Anda di halaman 1dari 1

Tulisen ngangge aksara jawa !

"Dina Pendidikan Nasional"


Ngomongke babagan pendidikan mesti awake dewe tepung dening tokoh Ki
Hajar Dewantara, awit saka kuwi aku arep ngupas sosok Ki Hajar Dewantara lan Dina
Pendidikan Nasional Ngapa, Geneya, lan Kepriye Pendidikan Nasional ing pandangan
Ki Hajar Dewantara. Sapa sing ora kenal sosok tokoh pendidikan Bapak Ki Hadjar
Dewantara, tokoh sing duwe jasa bangun pendidikan ning Indonesia. Ki Hadjar kang
duwe jeneng asli R.M. Suwardi Suryaningrat yaiku tokoh pendidikan nasional. Ajaran
kepemimpinan Ki Hadjar Dewantoro sing poluler ing kalangan masyarakat yaiku Ing
Ngarso Sun Tulodo, Ing Madyo Mbangun Karso, Tut Wuri Handayani. Sing intine
pemimpin kudu duwe sifat kasebut supaya iso dadi panutan kanggo bawahan utawa
anak buahnya.
Ing Ngarso Sun Tulodo artine Ing ngarso kuwe didepan , Sun sekang kata Ingsun
sing artine saya, Tulodo berarti tauladan. Dadi makna Ing Ngarso Sun Tulodo kuwe dadi
pemimpin kudu bisa ngewei suri tauladan nggo anak buahe. Saiki akeh pemimpin sing
sikap lan prilakune ora kena dadi panutan nggo anak buaeh.
Ing Madyo Mbangun Karso, Ing Madyo artine neng tengah tengah. Mbangun
berarti membangkitan atau menggugah lan Karso berarti niat. Maknane, dadi pemimpin
neng tengah kesibukane kudu mampu mbangkitna semangat kerja bawahane. 
Tut Wuri Handayani, Tut Wuri artinya ngikuti sekang mburi lan handayani artine
ngewei dorongam moral. Maknane, komandan utawi pimpinan kudu bisa ngewei
dorongan moral sekang mburi ben bawahane nduweni semangat kerja.
Mugo-mugo awak dewe generasi enom bisa nglanjutke cita-cita beliau, lan iso ngamalke
ajaran sing uwis di babarke dening Ki Hajar Dewantara. 

Anda mungkin juga menyukai