Anda di halaman 1dari 17

P2

DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
1
Bahasa Jawa SD
1. Wacanen prethelan crita iki ing ngisor iki!
Sawise Dewi Sekartaji dhahar endhog mau, sakujur awake Dewi Sekartaji krasa gatel,
padha mlepuh, lan ngetokake ganda amis. Sadhar yen larane ora biasa, Dewi Sekartaji
banjur sowan bibine yaiku Dewi Kilisuci pertapan Guwa Selomangleng. “Laramu iki ora lara
sembarangan, nanging kowe aja was-sumelang. Yen kowe bisa sabar, gelem ngupaya
golek tamba, lan pasrah marang Gusti Kang Maha Kawasa, kowe malah bakal oleh
kanugrahan,” ngendikane Dewi Kilisuci manteb.
“Aja kesuwen, saiki enggal mlakua ngalor temokna Grojogan Mrambat ing Anjuk Ladhang
(saiki Nganjuk)! Mesanggraha ana kana, saben esuk lan sore adusa nganggo banyune sing
bening! Aja pisan-pisan gawe karusakan ing kana, awit banyune sing suci bisa dadi
tambane laramu lan alame sing asri bisa ngadhemake ati sing panas!” ngendikane Dewi
Kilisuci sabanjure.
Nindakake dhawuhe Dewi Kilisuci, ing Grojogan Mrambat Dewi Sekartaji ngedegake
pesanggrahan. Supaya ora konangan yen panjenengane iku putra raja, Dewi Sekartaji ganti
asma yaiku Roro Kuning. Panjenengane tansah njaga grojogan supaya tetep resik lan asri.
Saben dina panjenengane siram lan ngunjuk banyu grojogan. Ora nganti suwe kira-kira
pitung dina lawase, penyakite Roro Kuning wis ilang. Roro Kuning mbalik dadi ayu maneh,
ayu rupane uga ayu atine.

Paraga utama miturut carita kasebut yaiku ....


A. Dewi Kilisuci
B. Dewi Sekartaji
C. Guwa Selomangkleng
D. Grojogan Mrambat

2. Wacanen pacelathon iki kanthi premati!


Bu Dina : “Kula nuwun.”
Lika : “Nggih, mangga, Bu. Ngapunten, wonten kersa punapa, nggih?”
Bu Dina : “Pak Teguh, punapa wonten?”
Lika : “O nggih, wonten. Mangga mlebet rumiyin!”
Bu Dina : “Nggih, matur nuwun,”
Lika : “ …. ”
Bu Dina : “Nggih.”
Ukara kang pas kanggo njangkepi pacelathon kasebut yaiku ....
A. Ngapunten, Pak Teguh lagi adus, dirantos rumiyin nggih!
B. Ngapunten, Pak Teguh lagi siram, ditengga rumiyin nggih!
C. Ngapunten, Pak Teguh nembe adus, dirantos rumiyin nggih!
D. Ngapunten, Pak Teguh nembe siram, ditengga rumiyin nggih!

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
2
Bahasa Jawa SD
3. Wacanen geguritan iki!
Saiki wis kelakon kekarepanku
Amarga buku akeh paedahe
Buku uga ndadekake oleh prestasi
Bodho dadi pinter
Lan kanggo golek ngilmu
Saka jasa-jasamu
Aku dadi bocah kang guna
Kanggo bangsa lan negara

Dipetik saking E-Book Winih Semi "Antologi Geguritan" (2000)


Wosing geguritan kasebut ingkang mathuk, yaiku ….
A. Buku ora bisa ndadeake pinter
B. Buku kanggo bangsa lan negara
C. Buku ora ana paedahe kanggo aku
D. Buku ndadekake aku oleh prestasi

4. Wacanen geguritan iki!


Lara atiku nyawang alamku rusak
Sampah ning kali
Wit-witan ditegori
Lemah lan sawah dadi omah
Yen kaya mangkana
Anak putuku sesuk kudu menyang ngendi?

