Anda di halaman 1dari 6

22/04/23, 04.

21 Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng | NU Online

KHUTBAH

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah


Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng
Ahmad Muntaha AM  Jumat, 21 April 2023 | 06:30 WIB

Khutbah I
 
‫ َك ِبْيًرا َواْل َحْمُد‬.‫ َاللُه َأ ْك َبُر‬،‫ َاللُه َأ ْك َبُر‬،‫ َاللُه َأ ْك َبُر … َاللُه َأ ْك َبُر‬،‫ َاللُه َأ ْك َبُر‬،‫ َاللُه َأ ْك َبُر … َاللُه َأ ْك َبُر‬،‫ َاللُه َأ ْك َبُر‬،‫َاللُه َأ ْك َبُر‬
‫ َوَهَزَم اْلَأ ْحَزاَب‬،‫ َوَأ َعَّز ُجْنَدُه‬،‫ َوَنَصَر َعْبَدُه‬،‫ َصَدَق َوْعَدُه‬،‫ لآ ِإ لَه ِإ َّل ا اللُه َوْحَدُه‬.‫ِلّلِه َكِثيًرا َوُسْبَحاَن اللِه ُبْكَرًة َوَأ ِصيًلا‬
‫ ُمْخِلِص يَن َلُه الِّديِن َوَلْو َكِرَه اْلَكاِفُروَن‬،‫ لآ ِإ لَه ِإ َّل ا اللُه َوَلا َنْعُبُد ِإ َّل ا ِإ َّي اُه‬.‫َوْحَدُه‬
 
‫ َالّلُهَّم َص ِّل َوَسِّلْم َوَباِرْك‬.‫ َوَأ ْشَهُد َأ َّن َسِّيَدَنا ُم َّمَح ًدا َعْبُدُه َوَرُسوُلُه‬،‫ َأ ْشَهُد َأ ْن لآ ِإ لَه إَّل ا اللُه َوْحَدُه َلا َشِريَك َلُه‬.‫َاْل َحْمُد َّلِلِه‬
.‫ ُأ وِصيُكْم ِإَو َّي اَي ِبَتْقَوى اللِه‬، ‫ َفيآ َأ ُّي َها الَّن اُس‬،‫ َأ َّم ا َبْعُد‬.‫َعَلى َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى آِل َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى َأ ْص َحاِب َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد‬

‫ َأ َّم ا َبْعُد‬.‫ ُأ ْدُخُلوَها ِبَسَلاٍم آِمِنيَن‬،‫ْلُم ِقيَن ِفي َجَّن اٍت َوُعُيوٍن‬
‫ِإ َّن ِل َّت‬
 
Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,

Baca Juga:
Khutbah Idul Fitri 1444 H: Renungan Suci di Hari yang Fitri
Wonten pepanggihan injing puniko, monggo kito ngaturaken puji lan syukur dumateng
Allah subhanahu wa ta'ala, Pengeran ingkang sampun paring kesempatan dumateng kito
sedoyo ngibadah poso Ramadhan sak wulan nutuk, jamaah tarawih lan witir, soho
tadarusan ugi sak wulan. Kasyukuran kita sedoyo sampun sak prayoginipun kito lahiraken
kanti waosan tahmid sesarengan, alhamdulillahi rabbil alamin.

Wonten awal khutbah puniko mboten kasupen, monggo kito sareng-sareng ningkataken,


ngukuhaken, lan nguwataken ketakwaan dumateng gusti Allah, langkung-langkung sak
sampunipun ngelampai ngibadah wonten saklebetipun wulan Ramadhan. Ketakwaan kito
wonten wulan Ramadhan ingkang sekedik katah sampun meningkat, posonipun katah;
Banyak
Diskon
Buat
Nikmati
sholatipun promo
cerita
10%
keuntungan
tambah baru
buatsedekahipun
katah; ikut mundak; nafkah lan perhatianipun dumateng
traveling dengan #TravelWithVisa Learn More
Bike Tour
keliling
transaksi
keluarga ugi Singapura
nonlonggar;
tambah tunaiseserawunganipun dumateng sederek, tetanggi lan rencang
kartu Visa
https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-idul-fitri-bahasa-jawa-berkah-riyoyo-langgeng-dumugi-setahun-ngajeng-Ciioa 1/6
22/04/23, 04.21 Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng | NU Online

ugi tambah sae; monggo wonten pepanggihan riyoyo injing punika, kito niati, kito
tingkataken malih dumugi Ramadhan tahun ngajeng.
 
Ampun ngantos prestasi ngibadah ritual lan ngibadah sosial ingkang sae puniko, mandek
mak jegrek, sesarengan telasipun wulan Ramadhan lan ngincik wulan Syawal wonten
injing puniko. Kito sareng-sareng iling dawuhipun Imam Al-Ghazali wonten Kitab Ihya
Ulumiddin, juz IV koco 382:
 
‫ َبْل َشٌّر َلا َيُدْوُم َخْيٌر ِمْن َخْيٍر َلا َيُدْوُم‬،‫َلا َخْيَر ِفْي َخْيٍر َلا َيُدْوُم‬
 
Artosipun, “Mboten wonten kesaenan ingdalem kesaenan ingkang mboten langgeng. Malah
perkawis awon ingkang mboten langgeng, langkung sae tinimbang kesaenan ingkang
mboten langgeng.”

Baca Juga:
Khutbah Idul Fitri: Lebaran, Mudik, dan Orang Tua
 
Ngibadah niku sae, poso sae, shalat sae, shodaqoh sae, srawung niku sae, nyekapi
kebutuhan, paring kalonggaran, lan perhatian kasih sayang dumateng keluargo niku sae.
Ananging menawi ngantos mandek mak jegrek, mboten dilampahi maleh, mboten diajegi,
sedoyo wau dados blas mboten wonten saenipun.
 
Sakwangsulipun, nekat mboten poso niku awon; nekat mboten shalat, nekat nglarani
rencang, nekat mboten ngopeni keluargo, niku babar blas mboten sae. Tapi menawi kok
mandek mak jegrek, kapok mboten mangsuli malih perkawis-perkawis awon puniko,
sedoyo dados sae.
 
Ingkang nekat mboten poso Ramadhan enggal-enggal nyaur utang poso mulai tanggal
kalih (2) Syawal. Ingkang tasih glang-gling shalatipun mulai kerso sinahu mbiasaaken
sholat, langkung-langkung mulai nyicil nyaur utang sholat ingkang kadung dipun tilar.
Ingkang wonten perkawis kalih rencang, tetanggi utawi sederek, kerso ngerintis solusi
ingkang paling memungkinkan. Ingkang wekdal-wekdal kepengker tasih kirang
anggenipun paring nafkah lan perhatian dumateng keluargo, mulai kerso usaha pados
nafkah ingkang halal lan langkung cekap, saha kerso paring perhatian ingkang lebih
dumateng garwo lan poro putro.
 
Sedoyo perkawis awon kolo wau, menawi mboten dipun lampahi malih, menawi dipun
kapoki, mandek mak jegrek, sedoyo dados sae. Malah langkung sae tinimbang ngibadah
lan kesaenan ingkang mandek mboten berlanjut.

https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-idul-fitri-bahasa-jawa-berkah-riyoyo-langgeng-dumugi-setahun-ngajeng-Ciioa 2/6
22/04/23, 04.21 Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng | NU Online

 
Sedoyo puniko, keranten keawonan ingkang mboten langgeng, menawi mandek mak
jegrek, puniko mbeto kebungahan. Sakwangsulipun, kesaenan ingkang mboten langgeng,
menawi mandek mak jegrek, punika bade ndugeaken kesusahan.
 
Penyair agung asal Kufah Irak, Abut Thoyyib Al-Mutanabbi (ingkang sedo tahun 354 H),
ndawuhaken wonten salah setunggal syairipun:
 
‫ َتَيَّق َن َعْنُه َصاِح ُبُه اْنِتَقاًلا‬  *  ‫َأ َش ُّد الَغِّم ِعْنِدْي ِفي ُسُروٍر‬
 
Artosipun, “Kesusahan ingkang paling abot, inggih kesusahan ingdalem kebungahan
ingkang enggal sirno.”
 
Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi kesaenan, sakyektosipun bade enggal
sirno. Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi ngibadah, bade dumugeaken
kesusahan. Kebungahan kito anggenipun mandek nglampahi amal sholeh, bade dados
kesusahan ingkang langgeng. Na'udzubillahi, naudzubillahi min dzalik.
 
Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,
Sinaoso amal sholeh punika sae, tapi kedah dipun ukur lan wonten istirahatipun. Islam
ngajaraken poso, tarawih, lan darusan sak wulan nutuk; ananging Islam ugi ngajaraken
istirahat saking poso, sholat, lan darusan. Malah Islam ngaromaken poso wonten dinten
riyoyo Idul Fitri puniko.
 
Sepindah wekdal, Sayyidina Abu Bakar wonten dinten riyoyo nuweni putrinipun,
injih puniko Sayyidah Aisyah, garwo Kanjeng Agung Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi
wasallam. Abu Bakar tratapan sanget, kranten wonten ngajeng Aisyah, wonten
saklebetipun griyo Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam, wonten lare estri kalih
nyanyeaken lagon-lagon.
 
Mboten sronto ningali kahanan puniko, Abu Bakar duko sak duko-dukonipun:
 
‫َأ ِبُمْزُموِر الَّش ْيَطاِن ِفى َبْيِت َرُسوِل الَّل ِه صلى الله عليه وسلم‬
 
Artosipun, “Onoto lagon-lagon setan dinyanyeake ono griyone Rasulullah shallalahu 'alaihi
wasallam?”
 
Ningali moro sepuh duko-duko mekaten, Rasulullah shallalahu 'alaihi wasallam dawuh:
 
https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-idul-fitri-bahasa-jawa-berkah-riyoyo-langgeng-dumugi-setahun-ngajeng-Ciioa 3/6
22/04/23, 04.21 Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng | NU Online

‫ ِإ َّن ِلُكِّل َقْوٍم ِعْيًدا َوَهَذا ِعْيُدَنا‬،‫َيا َأ َبا َبْكٍر‬


 
Artosipun, “Abu Bakar, temen saestu angger-angger masyarakat gadah riyoyo piyambak-
piyambak; lan dinten niki, dinten riyoyo kito umat Islam.” (Hadits riwayat Imam Al-
Bukhari lan Muslim).
 
Maksudipun punopo dawuh Kanjeng Nabi Muhammad shallalahu 'alaihi wasallam puniko?
 
Mboten lintu, maksudipun inggih sampun sakwajaripun, menawi wonten saklebetipun
dinten riyoyo, umat Islam ngelahiraken kebungahan. Saget kanti nyanyeaken lagon-lagon
kanthi tetap njogo perilaku lan akhlak ingkang sae, ngobrol-ngobrol ringan, dahar-dahar,
utawi hiburan lintu-lintu nipun. Semisal photo-photo lan mendet video sareng-sareng,
utawi pelesir wonten panggenan-panggenan ingkang ngremenaken manah.
 
Catetanipun namung setunggal, pokok mboten maksiat lan nyarak kesopanan, wujud
kebungahan kados puniko angsal-angsal mawon.
 
Hadirin hadirot jamaah shalat Idul Fitri ingkang minulyo,
Monggo dinten riyoyo puniko kito manfaataken sak sae-saenipun. Kangge silaturrahim,
nepung pasederean, saling berkunjung, lan pados hiburan ingkang ngremenaken manah.
 
Mangke, menawi sampun cekap seminggu kalih minggu, kito wangsul malih wonten
pendamelan piyambak-piyambak. Ingkang sekolah utawi mondok, wangsul sekolah lan
mondok malih. Ingkang nyambut damel, wangsul nyambut damel malih, wonten sabin,
pasar, sekolah, kantor utawi pabrik. Ingkang sakmeniko wangsul mudik, mangke wangsul
wonten kuthonipun piyambak-piyambak.
 
Sedoyo wangsul nyambut damel malih kanthi mbeto kebungahan, kebahagiaan, lan
tentunipun mbeto peningkatan keimanan lan ketakwaan dumateng Allah subhanahu wa
ta'ala.
 
