Anda di halaman 1dari 1

- Dumateng poro bapak alim ulama’ ingkang kulo hormati

- Dumateng sokhibul bet sekeluarga ingkang kulo hormati


- Dumateng poro ibu jam’iah annisaussurur ingkang kulo hormati

Pertama-tama monggo kito sareng-sareng muji syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT, ingkang
pundi ngantos wedal dalu meniko kito tansyah pinaringan Rohmat soho kenikmatan, sehinggo wonten
ingkang wedal dalu meniko kito saged mangempal dalam acara pengajian rutin kanthi keadaan sehat
walafiat.

Ingkang nomer kaleh, sholawat soho salam mugi tansyah kalimpahaken dumateng junjungan kito nabi
Muhammad SAW sedoyo sahabatipun, sehinggo lumeber dumateng kito sami.

Ingkang nomer tigo, kulo mboten langkung ngaturaken matur nembah nuwun, dumateng sokhibul bet
ingkang sampun nyaosaken tempat soho prasarana, demi berlangsungnya acara pengaosan wonten ing
wedal dalu puniko, mugi-mugi sedoyo amal ibadah beliau dipun tampi dining Allah SWT. Amin.

Poro ibu jam’iah annisaussurur ingkang kulo hormati, ing ngriki sokhibul bet kagungan hajat khususiyah
dipun tujuaken dumateng arwah inggih meniko: 1 …… 2 …… 3 …….

Adapun susunan acara wonten ing wedal dalu meniko

1. Pembukaan
2. Khususiyah tahlil
3. Pengaosan/pembinaan
4. Penutup do’a

Poro ibu ingkang kulo hormati, monggo acara pertama kito buka kanthi waosan ummul qur’an, mugi-
mugi acara pengaosan wonten ing wedal dalu puniko dipun paring lancer soho dipun ridhoi dining Allah
SWT.

Al-Fatihah

Selajengipun acara ingkang nomer kaleh, inggih meniko khususiyah tahlil dilanjutaken pengaosan,
ingkang dipun aturaken dening ibu

Sakderengipun khususiyah dipun awiti, ing ngriki kulo selaku pembawa acara mbok bilih wonten atur
kulo ingkang kirang prayogi dating poro ibu bapak soho poro ibu, kulo nyuwun agunging pangapunten
ingkang kathah

Kulo akhiri, wabillahi taufiq wal hidayah

Wassalamu’alaikum wr. Wb.

Ibu-ibu, bilih pengaosan malem rabu ngajeng wonten dalemipun ibu ….

Ibu-ibu dipun suwun rawuh sedoyo

Sami rawuh nggeh bu…

Anda mungkin juga menyukai