Cerpen Jawa

Anda mungkin juga menyukai

Anda di halaman 1dari 4

PLAGIAT

Sawijinig wengi kang padang akeh lintang lintang sing podo semebar ono ing nduwor
langit lan rembulan seng wes meltek ombo ngarai ayeme ati wong sing podo ningali.Sinar
rembulan sing melbu nang sela sela cendelo kamar ing salah sijine asrama pondok pesantren
seng dijenengi AL IKHLASH,Pondok sing ono ning pesiser segoro pinger elor luweh pestine
ono ing kota Gersik.Pondok seng nduweni santri sekitar 150 uwong ngadek megah bagunane
lan setiap gedong podo tingkat telu kabeh.Wayah iku santri santri podo antri mundut mangan
ten dapur pondok,wektu iku antriane dhowo bange, arek arek podo sibuk antri,kejobo fitri
bocah kelas 3 smk asli soko tuban seng nglamun ningali arek arek seng podoh rebutan
mundut mangan.dadak an teko ngguri ono seng ngageti fitri “doorrr,,,mbak.e lapo nglamun
nang kene dewe, gak mundut mangan ta?? Mangke telas lhoo,!!” suworone pi’ah konco sak
kamare fitri,amergi umure pi’ah luweh enom tinimbang fitri lan pawakane seng cilik deweke
nyelok fitri mbak lan fitri nyelok deweke dek.”ehhh dekk,,,bocah kok ngageti wong wae!!”
jawabe fitri,”hehehe,,ngapunten mbak,samian iku lapo ngalamun ng kene??””wonten
masalah ta?”pitakone pi’ah.”mboten nopo nopo dek” jawabe fitri cekak.”nggeh pun,,tak
tinggal nggeh mbak”kale mengsem nang pingere fitri.”nggeh..” jawabku.antriane suwe suwe
sepi akhire fitri mundut mangan lan mangan ten kamar bareng konco koncone.

Bengi iki arek arek podo sibuk sinau amergi sesok wes ujian diniah utowo disebut
ujian pondok.Ono seng moco kitab nang pojokan bantal,ono seng ngapalno imriti ( nandoman
tentang pelajaran nahwu lan wes gak asing kango bocah seng wes tau mondok),kecobo fitri
seng lagi sibuk dewe moco komik nang ngarep lemarine.”Fit, gak sinau ta?mene wes ujian
lohh,,,!!”pitakone sela konco sak kamar fitri seng paling akrep dewe karo fitri amergi cae sak
deso karo fitri lan kaet cilik wes bareng fitri terus.”wess,,,gampang sesok wae aku sinau,nek
samian ape sinau nang sinau..!!aku arep moco komik iki disek”jawabe fitri,”yowes sak
karepmu,,aku pe sinau disek”.omonge sela.”nggehh..”jawabe fitri.sakwise iku fitri
ngelanjutno olehe moco komik lan sela sinau.sak marine iku arek arek banjur turu.

“Kukuruyuuuukkkk,,,,”suwarane pitek jago seng nandakno bocah bocah kudu nang


enggal enggal tangi saking turune.Fitri lan konco koncone podo antri adus nang kolah seng
ono nang njero kamar.Sak marine iku fitri langsung budal nang mushola nindakake sholat
subuh.Sakmarine iku fitri lan konco kocone podo bali nang kamar.Sakdurunge melbu kamar
fitri ketemu umma seng lagi bareng karo titin.
“kepiye umm wes nyatet ta?”

“sampun fit,,wes siap kabeh,”

“yowes,,!”karo mengsem

Jam wes nunjukno jam 07:00 wektune budal ujian.Fitri lan konco koncone podo siap
siap lungo menyang lapangan nang ngarep pondok,sakwise santriwan lan santriwati kumpul
nang lapangan sedoyo banjur maos doa bareng bareng seng dipimpin kale satungaling santri
lanang,sak marine doa arek arek melbu nang ruangan ujianne dewe dewe.Fitri lungguh
bangku paling mburi lan umma karo titin pangon nang ngarep.karo ngenteni gurune
melbu,poro santri pada sinau disik,lan podo bingung uga nderedeg.Nanging fitri tenang
banget ,deweke ora sinau blas,deweke,ngandelno yen bakal ngerpek wektu ujian.sak
menika,konco sak kelase fitrising jenenge titin njejeri fitri.

“Fit,awakmu gak sinau ta?”takon titin marang fitri

“gak”jawabe fitri cekak

“Awakmu gak wedi ta,mengko gak iso ngerjakno?...sawangen !! kabeh podo sinau”
pituture titin karo nunjuk nang bocah bocah.

“Rungoke,mengko yen aku ora iso ngerjakno ,aku bakal mbukak buku
gampangkan.!!”

“tapi engko kuwi wayahe bu saroh seng njogo,,”

“halah,,awakmu sengaja tah ngomong ngono cek’e aku gak takon awakmu,sdng tenan
tin,aku gk bakal nyonto awakmu”

“Ora ngono fit,,tapi sampek kapan awakmu bakal koyo ngene??nek awakmu nandelno
kerpekan terus,,kapan pintere??”titi nyawang fitri karo ngatukno alis.