Mugi-mugi ngibadah kito saklebetipun wulan Ramadhan lan dinten riyoyo Idul Fitri
puniko, ugi silaturahim lan ngapuran-ngapuranan kito sedoyo, nitisaken berkah kangge
kito, berkah kangge keluargo kito, berkah kangge bondo kito, berkah kangge ngamal kito,
lan berkah kangge gesang kito sedoyo. Syukur-syukur kito waget manggihi Ramadhan lan
riyoyo tahun ngajeng, kanti kesarasan, kesuksesan, lan karaharjan. Amin, amin, amin, ya
rabbal 'alamin.

https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-idul-fitri-bahasa-jawa-berkah-riyoyo-langgeng-dumugi-setahun-ngajeng-Ciioa 4/6
‫‪22/04/23, 04.21‬‬ ‫‪Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng | NU Online‬‬

‫‪ ‬‬
‫بسم الله الرحمن الرحيم‪َ .‬واْلَعْصِر (‪ِ )1‬إ َّن اْلِإ ْنَساَن َلِفي ُخْسٍر (‪ِ )2‬إ َّل ا اَّلِذيَن آَمُنوا َوَعِمُلوا الَّص اِل َحاِت َوَتَواَصْوا ِباْل َحِّق‬

‫َوَتَواَصْوا ِبالَّص ْبِر (‪َ .)3‬باَرَك اللُه ِلْي َوَلُكْم ِباْلُقْرآِن اْلَعِظْيِم‪َ ،‬وَنَفَعِنْي ِإَو َّي اُكْم ِباْلآَياِت َوالِّذْكِر اْل َحِكيِم‪َ ،‬واْس َتْغِفُرْوا‬
‫َرَّب ُكْم‪ِِ ،‬إَّن ُه ُهَو الَّتَّو اُب الَّر ِحْيُم‬
‫‪ ‬‬
‫‪Khutbah II‬‬
‫‪ ‬‬
‫َاللُه َأ ْك َبُر‪َ ،‬اللُه َأ ْك َبُر‪َ ،‬اللُه َأ ْك َبُر‪َ … ،‬اللُه َأ ْك َبُر‪ ،‬اللُه َأ ْك َبُر‪ ،‬اللُه َأ ْك َبُر‪َ … ،‬اللُه َأ ْك َبُر َوِلّلِه اْل َحْمُد‬
‫‪ ‬‬

‫َاْل َحْمُد َّلِلِه َرِّب اْلَعاَلِميَن‪َ .‬أ ْشَهُد َأ ْن َلا ِإ َلَه ِإ َّل ا اللُه َوْحَدُه َلا َشِريَك َلُه‪َ ،‬وَأ ْشَهُد َأ َّن َسِّيَدَنا ُم َّمَح ًدا َعْبُدُه َوَرُسوُلُه‪َ .‬الّلُهَّم َص ِّل‬
‫َوَسِّلْم َوَباِرْك َعَلى َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد‪َ ،‬وَعَلى آِلِه َوَأ ْص َحاِبِه َأ ْج َمِعيَن‪َ ،‬والَّت اِبِعيَن َلُهْم ِإِب ْح َساٍن ِإ َلى َيْوِم الِّديِن‪َ .‬أ َّم ا َبْعُد‪َ .‬فُأ وِصيُكْم‬
‫َوَنْفِسي ِبَتْقَوى اللِه َعَّز َوَجَّل ‪َ .‬واَّت ُقوا اللَه َتَعاَلى ِفي َهَذا اْلَيْوِم اْلَعِظيِم‪َ ،‬واْش ُكُروُه َعَلى َتَماِم الِّص َياِم َواْلِقَياِم ‪َ ،‬وَأ ْتِبُعوا‬
‫َرَمَضاَن ِبِص َياِم ِسٍّت ِمْن َش َّو اٍل‪ِ ،‬لَيُكوَن َلُكْم َكِص َياِم الَّد ْهِر‬
‫‪ ‬‬
‫َوَص ِّل الّلُهَّم َوَسِّلْم َعَلى َسِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َك َما َأ َمْر َتَنا‪َ ،‬فُقْلَت َوَقْوُلَك اْلَحُّق ‪ِ :‬إ َّن اللَه َوَمَلاِئَكَتُه ُيَص ُّل وَن َعَلى الَّن ِبِّي ‪َ ،‬يا َأ ُّي َها اَّلِذيَن‬
‫آَمُنْوا َص ُّل ْوا َعَلْيِه َوَس ِّلُموا َتْس ِليًما‪َ .‬الّلُهَّم َص ِّل َوَسِّلْم َوَباِرْك َعَلى َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى آِلِه َوَص ْحِبِه‪َ ،‬واْرَض الّلُهَّم َعِن اْل ُخَلَفاِء‬