(dening Beti Mustika Rini, 2020)


Geguritan kasebut nyritakake babagan ….
A. Sawah
B. Alam
C. Lemah
D. Omah

5. Wacanen geguritan iki!


Sekolahku,
Panggonku ngangsu kawruh
Didhidhik dening guru
Amrih dadi bocah kang mituhu
Sekolahku,
Gedhungmu ora megah
Tegelmu dudu keramik
Nanging kenanganmu tansah dakeling-eling

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
3
Bahasa Jawa SD
Ukara kang kacethak kandhel tegese….
A. tlaten
B. nurut/manut
C. ngerti
D. setiti

6. Wacanen kanthi patitis!


Si Jago Abang
Pas iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing TV wonten ”Pawarta
Enjing” ingkang mawartakake ngenani kobongan sacedhake sekolahanku. Kadadeyan
iku wetara jam loro esuk. Kang ndadekake aku kaget lan kelingan kanca-kancaku sing
mapan sacedake kobongan.
Paragraf ing dhuwur kagolong paragraf ...
A. eksposisi
B. narasi
C. deskripsi
D. argumentasi

7. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Dadi pimpinan ora oleh … karo rakyate.
Tembung kang cocog kanggo jangkebi ukara ing dhuwur yaiku ….
A. gumedhe
B. gumedhen
C. gegedhe
D. gegedhen

8. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Kira-kira … kreteg Kadung-Klothok butuhake wektu sing suwe.
Tembung kang cocog kanggo jangkebi ukara ing dhuwur iki yaiku ….
A. pambangunan
B. bangunan
C. mbangun
D. pambangun

9. Gatekna pratelan crita ing ngisor iki!


Praja wis dikwasani mungsuh, sajrone kraton ana putri ayu jeneng Rara
Jonggrang. Bandung Bondawasa duweni rasa tresna marang Rara Jonggrang kang
tujune arep dipundhut garwa.
Rara Jonggrang ora duwe rasa seneng marang Bandung Bandawasa, mula
dheweke duwe panyuwunan kang abot lan mokal yaiku lamun Bandung Bandawasa bisa
gawe reca cacah sewu kanthi wektu sawengi, lamun sagah lan bisa mujudake

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
4
Bahasa Jawa SD
panyuwunane Rara Jonggrang gelem dadi garwane Bandung Bandawasa.
Wengi lagi nengahi klawan bantuan jin, Bandung Bandawasa wis bisa gawe reca
cacah sangangatus sangangpuluh sanga. Mangerteni kang mangkana mau Rara
Jonggrang bingung panggalihe mula dheweke ngupadi cara amrih Bandung Bandawasa
gagal anggone nyembadani panyuwunane.
Pungkasane Rara Jonggrang nimbali abdi lan ngutus rakyate padha nabuhi lesung
lan nguripake oncor uga ngobong lamen pari kareben wektune kaya parak esuk.
Pitik jago padha kluruk, para jin padha lumesat mlayu, Bandung Bandawasa nesu
nalika ngerteni carane Rara Jonggrang kang mangkana mau.
Kanggo jangkepi reca kang kurang siji, mula Bandung Bandawasa nyabda Rara
Jonggrang dadi reca kang kasewu.
Latar swasana ana ing jroning crita yaiku …
A. tengah wengi
B. Rara Jonggrang
C. kraton
D. tegang lan sedih

10. Setitekna tembang dolanan ana ing ngisor iki!


Gundhul-gundhul pacul cul
Gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul kul
Gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

Wosing tembang ing dhuwur yaiku ...


A. Yen dadi pemimpin aja nganti sombong
B. Sing gawene nyunggi wakul iku ibuk-ibuk
C. Pemimpin supaya tansah bisa dipercaya lan adil
D. Yen ana wakul ngglimpang kudune segane dijupuki

11. Gedhang yen ditulis aksara jawa ….

A.

B.

C.

D.

12. Wacanen tugelan crita ing ngisor iki!

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
5
Bahasa Jawa SD
Raden Putra kuwi Raja ing Kraton Jenggala. Ing sawijining dina Raden Putra duka
marang Garwa Prameswari tanpa penggalih kang dawa. Banjur dhawuhi marang Ki
Patih supaya nggawa Prameswari menyang tengah alas kang tujune supaya
disirnaake klawan diperjaya kamangka nalika iku ingkang Garwa lagi mbobot.
Latar wektu crita ana ing dhuwur yaiku ....
A. tengah Alas
B. sawijining dina
C. Raden Putra
D. Kraton Jenggala

