Anda di halaman 1dari 1

Nama : HELENA PUTRI R.

Kelas / no : 9C / 10

Tema : PERPISAHAN

NASKAH PIDATO

Assalammualaikum Warrohmatullohi Wabarokatu.

Ingkang kula hormati Bapak Kepala Sekolah SMPN 2 Kutho Mojokerto. Ingkang kula
hormati Bapak Ibu Guru saha Bapak Ibu Tenaga Kependidikan SMPN 2 Kutho Mojokerto.
Adhik-adhik kelas saha rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing
ngarsanipun Gusti Allah Ingkang Maha Agung bilih ing wekdal injing menika kula panjenengan
sedaya taksih pinaringan rahmat kesarasan, saengga saget ngempal wanten adicara perpisahan
kanti pinaringan karaharjan mboten wanten alangan setunggal menapa.

Bapak Ibu ingkang kula hormati, nyuwun keparenga kula minangka wakil saking kelas 9
ngaturaken agunging panuwun ingkang sanget, awit saking sih katresnan anggenipun
panjenengan nggulawentah dumateng kula sakanca, saengga saget ngrampungaken kewajiban
ngangsu kawuruh wonten SMPN 2 Kutha Mojokerto menika. Mboten keraos dangunipun tigang
warsakula sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki. Satuhunipun awrat
sanget nilaraken pawiyatan menika, amargi sedaya ingkang wanten mriki sampun kados derek
lan keluarga, namung kula lan rencang-rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh kula kedah
saget iklhas nilaraken pawiyatan menika. Mboten kesupen kula sakanca nyuwun pangapunten
awit asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa saking atur saha solah bawa kula ingkang mboten
mranani penggalih panjenengan.

Kula sakanca nyuwun dunga dumateng Bapak Ibu Guru mugi-mugi kanti biji ingkang
maremakem menika saget kula damel bekal kangge nglajengaken wanten ing pawiyatan ingkang
langkung inggil malih. Mugi- mugi amal kesaean Bapak Ibu Guru pikantuk piwales saking
Gusti Allah Ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kesarasan, kawilujengan lan
katentraman saengga saget nggulawentah dateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi katah kalepatan atur saha bawa kula nyuwun
pangapunten ingkang kathah.

Wassalammualaikum, Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai