Anda di halaman 1dari 2

TEDAK SITEN, UTAWI MUDUN LEMAH

Putro.... Jangkep yuswo pitong condro ateges ngancik pitung ulan, bade tumurun
wonten siti bantolo bumi, lemah engkang dipun panciki jejabang andaruu.
1. LEMAH
Lemah/ siti bantolo engkang sinebat tedak siten, ateges tedak meniko mudun
siten meniko saking tembung siti utaawi lemah. Kang putro sampun nganccik
yuswo pitung condro utawi pitung wulan. Titi wancinipun mudun wonten siti
bantolo utawi lemah bumi, engkang kul panjenengan panggeni, manungso
cinipto soko lemah, besok ugi bakal bali menyang lemah. Milo sepisanan
adek...... bakale ngancik siti bantolo lemah, mulo ojo nganti kaget dayane
bumi, kaperbawan saking angin, geni, banyu suwasano nafsu limang perkoro
engkaang bade dipun panggihi kalihan adek ..... sak wuse mancikk siti bumi ,
lemah.

2. WIJIK TUYO SEKAR SETAMAN


Sekar meniko kembang, kembang meniko gandane wangi, kanti andungo
mugo adek ..... biso ngarumake asmane wong tuo, biso mikul duwur mendem
jeru marang wong tuwo sakeloron, migunani tumprape agomo, nuso, bongso,
lan negoro.
3. JADAH PITU
1) JADAH PUTIH.
Pralambang watak engkang suci, ketugahan hati, jujur, engkang bade dipun
panggihi adek ndaru. Ugi ke ikhlasan untuk mencapai keberhasilan, saget
dados manungso engkang jujur, ikhllas tumprape gesang mring alam
padang
2) JADA ABANG
Abang / abrit / rekto. Pralambang wani. Calon pemimpin
Wani marang bebener
3) JADAH CEMENG
Meniko kawibawan, keunggulan engkang bade dipun panggihi adek......
4) JADAH KUNING
Keulyaan,citta-cita, hakekat.. menugso ing alam duyo kedah gadah cita-cita
utawi kekarepan.
5) JADAH IJO
Kesubuuran< kelancaran, Harapan, pengarepane tiang sepuh kekalih
puniko kesuksesan.
6) JADAH UNGU
Kebijaksanaan.
7) JADAH BIRU
8) Derajat Pangkat. Mugi pinanggihan drajat pangkat engkang agung lan
duwur.
4. ONDO SAP PITU, ONDO ARJUNO
Wong jowo seneng karo tembung pitu PITU, pitulungan, pitunngkas, pituwas,
piturun, pituduh, piangkuh mring gusti.
ARJUNO, JANOKO, PERMADI pewayangan engkkang gadahi wati ATI, LATI,
PAKARTI. Tanggung jawa
5. LENGGGAH DAMPAR AGUNG
6. SENGKERAN / KURUNGAN
Lebetipu sampun wonten ubo rampe dolanan mangke ddipun pundut
SENGKERAN / KURUNGAN : Menugso ten dunyo wonten batasan – batasan
tertentu, jangan berlebihan. Lek seneng ojo kliwat, lek susah ojo kliwat.
7. UDiK – UDiK
Bade nyawuraken arto , dateng mriki boten atege guwak duik, nanging tembe
abenjang adek ....... gelemo gampang paweweh, sodakoh, rejeki engkang
tinompo kapurih berkah barokah tuma toto, ora lokak malah soyo kebak.

Anda mungkin juga menyukai