13. Setitekna gambar ing ngisor iki!

Gambar wayang iku arane…


A. Semar
B. Gareng
C. Petruk
D. Bagong

14. Gatekna tugelan crita ing ngisor iki!


Tekan ing jero taman Sriwedari, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing
medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora gelem
amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati. Sumantri
gregeten lan nesu. Sukasrana diagag-agagi panah supaya enggal bali. Sukasrana tetep ora
gelem bali malah nyedhak nagih janjine marang Sumantri. Suwe anggone padudon eyel-
eyelan, ing pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane
Sukasrana. Sukasrana mati ning kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
Latar panggonan crita ing dhuwur yaiku ….
A. pertapaan Sriwedari
B. taman Sriwedari
C. Negara Maespati
D. taman Maespati

15. Wacanen crita iki kanthi patitis!

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
6
Bahasa Jawa SD
Prabu Puntadewa ratu kang watak pandhita. Watake sabar lan tulus, lila donya lila ing pati.
Apa bae barang darbeke, yen ana sing njaluk mesthi diparingake. Nadyan iku barang sing
paling disenengi, yen ana sing njaluk, mesthi dililakake. Saurip-urip ora nate ngapusi lan
ora nate gelem perang. Sanadyan dipeksa dening Prabu Kresna supaya kersa goroh
kanggo kemenangane Pandhawa, nalikane Pandhita Dorna jumeneng Mahasenapati ing
perang Bharatayuda, Prabu Puntadewa tetep ora kersa perang.
Saka pretelan crita ing dhuwur ngandhut pesen moral, yaiku….
A. oleh goroh lamun kanggo kemenangan perang
B. wong kang tulus iku, ngugemi kang dadi kasenengane
C. Dadi wong ora oleh goroh nadyan kanggo kabecikan
D. Tumindak becik ing donya bakal diwales ing alam kelanggengan

16. Gatekna crita ing ngisor iki!


Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Werkudara judheg penggalihi awit puseripun
Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih
punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten
tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Werkudara lajeng minta sraya
dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang
Pandhawa. Pungkasane puseripun Raden Gathutkaca saged dikethok nganggo warangka
senjata Kunta Wijayandanu kang saka kahyangan.
Watake Raden Werkudara miturut crita ing dhuwur yaiku … .
A. Teteg atine
B. Sabar sawetara
C. Andhap asor
D. Tetag ora gampang nyerah

17. Crita ing ngisor iki kang kagolong paragraf narasi yaiku …
A. Minggu bengi, aku dolan nonton konser musik ing alun-alun karo kancaku bocah papat,
yaiku Dono, Joko, Andi lan Mardi. Konsere kawiwitan jam wolu lan rampung jam sepuluh.
Aku lan kanca-kanca leren mangan ing warung karo ngobrol-ngobrol ngenani konser,o ra
krasa wis jam rolas wengi. Esuke aku didukani ibu merga anggonku tangi kawanen lan
telat budhal sekolah. Ing sekolah, aku kena ukuman ora oleh melu pasinaon jam kang
sepisan.
B. Omahku pancen ndesa, nanging kahanane nyenengake banget. Hawane seger karana
akeh tanduran sakiwa tengene. Ing latar kang ora pati jembar bisa ditanduri woh-wohan,
rambutan, pelem, lan jeruk. Ing mburi omah uga ana wit salak rong dhapur. Ing emper
ngarep omah ana tanduran kembang mlathi. Saben sore aku lan adhiku siram-siram
kembang. Gandane semribit wangi
C. Pesisir Parangtritis nyata endah. Sesawangane kang elok njalari para wisatawan grudug-
grudug kepengin nyekseni. Emane, saperangan masyarakat Indonesia ana kang
nganggep gawat. Awit anane mangsa kala Nyai Rara Kidul kang dianggep ngembani

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
7
Bahasa Jawa SD
pesisir kono nyuwun ditumbali. Para ahli wis nerangake yen anane korban kang ilang ing
pantai amarga keseret ombak gedhe.
D. Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang endah ing laladan
Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung beluk kabut kumebul
sumundhul ngawiyat. Manukmanuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Thethukulan
kang sarwa ijo ngrenggani saambane pereng. Saka kadohan katon kali kang iline banter.
Swarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane
adhem.

18. Wacanen kanthi patitis!


Saben taun ing mangsa rendheng, Kutha Bojonegoro dadi langganan banjir. Lagi wae iki
telung kecamatan katrajang banjir. Pancen daerah Bojonegoro iku diliwati kali Bengawan
Solo, sawijinig kali sing gedhe lan paling dawa satanah Jawa. Anane banjir mau jalaran saka
gunung, pegunungan utawa tlatah – tlatah sing gundhul amarga akeh wit – witan sing
ditegori uwong lan uga kerep anane udan kang banget derese.

Wosing pawarta ing dhuwur yaiku ….


A. Ing mangsa rendheng, Kutha Bojonegoro dadi langganan banjir.
B. Ing mangsa ketiga kutha Bojonegoro katrajang banjir bandhang.
C. Akeh kecamatan ing kutha Bojonegoro kang katrajang banjir bandhang.
D. Banjir bandhang jalaran oleh kiriman banyu saka kali Bengawan Solo.

19. Setitekna tembang ing ngisor iki!


Dadia lakunireku
Cegah dhahar lawan guling
Lawan aja sukan-sukan
Anganggoa sawatawis
Ala watake wong suka
Nyuda prayitnaning batin
Tembang ing nduwur sing nduweni guru wilangan lan guru lagu 8i, yaiku ana ing gatra….
A. 2, 4, 6
B. 2, 3, 4
C. 2, 4, 5
D. 2, 5, 6

20. Gatekna paugeran tembang macapat ing ngisor iki!


1) Guru gatrane 10
2) Nduweni watak asih asuh
3) Guru wilangane = 8, 8, 8, 8, 8, 8
4) Guru lagune = u, i, a, i, a, i

Paugeran ing nduwur kang kalebu paugerane tembang kinanthi yaiku nomer ….

A. 1)

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
8
Bahasa Jawa SD
B. 2)
C. 3)
D. 4)
21. Gatekna tembang ing ngisor iki!
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrip lantip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawiran den kaesthi
Pesunen sariranira
Sudanen dhahar lan guling
Tembang macapat ing nduwur kalebu tembang jinis…
A. Dandhanggula
B. Kinanthi
C. Pucung
D. Mijil

22. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Sagung pra rawuh sedaya
Mugi pinayungan nugraha yekti
Asih tresna Alloh satuhu
Tansaha kasarira
Puja-puji syukur saha sembah sujud
Konjuk ing ngarsa paduka
Gusti Alloh maha suci
Guru wilangan lan guru lagu tembang macapat ing duwur yaiku…
A. 8a, 11i, 8u, 8a, 12u, 8a, 8i
B. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
C. 8i, 11a, 7a, 8i, 12a, 8i, 8i
D. 8i, 11i, 7a, 8a, 12i, 8i, 7a

23. Gatekna tembang ing ngisor iki!


Bapak Pucung
Cangkemu madhep mandhuwur
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kereng
Prapteng wisma
Si pucung mutah kuwaya
Batange tembang pucung ing nduwur yaiku…
A. Kendhi
B. Cingkir
C. Gelas

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
9
Bahasa Jawa SD
D. Jun

24. Gatekan pratean crita ing ngisor iki!

Awit sak wulan kapungkur, Rudi ora mlebu sekolah. Dheweke lara tipes lan ora doyan mangan
nganti awake kari lunglit. pungksane Rudi diramut ing Rumah sakit wetara rong minggu.
Kancane sekolah padha sambang. Rudi duweni semangat maneh, doyan mangan, lan bali
sehat.

Miturut paragraf kasebut sing kalebu tembung camboran tugel yaiku ….


A. kapungkur
B. lunglit
C. diramut
D. semangat

25. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Para warga Desa Sukosewu cancut tali wanda ndandani dalan kang rusak.

Ukara ing dhuwur kang klebu tembung entar yaiku ….


A. tali wanda
B. para warga
C. ndandani
D. kang rusak

26. Gatekna ukara ing ngisor iki!


Anggonku bisa nyekolahake anak dakrewangi nibo tangi.

Ukara ing dhuwur kang klebu tembung saroja yaiku ….


A. anggonku
B. nyekolahake
C. dakrewangi
D. nibo tangi

27
pangucape sing bener yaiku ….
.

