Anda di halaman 1dari 2

TULADHA SESORAH PENGETAN DINTEN KAMARDIKAN RI 77

1. Assalamu 'alaikum Wr.Mb.


Nuwun,

2. Ingkang tuhu kinurmatan para dewan Juri,


Bapak saha ibu dwija SD ing laladan Kabupaten Kudus, ingkang kinurmatan.
Pada kadang sutrisna budaya Jawi ingkang cinaketing manah.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tinangsulan kangkebing kekadangan
“Bhineka Tunggal Ika”, ingkang kula trisnani.

3. (Alhamdulillahirobbil alamin, washolatu wassalamu 'ala asrofil ambiya iwal mursalin


wa'ala alihi wasohbihi aj ma'in). Sinartan sagunging pakurmatan, saha agunging sih
saking Alloh SWT ingkah tansah paring kekiyatan tuwin kawilujengan, satemah
panjenengan sedaya lan kula saged kempal manunggal ing sasana wanci punika kanthi
winantu ing karaharjan, Alkhamdulillahirobbil alamin.

4. Para rawuh ingkang kinurmatan


Kamardikaning Nuswantara punika mboten satemah hadiah saking para penjajah,
ananging sadaya nugrahaning Gusti ingkang maha Agung. Kejawi punika, sedaya
sampun pirsa, bilih perjuanganipun para pahlawan, para relawan lan sedaya bangsa
Indonesia nalika tumandhang ngrebut nagari saking regemaning para penjajah.
Kamardikan mboten ateges mardika, lajeng bebas sedayanipun, ananging mardika
inggih kedah nggadahi nilai kadosta kedaulatan, kemandirian, kekiyatan, nasionalisme
ingkang langkung sae. Awit perjuanganipun para leluhur mboten naming arupi banda,
prabea, ananing anteb tekading jiwa raga lan nyawa kangge ngrungkebi kamardikan
punika.
Sanggyaning para rawuh…
Generasi muda sakpunika mboten namung sangga asta, ananging sampun saged katitik
saking kaprigelanipun nerasaken pangajabing para pahlawan kadosta sregep sinau,
makarya kangge pagesangan, nguri-uri kabudayan, netepi unggah-ungguh lan
sapanunggalanipun. Sedaya wau awujud darmaning para muda anggenipun badhe
ngrembakaken cita-citanipun para pahlawan.
Saperangan wonten tuladha tembang : tembang pocung
"ngelmu iku kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya
budya pangekese dur angkara”.
Tegesipun, sedaya pangajab kalakoni kanthi niat, badhe ndadosaken kekiatan,
tandhang ingkang tulus lan usaha badhe ngalahaken tumindak ingkang cela.
Saking tembang pocung punika saged dados patuladhan bilih minangka generasi
muga kedhah nggadhahi tekad ingkang bulat kangge ngawekani sedaya perkawis
pagesangan ing sabendinanipun, murih tetep raharja netepi hardening bangsa.

5. Bapak ibu lan para rawuh ingkang kinurmatan.


Mekaten pamatur kula ing pengetan dinten Kamardikaning Bangsa Indonesi ingkang
kaping 77, sinartan pangajab, pandonga mahastungkara mugi Indonesia tambah
sentosa, kuncara lan sembadaning karya.
Nuwun Wassalamualikum.

Anda mungkin juga menyukai