Anda di halaman 1dari 4

Lomba : Mendongeng Bahasa Jawa

Nama Peserta : Anita Zahratun Nisa


Instansi : SD Negeri Kalikondang 1

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Bapak/Ibu dewan juri ingkang kula ngurmati lan sederek-sederek ingkang kula tresnani.
Tepangaken nami kula Anita Zahratun Nisa , saking SD Negeri Kalikondang 1 Demak.
Wonten ngriki kula bade dongeng ingkang judulipun ”Legenda Mbah Jegot Ing Alas Donoloyo”,
Lan taseh wonten gandheng cenenge Masjid Agung Demak, Mbah Jegot, lan Wali Sanga.

Legenda Mbah Jegot ing Alas Donoloyo

Ing jaman kawitan madege Kasultanan Demak, Raden Patah kang mujudake sultan kapisan
ing Kasultanan Demak pengin nggawe masjid agung, kanggo sembahyang kawulane.

Kanggo mujudake gegayuhane Sultan Demak ngutus para wali sanga golek kayu jati menyang
alas Donoloyo kang ana ing dhaerah Wonogiri.

Sawise prentah ditampa, para wali sanga banjur lunga menyang alas donoloyo.
Tekan kono para wali banjur nembung menyang Ki Ageng Donoloyo.

Miturut crita Ki Ageng Donoloyo mujudake pawongan kang duwe alas Donoloyo.
Rampung ngandharake angkah lan tujuane menyang alas Donoloyo.
Para wali sanga diijini golek kayu jati sing disenengi, lan dianggep pantes kanggo nggawe
masjid demak.
Nalika sunan-sunan liyane golek kayu sing gedhe lan lurus wite.
Sunan Kalijaga malah nglumpukake kayu sisane wali liyane.
Sisa-sisa kayu kang sinebut tatal kuwi diklumpukake lan disusun nganti dadi saka.

Cekake critan sawise ngucapake matur nuwun, para wali bali menyang Kasultanan Demak
meneh.
Satekane kasultanan Demak, kayu – kayu jati kui banjur digarap kanggo bangun masjid.
Akeh sing ngrasa nggumun karo apike kayu jati saka alas Donoloyo.
Mung wektu iku ana kayu siji kang rada aneh wujude kayune ora lurus kaya kayu jati liyane.

1
Banjur para tukang lan para wong sing nonton proses pembangunan Masjid Agung Demak
akeh sing maido lan ngilokna kasebut kanthi tetembungan kang ora pantes.

Menawa wae, merga rumangsa dipaido lan dielek-elek merga wujude ora sampurna.
Kayu jati iku banjur mabur lan bali maneh menyang alas Donoloyo.
Tekan saiki kayu jati iku isih ana lan manggon ing satengahe alas Donoloyo.
Warga alas donoloyo ngarani kayu kasebut kanthi sebutan Mbah Jegot.

Mekaten njih sederek-sederek dongeng Legenda Mbah Jegot ing Alas Donoloyo.
Wassalam mualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

2
(Pada masa awal berdirinya Kesultanan Demak, Raden Patah yang merupakan sultan pertama
di Kesultanan Demak ingin membangun sebuah masjid besar untuk umatnya berdoa.

Untuk mewujudkan ambisinya, Sultan Demak mengutus sembilan wali untuk mencari kayu jati
di Hutan Donoloyo di daerah Wonogiri.

Setelah perintah diterima, sembilan wali pergi ke hutan donoloyo.

Sesampainya di sana, para wali mendatangi Ki Ageng Donoloyo. Menurut cerita Ki Ageng
Donoloyo adalah pemilik hutan Donoloyo.

Selesai menjelaskan maksud dan tujuan ke hutan Donoloyo. Kesembilan wali tersebut
diperbolehkan mencari kayu jati yang mereka sukai dan dianggap layak untuk membangun
masjid demak.

Ketika sunan-sunan lainnya mencari pohon yang besar dan lurus, Sunan Kalijaga justru
mengumpulkan sisa kayu wali lainnya.

Sisa-sisa kayu yang disebut tatal dikumpulkan dan disusun hingga menjadi seperti semula.
Ceritanya setelah mengucapkan terima kasih sudah diperbolehkan mencari kayu jati. Para wali
kembali lagi ke Kesultanan Demak.

Tiba di Kesultanan Demak. Kayu jati tersebut kemudian mulai dikerjakan untuk membangun
masjid.

Banyak yang kagum dengan keindahan kayu jati dari hutan Donoloyo. Hanya saat itu ada satu
kayu yang bentuknya agak aneh.

Meski bentuknya besar, kayunya tidak lurus seperti kayu jati lainnya. Karena memiliki bentuk
yang berbeda dari kayu jati lainnya.

3
Lalu para tukang bangunan dan masyarakat yang menyaksikan proses pembangunan Masjid
Agung Demak banyak sekali para mengkritiknya dengan kata-kata yang tidak senonoh.

Merasa sedang diejek dan diolok-olok karena mereka tidak sempurna, kayu jati tersebut
kemudian terbang menjauh dan kembali ke hutan Donoloyo.

Hingga kini kayu jati tersebut masih ada dan hidup di tengah hutan Donoloyo. Masyarakat
sekitar hutan donoloyo menyebut kayu itu sebagai Mbah Jegot).

Anda mungkin juga menyukai