A. patil lele
B. patih lele
C. patil rene
D. patih rene

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
10
Bahasa Jawa SD

28. Gatekna ukara nganggo aksara Jawa ing ngisor iki!


I

II

III

IV

Ukara ing dhuwur kang nganggo aksara ma lan pasangan ba yaiku ukara nomer ….
A. I
B. II
C. III
D. IV

29. Gatekna crita ing ngisor iki!


Wahyu ora oleh nyedhaki setrum listrik, amarga isih cilik. Nanging dheweke ora nggugu.
Deweke njajal masang lampu dhewe. Amarga kurang ati-ati mula dheweke kesetrum.
Wahyu nangis gero-gero, tangane mlicet, lan abang branang.
Bapakke Wahyu bingung ngerti anake kesetrum. Wahyu langsung digawa ing rumah
sakit. Gara-gara Wahyu sing nekat dolanan setrum mula wong tuwane dadi repot lan
susah.

Bebasan kang mathuk kanggo nggambarake kedadeyan kesebut!


A. Anak polah bapa kepradhah
B. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
C. Didhadhunga medhot, dipalangana mlumpat
D. Diwenehi ati ngrogoh rempela

30. Gatekna tabel ing ngisor iki!

No. Bebasan Artine


1) Mikul dhuwur mendhem jero Bisa njunjung drajate wong tuwa
2) Ora tembung ora tawung Wong kang nduweni sifat ora cerewet
3) Gupak pulut ora mangan nangkané Melu rekasane, ora melu senenge
4) Nabok nyilih tangan Ora iso njaga rahasia

Bebasan lan artine kang trep yaiku ana ing nomer ….


A. 1)

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
11
Bahasa Jawa SD
B. 2)
C. 3)
D. 4)

31. Gatekna cangkriman ing ngisor iki!


Ana gajah numpak becak, ketok apane?
Batangane cangkriman ing nduwur yaiku ….
A. ketok buntute
B. ketok ngapusine
C. ketok gedene
D. ketok tukang becake

32. Gatekna cangkriman ing ngisor iki!


Anake gelungan … ngrembyang. Batangane yaiku pakis.
Tembung kang mathuk kanggo njangkepi cangkriman ing dhuwur yaiku ….
A. ibune
B. bapake
C. adhike
D. mbakyune

33. Gatekna batangan cangkriman ing ngisor iki!


Ngundhuh krambil
Cangkriman kang trep kanggo batangan ing dhuwur yaiku ….
A. Ing dhuwur wayangan, ing ngisor jedhoran
B. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong
C. Emboke di elus elus anak di idak-idak
D. Urang sapikul matane pira?

34. Gatekna paribasan ing ngisor iki!


Becik ketitik ala ketara

Tegese paribasan nduwur yaiku ….


A. anak kudu bisa njunjung drajate wong tuwa.
B. samubarang gegayuhan mbutuhake ragad utawa biaya.
C. tumindak becik lan tumindak ala mesthi bakal ketara tembe mburine.
D. saben uwong wes diwenehi panduman saking Gusti kanthi adil.

35. Gatekna paribasan ing ngisor iki!


Rukun agawe .... crah agawe bubrah.
Tembung kang mathuk kanggo njangkepi paribasan ing dhuwur yaiku ….
A. ayem

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
12
Bahasa Jawa SD
B. mulya
C. sentosa
D. tentrem
36. Gatekna crita ing ngisor iki!

Ana bocah kang aran Si Thukul, senenge sok ngumbar kasaguhan marang kanca-kancane.
Nanging kasaguhan mau ora nate kalaksanan, mung waton muni wae.
Ing wayah sore Si Thukul dolan ing alun-alun karo kanca-kancane, Ing kana mau Si Thukul
banjur metu kasaguhane maneh, kang tembunge mangkene: “Heh kanca, mengko bengi
menyanga omahku, dakwenehi buku wacan siji-siji”.
Bareng wayah wis ngancik wengi, kanca-kancane teka ning omah. Nanging Si Thukul
digoleki ora ana, dheweke ndhelik ing buri omah.
Dheweke wedi yen ditagih, awit satemene ora duwe buku wacan. Kanca-kancane nesu,
banjur padha bali mulih karo ngedumel.
Paribasan lan tegese kang cocok kanggo kahanan ing duwur yaiku ...
A. Kakean gludhug kurang udan tegese akeh omonge ora ana nyatane
B. Becik ketitik ala ketara tegese becik lan ala bakal ketara tembe mburine
C. Idu didilat maneh tegese murungake janji seng wis diucapake
D. Kementus ora pecus tegese seneng umuk nanging ora sembada

37. Teks 1
Bunglon minangka kewan sing aneh lan unik. Dheweke bisa adaptasi ing lingkungane
kanthi cara mimikri. Bunglon bisa ganti warna kulit supaya cocog karo warna papan ing
sakubenge kanggo ngapusi predator. Yen bunglon cedhak karo godhong ijo, bakal dadi ijo.

