine crita
Contohne
Jam enem Darmi mangkat enyang pasar arep kulakan. Teane ngisor wit trembesi
dicegat Darmo lan dijaluk dhompete. Darmi mbengok, Darmo bingung terus njupuk
watu dithuthukake sirahe Darmi. Darmi tiba klenger, dipindhoni dithuthuk watu maneh.
Ngerti yen Darmi mati. Darmo mlayu ngiprit.
2. Deskripsi : jenis tulisan/ karangan kang isine nggambarake (keadaan) kahanan
panggonan, wong, utawa watak
Contohne
Lemari wes kelir klawu, kang mapan ana pojok kantor guru, wis rusak. Lawange
wis ora bisa diinepake, tur teyengan sisan. Rak-rakane yaw is padha peyok. Mula yaw is
ora kuwat nyangga buku-buku utawa piranti liyane kanga rep disimpen ana kono.
3. Eksposisi : tulisan / karangan kang isine jlentrehake (memaparkan), biasane ana
tabel, gambar utawa grafik, bisa saka hasil penelitian utawa statistic
Contohne
Gedhang utawa pisang iku sing thukul nglompok ing daerah tropis. Tandhuran
gedhang kagolong kaluwarga Musaceae. Ana pirang jenis gedhang sing warnane werna
werna, ananging meh kabeh sing didol ing pasar utawa supermarket warnane yen wis
mateng lan rupane nglengkung. Gedhang akeh ngandung kalium. Kembang gedhang
diarani jantung.
4. Argumentasi : tulisan / karangan kang isine menehi panemu (pendapat) supaya sing
maca yakin / percaya, biasane ana pendapat/ refrensi/teorine wong ahli
Contohne
Ngombe alcohol sajroning wektu kang suwe bisa ndadeake tiwas amarga
keracunan utawa kacilakan. Ing Amerika serikat saben tahun 25.000 luwih wong mati
amarga kacilakaan lalu lintas awit nyopir kanthi mendem. Luwih saka 150.000 jiwa
tumindak kasar klebu nglalu, amarga mendem. Biasane uga wong kang senenge
mendem wonge gampang nesu, awake rusak, pikirane cethek lan seneng sakarepe
dewe.
5. Persuasi : tulisan/ karangan kang isine ngajak-ngajak utawa narik kawigatan.
Tuladhane persuasi antarane iklan, kampanye, propaganda lan selebaran.
Ciri – ciri mligine (ciri khusus) wacana persuasi:
a. Mbudidaya supaya pada sarujuk
b. Proses supaya wong percaya lan bisanampa apa kang dikarepake kang nulis
c. Tansah ngendhani dredah

Anda mungkin juga menyukai