Anda di halaman 1dari 3

Nama: Kevin Rheza F.

R
Kelas : XIIA8/17

Nyemplung Sumur
Iki cerita wayah prei an sekolah pas SD, aku lair tanggal 29 Februari
2004 ing Lumajang. Aku sak duluran 4 aku anak ke 1. Wiwit cilik aku
termasuk bocah lumayan tambeng. Cerita iki garai aku trauma layangan
ing sawah sawah sing ono sumure.

Awan iku aku ono ing omah terus aku kepikiran gawe ngejak kancaku
sing jenenge Ardi dolan layangan ing kulon omah.

Ing omae Ardi ..

Aku: "Ardi... ayo layangan"

Ardi:"Iyoo sekk mangan mas"

Aku: "Iyowess ndang mangan"

5 menit liwati

Ardi: "Ayo mas ndang budal marine aku ngaji lek sore"

Aku: "Iyo ayo budal"


Pas ing sawah aku karo ardi layangan keloron,aku pas iku kondo ng ardi
yen ono sumur mati . Gak suwe mari aku omong ngunu aku nyanyi
"mundur mundur kecemplung sumurrrr" nah pas aku omong
"kecemplung sumur" aku ga sengojo nyemplung sumur pisan soale aku
layangane ngadep ngarep bek mlaku memburi. Pas ing jero sumur aku
celuk celuk Ardi.

Aku: " Diii aku nyemplung sumur di"

Ardi: " Hahahaha koiso i loo ancene ndak didelok"

Aku: " Ndang celukno bala bantuan dii"

Ardi: " Iyoas sek aku tak nyelok cak anang"

5 menit liwati

Cak Anang: " Kene tanganmu pin"

Cak anang narik aku ambek ndumel: "koiso seh pinn,untung ga jeru
sumure"

Aku:" Jenenge apes cak sopo sing wero"

Cak Anang: " Iyowes aku tak muleh sek,aku te ngaret"

Ardi,Aku: " Iyo cak suwonnn seng gede"

Sawise iku Aku karo Ardi muleh nang omah dewe dewe amarga ambu
awakku ws gaenak koyok ambu batang. Ing teks anekdot ngajari
awadewe ben luwih ati ati yen pas dolan ing sawah utowo wisata
wisata liyane.

Anda mungkin juga menyukai