Teks 2
Kadal nduweni kabisan kanggo adaptasi kanthi autotomi. Yen dheweke rumangsa kaancam
bebaya bakal nugel buntute dhewe kanggo uwal saka cengkreman mungsuh kang diarani
autotomi. Buntut sing ditinggal bisa obah-obah dhewe, lan predatot katipu tugelan buntut
mau. kadal bisa mlayu luwih adoh saka predator.
Bedane teks kasebut yaiku ....
A. Teks 1 ngenani warna kulit bunglon, Teks 2 ngenani buntute kadal
B. Teks 1 ngenani musuhe bunglon, Teks 2 ngenani musuhe kadal
C. Teks 1 ngenani adaptasi bunglon, Teks 2 ngenani adaptasi kadal
D. Teks 1 ngenani adaptasi autotomi, Teks 2 ngenani adaptasi mimikri

38. Gatekana pretelan crita iki!

Bung Tomo utawa Sutomo miyos 3 Oktober 1920 ing dhaerah kampung Blauran, Surabaya.
Miyos saking rama kang paring asma Kartawan Tjiptowidjoyo. 
Rama saking Bung Tomo niki nyambut damel dadi abdi pegawai pemarentah.
Bung Tomo yaiku pahlawan kang kondhang saking Surabaya.  Amerga kabisane nalika
mandegani (mimpin) warga masyarakat Surabaya nglawan panjajah Walanda kanthi bala

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
13
Bahasa Jawa SD
tentarane aran NICA. Paperangan kasebut kedadean 10 November 1945. Saking gedhene
paperangan iki, tanggal 10 November 1945 dipengeti minangka dina Pahlawan. Bung Tomo
yaiku pahlawan nasional Indonesia kang kondhang.
Isi crita kasebut yaiku ....
A. Miyose Bung Tomo nganti tumekane pati.
B. Bung Tomo pahlawan nasional Indonesia
C. Trahing keluarga Bung Tomo utawa Sotomo
D. Perjuangane Bung Tomo nglawan Belanda

39. Wacanen kanthi setiti!


Budi lan dayaning manungsa bisa ngasilake budaya. Salah sijine, yaiku budaya Jawa.
Wujud budaya Jawa ing antarane: basa Jawa, aksara Jawa, wayang, gamelan, tari-tarian,
keris, batik, kethoprak, lan sapanunggalane. Banjur, apa globalisasi iku? Tembung
globalisasi asale saka tembung globe.
Informasi kang cocog marang teks ing dhuwur yaiku …
A. Ilange budaya asli saka Jawa.
B. wujude badaya Jawa
C. Budaya jawa soyo ora tinemu.
D. Globalisasi

40. Wacanen kanthi setiti teks informasi ing ngisor iki!


Oyot jati sing biasane dienggo kayu bakar, saiki dikedhuk wutuh ora dipeceli, nanging
bab iki ora gampang amarga mbutuhake tenaga lan akal supaya bisa digawa mulih
wutuhan. Ora kanyana oyot oyot jati sing maneka warna wujude mau dadi pangasilan
tumprape tangan-tangan kang trampil. Oyot oyot mau digarap dadi barang seni sing
ajine yutan rupiah.
(Matoh Basa Jawa, Tim KKG Basa Jawa 2015)
Pratelan kang cocog marang isi teks informasi ing dhuwur iki yaiku …

A. Oyot jati saiki kanggo kayu bakar.


B. Ora gampang gawa mulih oyot jati wutuhan.
C. Oyot jati bisa dadi dhuwit yutan rupiah.
D. Oyot jati yen diekspor ing manca nagara ajine yutan rupiah.

