Anda di halaman 1dari 2

Damel Geguritan

Nama: Andhika Putra Pamungkas


Absen: 04
Kelas : X DPIB A

MANUNGSA KANG KUAT


Dudu bandha donya, lan pangkat,
Kang dadi sawangan manungsa iku kuat,
Ananging tetege ati ngadepi kahanan lakoning urip
Lan rosaning awak kang nyangga kinurmataning ibu bapak
Kayata cagak gendera kang kena panas e srengenge,
Teles kagrujug banyu udan,
Lan ademe hawa wengi
Nenggih ngadeg jejeg, ora owah
Kanggo jaga kinurmataning sang Dwiwarna.
Cagak kuwi awak,
Sanggane bhumi kang kebak kawelasan
Pepindhan aku yaiku cagak
Padha jejeg nyangga kinumartaning ibu kalawan bapak

Analisis:
Geguritan iki dueni teges yaiku dadi manungsa kang kuat ngadepi kahanan urip lan njaga
kinurmataning bapa biyung, kaya cagak gendera kang bola bali ngadepi panas e srengenge
utawa hawa panas e kahanan urip, teles e banyu udan utawa saben milining eluh mata, lan
adem e hawa wengi utawa rasa kasepen ngancani. Ananging tetep pengkuh, ora owah saka
kadedegan. Kanggo njaga kinurmataning Dwiwarna utawa Gendera Pusaka Abang Putih, Bapa
kang diibaratno warna Abang kang gagah tanpa kenal wedi, Biyung kang diibaratno warna Putih
kang lembut lan suci.
Prolog : Dudu bandha donya, lan pangkat
Kang dadi sawangan manungsa iku kuat,
Konflik : Ananging tetege ati ngadepi kahanan lakoning urip
Lan rosaning awak kang nyangga kinurmataning ibu bapak
Kayata cagak gendera kang kena panase srengenge,
Teles kagrujug banyu udan,
Lan ademe hawa wengi
Penyelesaian: Nenggih ngadeg jejeg, ora owah
Kanggo njaga kinurmataning sang Dwiwarna.
Cagak kuwi awak,
Sanggane bhumi kang kebak kawelasan
Pepindhan aku yaiku cagak
Padha jejeg nyangga kinumartaning ibu kalawan bapak

Arti kata:
Nenggih: yaiku
Pepindhan: kaya dene
Dwiwarna: 2 warna utawa gendera merah putih

Anda mungkin juga menyukai