Anda di halaman 1dari 1

2.

Kanca Saklawase

Jenengku Fajar, aku nduwe konco kang jenenge sodiq. Sodiq iku konco ku awet aku

cilik. Sodiq iku uwonge apikan yo setia kawan. Biasane sodiq ngundang aku tukang

ngantukan, tapi aku yo ora duwe roso risih nek di undang ngono kui mungkin wes

biasa dadi yo gak tak gowo ati.

“Duwar...itik-itik suarane sodiq ngageti aku. Kowe lho jhan ngaget-ngageti i aku wae,

nek aku jantungen piye gelem po awakmu tanggung jawab? Jawabku marang Sodiq.
Ngapurane lah jar, kowe sih ngantukan wae, kae uwis bel masuk, selak di senani

mengko karo pak guru-guru balas sodiq marang aku. Sak uwise iku aku lan sodiq

mlebu kelas bareng-bareng.

Bel bali sekolah uwes di muni’ke, koyo biasane aku karo sodiq bali bareng, naning

tekan setengah perjalanan aku karo sodiq kepisah amergo sodiq lagi arep mampir

mareng tukang jahitan jupuk klambine ibuke. Akhire aku bali dewean, la teko-teko

buku sek tak gowo tibo “buukkkk” ditabrak bocah cilik.

“Sepurane mas aku gak sengojo e'” “Yo rapopo dek mung buku kok seng gigal, mulakno nek
mlaku kui seng ati-ati ya dek” “Enggeh mas” Koyo biasane aku budal sekolah jam setengah
pitu, yo koyo biasane aku melu pelajarane pak guru lan bu guru. Naming kok dino iki ora
koyo biasane, sodiq kok gak ketok sedino kie, dadeake khawatir maring pikiran aku, aku
mutuske bali sekolah maring omahe sodiq.

Tekan ngarep omahe tika yo bedo ora koyo biasane suasanane ki sepi banget koyo gak ono
uwong. Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule sodiq ora nek omah kono alias
pindah anyar. Bali seko omahe sodiq aku lagi kepikiran loh kenopo kok sodiq pindah kok ora
neng kono wae? Yo kenopo kok sodiq gak ngomong karo aku? Kan aku kancane? Malah aku
dadi bingung dewe karo sodiq.

Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe sodiq sek anyar.

1 jam luih jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit akhire yo ketemu

omahe sodiq batinku. Aku kaget tekan ngarep omahe sodiq seng biasane urip enak

lan kepenak saiki malah urip nek tempat sek kumuh lan sempit.

Anda mungkin juga menyukai