41. Wacanen kanthi setiti!


Cut Nya Dien iku Pahlawan Nasional Indonesia saka Aceh. Panjenengane berjuang
nglawan Walanda nalikane perang Aceh. Cut Nya Dien murka dumateng Walanda
amarga Walanda nyiksa kaum pribumi. Sawise Nikah karo Teuku Umar,
panjenengane bebarengane nerusake peperangan nglawan walanda.
Ukara pitakon kang mathuk kanggo wacan ing dhuwur yaiku ...
A. Kapan Cut Nya Dien seda?
B. Kepiye kedadeyane perang Aceh?

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
14
Bahasa Jawa SD
C. Cut Nya Dien iku pahlawan saka ngendi?
D. Kepiye carane nglawan Walanda?
42. Wacanen kanthi setiti!

Prahara banjir bandhang medhotake kreteg sing ngubungake dalan kang ana ing
Kecamatan Gondang. Pedhote kreteg mau nyebabake bantuan kanggo korban prahara
banjir bandhang sing diliwatake BPBD ora bisa dikirim kanthi lancar. Sak liyane iku, prahara
banjir bandhang uga ngrendhem atusan omahe warga.
Ukara pokok saka paragraf ing dhuwur yaiku ...
A. Prahara banjir bandhang medhotake kreteg
B. Prahara banjir bandhang medhotake kreteg sing ngubungake dalan kang ana
ing Kecamatan Gondang
C. Pedhote kreteg mau nyebabake bantuan kanggo korban prahara banjir
bandhang sing diliwatake BPBD ora bisa dikirim kanthi lancar.
D. Sak liyane iku, prahara banjir bandhang uga ngrendhem atusan omahe warga.

43. Wacanen teks pidhato iki kanthi setiti!

Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu
Guru saha tamu undhangan ingkang kula kurmati, para siswa ingkang kula tresnani. Puji
syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit rahmat sarta
hidayahipun ing wekdal menika kita sedaya saged makempal kanthi kawontenan rahayu
wilujeng nir ing sambekala.

Kula remen sanget sarta matur nuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Kepala
Sekolah saha Bapak Ibu Guru, dene ing acara pepisahan kelas 6 menika kula wali siswa
diparingi wekdal kangge nularaken kawruh ing babagan usaha damel kripik welud.

Bapak Ibu ingkang kinurmatan, para siswa ingkang kula tresnani, perlu kawuningan bilih
anggen kula nindakaken usaha damel kripik welud menika sampun puluhan taun. Nanging
usaha kula menika mboten langsung lancar Ian maju kados samenika. Kathah pepalang
ingkang kula adhepi. Kanthi bandha tekad, ulet, Ian semangat ingkang makantar-kantar
sekedhik mbaka sekedhik usaha kula saged lancar.

Samenika kripik welud kula sampun dados jujugan tiyang damel oleh-oleh khas dhaerah
mriki. Bab menika saged ningkataken ekonomi kulawarga kula. Kejawi menika saged
mbikak lapangan kerja kangge tanggi tepalih. Bapak Ibu Guru Ian para siswa, ing
kalodhangan menika kula namung saged atur panjurung mugi – mugi para siswa benjang
sageda gadhah krenteg nindakaken wira usaha. Amargi kanthi wira usaha ingkang temen
saged ningkataken ekonomi kulawarga.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten lepatipun atur kula saha solah bawa
ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum Wr. Wb
Isi pidhato ing dhuwur yaiku ...
A. Andharan bab usaha kripik welud
B. Kenalan wali siswa anyar
C. Mupangate wira usaha
D. Perpisahan kelas enem

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
15
Bahasa Jawa SD

44. Gatekna punggelan teks pidhato iki!


Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmat, para siswa ingkang kula
tresnani, perlu kawuningan bilih anggen kula nindakaken usaha rengginang tengiri
menika sampun lumampah 17 taun. Nanging usaha kula menika mboten langsung lancar
lan maju kados samenika. Kathah pepalang ingkang kula adhepi. Kanthi bandha tekad,
ulet, lan semangat ingkang makantar-kantar sekedhik mbaka sekedhik usaha kula saged
lancar. Samenika rengginang tengiri prodhuk kula sampun dados jujugan tiyang damel
oleh-oleh khas saking dhaerah mriki. Bab menika saged ningkataken ekonomi kulawarga
kula. Kejawi menika kula saged mbikak lapangan kerja kangge tanggi tepalih.