“Wes,awakmu ora usah nyramahi aku.aku seng ape ngerpek lapo awakmu seng
repot?”

Diomongi fitri koyo ngono ,sak menika titin langsung pindah nang bangkune amerga
titin wes murup,gak suwe bu saroh melbu karo njengureng karo ngowo lembar ujian.Bu saroh
kuwi guru sing terkenal keras banget tinimbang guru liyane,mangkane poro santri isih iso
mbantah guru liyane nanging gak iso lan gak wani mbantah bu saroh.Gak suwe banjur bu
saroh mbagi lembar ujian marang bocah bocah.

Bocah bocah wes podo siap ujian amerga sakdurunge wes podo sinau nanging fitri
katon ndredeg,bingong,lan wedi banget, sing biasane dheweke iso ngerepek amarga gurune
kalem banget nanging dheweke saiki gak iso ngerepek amarga wedo kaweruhan ubu syaroh.

“ Haduuuh.. piye iki ? seng njogo bu saroh, aku gak bakal iso ngerepek ning yo aku
gak sinau blas pisan.” Fitri nggeremeng nak jero ati.

Dheweke katon gugup banget bocah bocah wis podo njawab soal, ana sing wis
njawab5,6,8 lan sapiturute nanging fitri durung iso jawab soal blas. Lembar ujian,e iseh
kososng gak suwe bocah bocah wis ana sing mari, banjur dikumpulna nang meja guru, fitri
ora bias jawab soal blas amarga dheweke diwanek wanekno buka buku karo meneng meneng
fitri buka buku didelikno nang niso mejo, amarga dheweke wis nemu jawabane dheweke
langsung nulis jawabane nang lembar ujian, sangking enake dheweke ngerjakno dheweke gak
sadar yen bu saroh ana ing burine, bu saroh ngerohi fitri ngerepek banjur bu ssaroh nggayoh
lembar ujiane fitri,

“ lho bu… durung mari !” fitri noleh nang bu saroh karo kaged

“opo?? Durung mari? Wes mari ngerpek sakmono suwene ijek durong mari !!” Bu
saroh ngoceh karo mendelengi fitri.Nangig fitri meneng wae, deweke katon wedi lan ndredek
banget, deweke ora iso omong opo opo,

“Rungokkee,,!!! Wong tuo mu ngeterake awakmu mondok amergo pengen awakmu


iso dadi bocah sing apik, karepe wong tuo mu yen awakmu muleh awakmu bakal dadi wong
si g ilmune manfaat lan barokah, nanging yen awakmu koyo ngene pada uga awakmu ora
jujur, ape dadi opo awakmu?? Percuma awakmu ngerpek ,awakmu iso ngerjakno ujian
nanging ilmu mu ora bakal manfaat lan barokah, ning awakmu yo bakal ngawe wong tuomu
kecewa, awakmu bakal ngawe wong tuo mu ngasa salah ndidik awakmu, padahal iki
kesalahanmu dewe,,!!” Bu saroh mendelengi fitri.

Fitri muduna sirahe gak dirasa tibak.e meripate ngeluh deweke sedeh banget
ngrungokake omongane bu saroh , deweke sadar yen omongane bu saroh kuwi bener, deweke
ora iso mbanggakno wong tuone, ning malah ngawe wong tuone kecewa. Sakmarine ujian
bocah bocah podo metu teko kelas.nanging fitri isih lungguh nang panggone karo nglamun,
banjur diparani karo titin.

“fit…” titin nyelok fitri karo nablek pundake fitri. Banjur fitri langsung ngrangkul
titin karo nanges deres banget.

“wes wes…. Ora usah dipiker fit,,, pokok’e kejadian mau gawe’o pengalaman, saiki
wes ora usah ngrepek maneh,” tuturane titin karo ngelus elus sirahe fitri.

“Aku nyesel tin,,, nyesel banget!! Ucapane bu saroh kuwi bener, aku percuma
ngerpek, mance iyo nilaiku apik nangeng ilmuku yo gak bakal barokah lan manfaat.” Fitri
matur karo sesenggukan.

“Alhamdulillah,, yen awakmu wes sadar, nang yo ora usah dibaleni maneh, amerga
ngerpek mergo ngerpek kuwi hasile paling nyenengi nanging endinge bakal nglarani, lan
ngrungoke nilai iku ora selawase nang nduwur kertas” tuture titin karo nguculake fitri teko
rangkulane banjur fitri mensem.

“tin sepurane yo aku wes ngawe gelo atimu” omongane fitri marang titin.

“iyo ora popo “ jawabe titin karo mesem.

Akhire fitri karo titin apikan, lan fitri wes janji ora bakal ngerpek nanging deweke
bakal sinau seng tenanan supoyo wong tuoe bangga karo deweke.

Anda mungkin juga menyukai