‫الَّر اِشِديَن‪َ ،‬أ ِبي َبْكٍر َوُعَمَر َوُعْثَماَن َوَعِلٍّي ‪َ ،‬وَعْن َساِئِر الَّص َحاَبِة َأ ْج َمِعْيَن‪َ .‬الّلُهَّم اْغِفْر ِلْلُمْس ِلِميَن َواْلُمْس ِلَماِت ‪َ ،‬واْلُمْؤِمِنيَن‬
‫َواْلُمْؤِمَناِت ‪َ ،‬اْلَأ ْح َياِء ِمْنُهْم َواْلَأ ْمَواِت ‪ِ ،‬إ َّن َك َسِمْيٌع َقِرْيٌب ُمِجْيُب الَّد َعَواِت ‪َ .‬الّلُهَّم اْج َعْل ِعْيَدَنا َهَذا َسَعاَدًة َوَتلَاُحًما‪،‬‬
‫َوَمَح ًة‪َ ،‬وَأ ِعْدُه َعَلْيَنا ِباْل َخْيِر َوالَّر َحَماِت ‪َ ،‬واْلُيْمِن َواْلَبَرَكاِت ‪َ .‬الّلُهَّم‬
‫َّب‬ ‫ُأ‬ ‫َّر‬
‫َوَمَس ًة َوَتَراُحًما‪َ ،‬وِزْدَنا ِفيِه ُط َمْأ ِنيَنًة َو ْلَفًة‪َ ،‬وَهَناًء‬
‫اْج َعِل اْلَمَوَّد َة ِشْي َمَتَنا‪َ ،‬وَبْذَل اْل َخْيِر ِللَّن اِس َدْأ َبَنا‪َ .‬الّلُهَّم َأ ِدِم الَّس َعاَدَة َعَلى َوَط ِنَنا‪َ ،‬واْنُشِر اْلَبْهَجَة ِفي ُبُيوِتَنا‪َ ،‬واْح َفْظ َنا ِفي‬
‫َأ ْهِلَنا َوَأ ْرَحاِمَنا‪َ ،‬وَأ ْكِرْمَنا ِبَكَرِمَك ِفي الُّد ْنَيا َواْلآِخَرِة‪َ .‬رَّب َنا آِتَنا ِفي الُّد ْنَيا َحَسَنًة‪َ ،‬وِفي اْلآِخَرِة َحَسَنًة‪َ ،‬وِقَنا َعَذاَب الَّن ا‪،‬‬
‫اْلَجَة َمَع اْلَأ ْبَراِر‪َ ،‬يا َعِزيُز َيا َغَّف اُر‬
‫َوَأ ْدِخ ْلَنا َّن‬
‫‪ ‬‬
‫ِء‬ ‫ِء‬
‫ِعَباَد اللِه‪ِ ،‬إ َّن اللَه َيْأ ُمُر ِباْلَعْدِل َواْلإْح َساِن‪ِ ،‬إَو ْيَتا ِذي اْلُقْرَبى و َيْنَه ى َعِن الَفْح َشا َواْلُمْنَكِر َوالَبْغِي ‪َ ،‬يِعُظُكْم َلَعَّل ُكْم‬
‫َتَذَّك ُرْوَن‪َ .‬فاذُكُروا اللَه اْلَعِظْيَم َيْذُكْرُكْم‪َ ،‬وَلِذْكُر اللِه َأ ْك َبُر‪ِ .‬عْيٌد َس ِعْيٌد‪َ .‬وُكُّل َعاٍم َوَأ ْنُتْم ِب َخْيٍر‬
‫‪ ‬‬
‫‪Ustadz Ahmad Muntaha AM, Wakil Ketua Tanfidziyah MWCNU Kecamatan Salaman‬‬
‫‪Kabupaten Magelang Jawa Tengah‬‬
‫‪ ‬‬

‫‪https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-idul-fitri-bahasa-jawa-berkah-riyoyo-langgeng-dumugi-setahun-ngajeng-Ciioa‬‬ ‫‪5/6‬‬
22/04/23, 04.21 Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Berkah Riyoyo Langgeng Dumugi Setahun Ngajeng | NU Online

Bacaan Bilal Sholat Idul Fitri | Tutorial Ibadah

TAGS: khutbah idul fitri khutbah idul fitri

https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-idul-fitri-bahasa-jawa-berkah-riyoyo-langgeng-dumugi-setahun-ngajeng-Ciioa 6/6

Anda mungkin juga menyukai