Ukara penutup kang trep kanggo teks pidhato ing dhuwur yaiku …
A. Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, sepisan malih kula ndedonga mugi
tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah. Wasana cekap semanten atur kula,
menawi wonten lepatipun atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula
nyuwun agunging samodra pangaksami.
B. Nuwun Bapak Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak Ibu Guru
saha karyawan ingkang kula hormati, para siswa tuwin rencang-rencang ingkang kula
tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita
saged makempal kanthi pinaringan karahayon.
C. Kula remen sanget dene ing kalodhangan menika kula minangka wali siswa dipunparingi
wekdal kangge sesorah ing sekolahan mriki. Atur panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng Bapak Ibu Guru saha Bapak Kepala Sekolah ingkang sampun maringi wekdal
tumrap kula kangge nularaken kawruh ing babagan usaha damel rengginang tengiri.
D. Bapak Ibu Guru, Bapak Kepala Sekolah lan para siswa, ing kalodhangan menika kula
namung saged paring panjurung mugimugi para siswa mangke sageda gadhah krenteg
kangge nindakake wira usaha. Amargi kanthi wira usaha saged ningkataken ekonomi
kulawarga.
45. Gatekna punggelan teks pidhato iki!
Bapak-bapak, Ibu-ibu saha para kanca anggota Karang Taruna. Ancas tujuan
pepanggihan menika kangge ngrancang adhicara pameran. Mangga sesarengan kita
ngrancang jadwalipun. Lajeng prodhuk unggulan menapa ingkang badhe dipun
pameraken. Ingkang baku prodhuk unggulan kedah ingkang dados ciri khas dhusun
Sukamaju mriki. Mangga sabibaripun kula matur, kita ngempal manut seksi-seksi ingkang
sampun kasusun. Minangka ketua panitia kula gadhah pangajab adicara ing enjing menika
ngasilaken keputusan ingkang sae.
(Tantri Basa Kelas 6, kaca 86)
Punggelan pidhato kasebut kalebu ….
A. salam pambuka
B. purwaka basa
C. surasa basa

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
16
Bahasa Jawa SD
D. wasana basa
46. Wacanen tembang iki!
Sekar gambuh ping catur,
Kang cinatur polah kang kalantur,
Tanpa tutur katula-tula katali,
Kadalu warsa katutuh,
Kapatuh pan dadi awon.

Watak tembang macapat kasebut, yaiku ….


A. gagah, kuat, perkasa, lan tulus
B. sedih, lan kebak cangkriman
C. kebak pitutur lan blak-blakan
D. sumanak, nyadulur, lan pitutur
47. Wacanen tembang iki!
Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangekese dur angkara
Dasanama tembung kang katulis kandel ana ing tembang kasebut yaiku ….
A. kakuatan
B. pangaji
C. bacutane
D. pungkasane

48. Gatekna tembang iki kanthi patitis!


Sasmitaning para dwija
Pamrih rukun lan sapadha sayekti
Mula aja tukar padu
Sapepadhane rowang
Guyup rukun manunggaling mrih aruntut
Nut ing wedha winursita
Kawuryan sunaring Gusti
Guru gatra tembang ing dhuwur yaiku ….
A. 4
B. 7
C. 10
D. 12
49. Gatekna aksara Jawa ing ngisor iki!

Tulisan Aksara Jawa kasebut, unine sing bener yaiku …


A. Tahun iki Doni umur 32 tahun.

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO
P2
DOKUMEN NEGARA

SANGAT RAHASIA
17
Bahasa Jawa SD
B. Tahun iki Doni umur 12 tahun.
C. Tahun iki Soni umur 12 tahun.
D. Tahun iki Soni umur 32 tahun.

50. Gatekna tembang iki!


Ketatengi tangis sira
Sira sang paramengkawi
Kawileting tyas duhkita
Kataman ing reh wirangi
Dening upaya sandi
Sumaruna anerawung
Mangimur manuhara
Met pamrih melik pakoleh
Temah suka ing karsa tanpa wiweka
Guru lagu a ing tembang kasebut ana ing gatra kaping ….
A. 1
B. 3
C. 5
D. 7

Bahasa Jawa-SD-P2-2022/2023 ©
Hak Cipta pada KKG 1 BOJONEGORO

Anda mungkin juga menyukai