Anda di halaman 1dari 1

‫السالم عليكم ورمحة اهلل وبركاته‬

‫ ونعوذ باهلل من شرور أنفسنا ومن سيئات أعمالنا من يهده اهلل فال‬،‫احلمد هلل رب العاملني حنمده ونستعينه ونستغفره‬
‫ وعلى آله وصحبه‬،‫ والصالة والسالم على رسول اهلل سيدنا حممد ابن عبد اهلل‬.‫ ومن يضلله فال هادي له‬،‫مضل له‬
ِ ‫بِه ِمن ِخطْب ِة النِّس‬
‫آء َْأو َأ ْكَنْنتُ ْم يِف‬ ِ ‫ض تُم‬ ‫ر‬ ‫ع‬ ‫ا‬ ‫م‬ ‫ي‬ِ‫ واَل جن اح علَي ُكم ف‬: ‫ ق ال اهلل تع اىل يف كتاب ه الك رمي‬.‫ومن وااله‬
َ َ ْ ْ ْ َ َ َ ْ ْ ْ َ َ َُ َ
ِ ‫ ويِف احْل ِدي‬،‫َأْن ُف ِس ُكم‬
‫الرجث ُل َعلَى‬ َّ ‫ب‬ ُ ُ‫ َواَل خَي ْط‬،‫ض‬ ُ ‫ َن َهى النَّيِب ُّ ص لى اهلل علي ه وس لم َأ ْن يَبِْي َع َب ْع‬: ‫ث‬
ٍ ‫ض ُك ْم َعلَى َبْي ِع َب ْع‬ ْ َ َ ْ
ِ ِ ِِ ِ ِ
ُ ‫ب َقْبلَهُ َْأو يَْأ َذ َن لَهُ اخْلَاط‬
.‫ ََّأما َب ْع ُد‬.‫ب‬ ُ ‫خطْبَة َأخْيه َحىَّت َيْتُر َك اخْلَاط‬
1. Winantu sagunging kinurmatan katur dumateng poro alim, poro ulama ingkang rinten dalu tansah
sumanding kitab suci wahyuning Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu
luhuring budi, Wabil khusus wonten pangarsanipun Romo Kyai Haji………………………….ingkang tansah
kulo mawantu-wantu menggah punopo ingkang dados sabdotoma ugi mauidhoh hasanahipun, ugi
ingkang kulo cadong barokah do’a ipun soho ingkang tansah kulo angsu barokah ilmunipun.
2. Dumateng poro pepunden, poro sesepuh aji sepuh ingkang hanggung mastuti, dumateng pepoyaning
kautaman ingkang pantes pumundi.
3. Dumateng pangambaning praja satrianing nagari, minangka dados pandam-panduming poro kawulo
dasih ingkang kinasih.
4. Wabil khusus dumateng shohibul bait nun inggih ingkang hamengku karso inggih puniko bopo…………
wa ahli baitihi ingkang tansah kulo mulyaaken.
5. Mboten kesupen poro rawuh, tamu undangan ingkang tansah sinebo ing suko basuki.
Haminangkani purwakaning atur, sumonggo nun tansah kulo dereaken ngaturaken pujo-puji syukur
wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang Moho Kuoso, keranten sih wiloso miwah barokah ingkang
rumentah dateng panjenengan sedoyo dalasan kulo, katitik ing kalodangan puniko kito sedoyo saget
makempal, manunggal, saperlu nderek mangestreni wontenipun adicoro lamaran/ khitbah wonten ing
kalodangan puniko kanti widodo, rahayu, kalis nir sambikolo mboten amanggihi alangan setunggal
punopo.
Rahayuning widodo soho tambahing rubo keselametan mugiyo tansah katur kunjuk wonten ngarso
junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, panjenenganipun salah setunggaling piyantun agung,
mustikaning bawono ingkang dados cundakaning Gusti ingkang akaryo luko, supados amilujengkan poro
jalmo, awit saking marco podo atumuju suwargo luko. Soho salah setunggaling nabi ingkang mbeto
agami ingkang haq, ingkang leres soho ingkang paring syafa’at dumateng umatipun mbenjang ing dinten
qiamat. Ing pangestu soho pandongo, mugi-mugi kito sedoyo tansah katetepaken dados umatipun soho
pikantuk syafa’atipun, aamiin allahumma aamiin…..
Poro rawuh, keparingo kulo matur soho ngempil kamardikan panjenengan rikalanipun saweg sekeco
anggenipun wawan pangandikan, ing mriki kulo kumowaton cumantoko wonten ngarso panjenengan
sedoyo, mboten ateges ngicali toto trapsilo, ananging kulo ing mriki minangka tetalanging boso,
cundakaning atur panjenenganipun Bopo PALAL dalah Ibu SRI saking tlatah kalibuntu
wetan, kec. Kendal. Bilih Bopo PALAL mboten saget matur piyambak wonten ngerso panjenengan sedoyo,
keranten raos bingah dalah mbombongipun manah,
Ingkang sepindah, ngaturaken salam takdhimipun mugi tansah kunjuk kasarira dumateng Bapa
………………………..sak kolowongso kanti pamatur : “ Assalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarakatuh”,
kanti pangajab mugi –mugi Bopo …………….sak kolowongso tansah pinaringan berkah rahmatipun Allah
SWT, soho suko rahayu ingkang sami pinanggih.
Ingkang angka kaleh, ngaturaken paningseting rara ayu…………………….inkang arupi kalpika,
minangka dados perlambang agunging raos tresnonipun den mas bagus Purwanto atmaja kakung ipun
bopo Palal dalah ibu………..ingkang wekdal punika sampun madep mantep badhe bangun bale wisma
kaliyan rara ayu………………….ing pangajab mugi- mugi saget katampi kanti bingahing manah.
Ingkang angka tiga, ngaturaken abon-abonipun lamaran dalah uba rampenipun, ingkang arupi
jajanan peken maneko warno. Sedoyo puniko minangka sarana singsetaning rembag antawisipun bopo
Palal kekaleh kaliyan panjenengan ipun bopo……………………………sekaliyan ingkang badhe malakrama
aken atmaja kakungipun ingkang sesilih den mas bagus Purwanto pikantuk rara
ayu…………………………. Mboten sanes mugi-mugi andayanana dhumateng bakal calon penganten
kekaleh tansah pinayungan dening Gusti, tulus widada, ngetrepi gegayuhanipun saha karsanipun para
sepuh.
Minangka pungkasanipun atur, hambok bilih bopo Palal sekalihan anggenipun ngaturaken sarana
dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu—wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.
Semanten ugi kulo minangka sulih sarira saking panjenengan ipun bapa Palal sekalihan, menawi wonten
gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singular ing reh tata krami, kulo nyuwun
sihing samodra pangaksami.
Akhirul kalam, wallaahul muwaffiq ilaa aqwamith thariiq
Wssalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.

Anda mungkin juga menyukai