Anda di halaman 1dari 2

PEMBERONTAKAN PERMESTA

XII IPA 2 -- Kelompok 6


Anggota:
-Vanessa Christabel (33)
-Felicia Aurelia (12)
-Michelle Christabel (26)
-Jethson Edbert (21)
-Matthew Jason (25)

Ing 26 Desember 1956, Dewan Banteng sing dadi Dewan Perjuangan dibentuk.
Tujuwane yaiku kanggo nuntut pemerataan pembangunan pusat lan daerah.

Ismail Lengah: Kaya apa sing kene weruh lan kene sawang, pembangunan daerah iki
ketinggalan adoh saka pulau Jawa. Nanging pemerintah masih ora nggawe kebijakan
kanggo masalah iki.

Ahmad Husein: Yo, setuju kuwi! Awake dhewe kudu bisa ngubah nasib daerah iki supaya
ora terbelakang. Ing endi keadilan rakyat, pembangunan wae isih ora rata!
Ismail Lengah: Awakmu sing wenehi woro-woro, ya. Umumna ing endi wae supaya pada
weruh suara hati rakyat.

Ahmad Husein banjur ngumumake Dewan Perjuangan sing wis resmi dibentuk
kuwi nanging ditolak mentah-mentah karo Soekarno.

Ahmad Husein: Dina iki wis resmi dibentuk Dewan Perjuangan. Iki kanggo nyuarakake
hak rakyat! Pembangunan iki kudu rata! Aja mung ing pusat wae! Daerah-daerah cilik iki
ya butuh pembangunan!

Soekarno: Ora setuju! Apa wae kedadeyan e pemerintah ora bakalan setuju.

Hal iki nggawe anggota Dewan Banteng nesu, awake padha banjur wenehi
ultimatum kanggo pemerintah pusat. Nanging pemerintah pusat isih nolak. Amarga
kuwi, Dewan Banteng nggawe Pemerintahan Revolusioner Republik Indonesia
utawa PRRI lan Permesta tanggal 2 Maret 1957. Soekarno diwenehi weruh karo
Perdana Menteri Djuanda

Lahade: Piagam Permesta! Kanthi ngyakinake kabeh pimpinan lan masyarakat, awake
dhewe ora nglepas diri saka Republik Indonesia, awake dhewe merjuangake perbaikan
nasib rakyat Indonesia dan ngrampungake bengkalai revolusi Nasional!

Sumual: Dina iki resmi dibentuk Pemerintahan Revolusioner Republik Indonesia, amarga
pemerintah pusat ora wenehi kebijakan hak rakyat! Permesta iki dudu pemberontakan
nanging deklarasi politik. Awake dhewe mung nuntut pemerataan pembangunan, nanging
pemerintah banjur ora gelem peduli karo nasib daerah liyane. Ing endi hak rakyat?
Nalika iku..
Perdana Menteri Djuanda: Lapor, Pak. Dewan Banteng nembe mawon ndamel
pamarintahan enggal asmanipun PRRI lan Permesta.

Soekarno: Apa?! Ora bisa dijarna wae iki. Iki jenenge pemberontakan! Wong-wong kuwi
mesthi arepe misah saka NKRI. Kerahna pasukan kanggo numpas lan nangkep mereka
kabeh!

Perdana Menteri Djuanda: Nggih, Pak.

Soekarno banjur ngerahna pasukan militer Angkatan Darat, Laut, lan Udara
kanggo nglakokake penumpasan lan nangkep tokoh PRRI Permesta kuwi, yaiku
APRI utawa Angkatan Perang Republik Indonesia. Pengerahan pasukan iki
dijenengi Operasi 17 Agustus, dipimpin karo Kolonel Ahmad Yani. Operasi iki
nggawe anggota PRRI nyerah ora nganggo syarat amarga mangan korban akeh
saka PRRI Permesta. Nanging isih ana pemberontakan, iki berasa dijajah karo
negarane dhewe. Operasi iki baru dinyatana selesai amarga Ahmad Husein nyerah.
Upaya paling trakir yaiku Operasi Sadar, kanggo nuntaske pemberontakan.

Soekarno: Apa sing kalian lakokna iki, tetep wae kalebu pemberontakan. Nanging kanggo
mantan anggota PRRI Permesta, pemerintah wis setuju wenehi kesempatan kanggo bali
ing pangkuane NKRI lan wenehi amnesti.

Sawise iku, aksi PRRI Permesta dinyatake buyar lan rampung. Daerah-daerah sing
mulane dipertahanake karo PRRI Permesta kuwi ya wis balik kalebu wilayah
NKRI.

Anda mungkin juga menyukai