Anda di halaman 1dari 3

Nama : Nur’aini Istiqomah

Kelas : X MIPA 2

Absen : 28

“Melbu Sekolah SMP”

Sak uwise perian sekolah suwe, sesok wayae melbu sekolah ugo golek
ilmu kanggo sangu mbesuk gede.

Ora kroso ati iki mulai gugup amergo sesok bajur uwes sekolah ing
bangku SMP.

Aku ketrimo ing SMP sing tak pengeni kang panggonane ono kuto gede.
Aku wes ora sabar bakal ketemu konco anyar, guru anyar lan pengalaman
anyar.

Bapak lan Ibu juga akeh ngewehi wejangan supoyo biso sekolah tenanan,
pinter, lan iso mbanggakne wong tuwo. Ora lali aku ugo dikandani lek
sekolah ing kuto kudu iso njogo diri saking pergaulan kang ora becik, kudu
taat agama!

Ora kroso dino kang ditunggu tibo. Tepate dino senin aku di terke bapak
menyang sekolah gawe seragam anyar lengkap. Aku diterke sampe
gerbang ngarep sekolahan terus pamitan lan bapakku muleh.

Bapakku matur. “Lek wes jam muleh sekolah ngabari ya le, ngko tak
papak”

“Enggeh Pak !!”, jawabku.Aku mulai melbu sekolah nuju lapangan kang
uwes ono akeh bocah anyar baris.

Dino iki enek kegiatan sing diarani “MOS”. Jadi poro siswa anyar bakal
dikenalke karo lingkungan sekolah sing suwene 3 dino.Acara MOS iku
dimulai pembukaan upacara bendera, wejangan soko bapak kepala
sekolah, perkenalan lingkungan lan lio-liane.

Aku seneng banget duweni kesempatan iso sekolah SMP ing kuto. Aku
berjanji karo awakku dewe lek nek sekolah iki bakale aku iso luweh
berprestasi, sregep lan iso manggakne wong tuaku loro karone.
Nama : Nur’aini Istiqomah

Kelas : X MIPA 2

Absen : 28

Asil Analisis Crita Cekak

Mlebu Sekolah SMP

Anggitan : Ajun Septa

1. Tema : Pendidikan
Bukti : Aku ketrimo ing SMP sing tak pengeni kang panggone ono kuto gede.

2. Amanat : Nek sekolah iku kudu luweh berprestasi , sregep, lan iso mbanggakne wong tua
loro.

Bukti : Aku berjanji karo awakku dewe lek nek sekolah iki bakale aku kudu iso luweh
berprestasi, sregep, lan iso mbanggakne wong tua loro karone.

3. Paraga : Aku, lan Bapak


Bukti : Aku : Aku ketrimo SMP sing tak pengeni kang panggone ono kuto gedhe.
Bapak : Bapakku matur “lek wes jam muleh sekolah ngabari ya le, ngko tak papak”

4. Watak paraga : Aku : manut. Bapak : tanggung jawab.


Bukti : Aku : “Enggeh pak!!” jawabku. Bapak : Aku diterke sampe gerbang ngarep
sekolahan.

5. Latar : Panggon : Lapangan sekolah, swasana : seneng ,ora sabar, wektu : dino senin
Bukti : panggon : Aku mulai mlebu sekolah nuju lapangan kang uwes ono akeh bocah anyar
baris. Swasana : seneng : aku seneng banget nduweni kesempatan iso sekolah SMP ing kuto.
ora sabar : aku wes ora sabar bakal ketemu konco anyar. Wektu : tepate dino senin aku di
terke bapak.

6. Sudut Pandang : Orang pertama tunggal , sudut pandang orang ketiga jamak
Bukti : aku ora sabar bakal ketemu konco anyar, Bapak lan Ibu juga akeh ngewangi
wejangan supaya bisa sekolah tenanan.

7. Alur : Maju
Bukti : Crita kasebut runtut wiwit saka tataran pambuka nganti tataran rampung kanthi
urutan lan ora acak.
8. Nilai luhur : Sregep, taat agama.
Bukti : sregep : aku iso luweh berprestasi, sregep. Taat agama : njogo diri soko
pergaulan ora becik, kudu taat agama.

9. Pitutur luhur : Njogo diri saking pergaulan kang ora becik, lan kudu taat agama.
Bukti : ana ing paragraph 4 kalimat keri dewe.

10. Isi cerita cekak : tokoh aku seneng iso sekolah ing kuto. Bapak lan ibu ngandani lek sekolah
tenanan,pinter,lan iso mbanggakne wong tuo. Ugo kudu iso njogo diri saking pergaulan kang
ora becik, kudu taat agama. Deweke mangkat sekolah diterke bapake. Deweke janji bakal
luweh berprestasi, sregep lan iso mbanggakne wong tua loro.

Anda mungkin juga menyukai