Anda di halaman 1dari 2

Unsur Batin Geguritan

Unsur-unsur kang kinandhut(terkandung) ana sajroning geguritan diarani unsur batin.


Ing ngisor iki bab-bab kang kalebu unsur batin geguritan.

 Tema,
tegese punjere(inti/pokok) bab kang ana sajrone(didalam) geguritan. Utawa
gagasan pokok kang dikarepake panulis/penyair.
Tuladha tema: sosial, moral, politik, agama, individu, lan sapiturute.

 Rasa
Tembung-tembung(kata) kang dianggo ana sajroning geguritan nduweni
teges(arti) lan nduweni fungsi kanggo nyiptakake(menciptkan) rasa-
pangrasa(perasaan). Rasa-pangrasa(perasaan) kuwi kayadene(seperti): simpati,
empati, antipati sedhih, susah, seneng, kangen, gumun, lan sapiturute.

 Nada/lagu
Tegese patrap (sikap) sing digunakake ana sajroning geguritan. Tuladha:
ngguroni(menggurui), nuturi(menasihati), ngenyek(menghina), muji(memuji),
nyemoni(menyindir), utawa patrap(sikap) liyane.

 Suasana
Tegese kahanane(keadaan) batin/jiwa pamaos(pembaca) sawise maca
geguritan. Dadi, geguritan nduweni tujuan kanggo mbangun suasana batin
pamaos(pembaca) geguritan.

 Amanat
Tegese bab kang pengen diwedharake(disampaikan) penyair/panulis
marang pamaos(pembaca). Amanat kuwi ora tinulis kanthi tersurat ananging
sinandhi(tersembunyi) ana pangrakiting(rangkaian) tembung-tembung utawa
diarani tersirat.
KAMUS MINI
Kinandhut : Terkandung
Punjer : Inti/Pokok
Sajrone : Didalam
Rasa-pangrasa : Perasaan
Nyiptakake : Menciptakan
Kayadene : Seperti
Ngguroni : Menggurui
Nuturi : Menasihati
Ngenyek : Menghina
Muji : Memuji
Patrap : Sikap
Kahanan : Keadaan
Pamaos : Pembaca
Wedharake : Menjelaskan
Sinandhi : Tersembunyi
Pangrakiting : Rangkaian

Anda mungkin juga menyukai