Anda di halaman 1dari 33

PARIWARA

TEGESE

◼ Katrangan migunakake
sarana (media) kanggo
martakake bab wigati
marang warga masyarakat
lan duwe ancas tartamtu
kanthi tetembungan kang
mentes , padhet, ringkes lan
narik kawigaten
ISINE PARIWARA
DIPERANG :
1. PARIWARA LAYANAN MASYARAKAT
- Pariwara kang ora mbutuhake bathi , bakune
paring katrangan kanggo warga saka
pamarentah marang warga utawa saka warga
marang warga.
Tuladha :
- Pariwara Keluarga berencana, PUSKESMAS,
peduli lingkungan hidup, hemat energi lsp.
2. PARIWARA NIAGA
◼ katrangan kanggo nawakake
barang/jasa kanthi ancas golek
bathi
- Pariwara bis pariwisata

- Pariwara papan pomahan

- Pariwara motor

- Pariwara gedung pertemuan

- Pariwara rias temanten

- Pariwara barang-barang elektronika

- Pariwara stasiun radio,

lsp.
3. PARIWARA LOWONGAN
PADAMELAN
◼ KATRANGAN BABAGAN
KABUTUHAN PERUSAHAAN /
INSTANSI KANG BUTUH
PEGAWE ANYAR
◼ Tuladha
- Butuh sales
- Butuh tenaga las
- Butuh manager pemasaran, lsp
SARANA

• MEDIA CETAK : KALAWARTI, ARIWARTI,


SELEBARAN

• MEDIA ELEKTRONIKA : INTERNET,


KOMPUTER, RADIO, TELEVISI. Lsp.
TITIKAN PARIWARA KANG BECIK

►TEMBUNG-TEMBUNGE MENTES
►PADHET / RINGKES
►NARIK KAWIGATEN : mula
digunakake PARIKAN LAN
PURWAKANTHI
PURWAKANTHI
Tegese

 TETEMBUNGAN KANG PADHA SWARA


UTAWA PADHA SASTRA (TULISANE)
KANTHI ANCAS NAMBAH ENDAHE
UKARA KANG DIRAKIT
PURWAKANTHI GURU SWARA

⚫Tetembungan kang padha


swarane utawa aksara menga
(vokal)
⚫Tuladha :
- Aku mumEt, judhEg, AmpEk,
mbesesEk, anyEl, mangkEl
tumplEk blEg dadi siji.
TULADHA

• Tradisi kudu diuri-uri,


dipersudi, digemateni.
• Ciri wanci lali ginawa
mati .
Purwakanthi sastra

⚫Tetembungan kang padha ing aksara


sigeg (konsonane)
⚫Tuladha :
- Bocah kaya RoBoT, gawe RiBuT, wong
tuwa dadi RiBeT.
- KaLuNG KoLaNG-KaLiNG KuLa KeLi
KaLi KiLeN KuLa KaLa KuLa KeLaS
KaLiH
-Kang-kang KaKi KaKi KaKine
KaKu-KaKu Ki Kang
-BoBoT, BiBiT, BeBeT, BeBeT
-TaTa TiTi TuTug TaTaG TaTas
Tanggung TerTib
Purwakanthi guru
lumaksita
▪ unen-unen kang salah siji
tembunge/ukarane dibaleni
TULADHA
▪ Janur gunung, gunung geni lor
ngayogja
▪ Jarwa pinter, pintere satriya ing
Pringgodani
Tuladha :

▪ Janur gunung, gunung geni lor ngayogja

▪ Jarwa pinter, pintere satriya ing


pringgodani

▪ Tepi wastra, wastra kang tumrap ing


mustaka
PARIKAN
◼ TETEMBUNGAN LORO UTAWA
PATANG GATRA , PUNGKASAN
GATRANE PADHA SWARANE
◼ Gatra sepisan sampiran, gatra
kapindho tegese utawa gatra siji lan
loro sampiran, gatra telu lan papat
tegese
◼ Tuladha :
- abang-abang gendera landa
klambi abang nggo tandha mata
abang-abang gendera landa
Abang putih gendera Jepang
Sala Kutha Budaya
◼ Wajik klethik gula Jawa
gula jawa rasane legi
luwih becik sing prasaja
timbang rekasa ing tembe mburi

◼ Semarang kaline banjir


ja sumelang ra dipikir

◼ Jarik lurik suwek pinggire


tiwas dilirik wis ana sing duwe
Parikan lan purwakanthi

⚫ Janur gunung, gunung geni lor ngayogya


dolanan ing lurung, bisa gawe awak cilaka
Tuladha
- “Ngapa dhi ?”
- “Iki lo Kang, sirahku cekot-cekot rasane abot. “
- “Apa wis ditambani?”
- “Uwis nanging samsaya gawe awak lara.”
- “Aja ngombe sembarang obat, ngombe iki Pil
Buta, tamba teka lara lunga, gampang
golekane murah regane.”
Tuladha
◼ Krupuk Urang Mutiara
Nyoba sepisan dadi langganan
◼ Nikmat rasane murah regane
◼ Produksi PT. Krupuk Urang
Jagalan - Semarang
Tuladha
Dibutuhake cepet Tenaga Lapangan
Kanthi syarat :
◼ lulusan STM Listrik

◼ Diutamakake bisa nggambar jaringan

◼ Lamaran menyang PO. BOX 1085

Semarang
◼ LELAYU
◼ Ngaturi wuninga bilih dinten Rebo Pon Surya kaping 17 Pebruari
2016 tabuh jam 03.45 wonten ing Griya Jl. Srikaya III/5 RT 02/
VIII Gayaman
Bp. Bernardus Janaka
Sampun katimbalan sowan ing ngarsa Dalem Gusti kanthi tentrem,
jalaran gerah sawatawis wekdal dumugi yuswa 68 tahun.
Jenazah badhe kasarekaken dhumateng Pasareyan Bonoloyo.
Bidhal saking griya duhkita Jl. Srikaya III No. 5 RT 02 Rw VIII
Gayaman.
◼ Dinten : Rebo Pon
◼ Surya Kaping : 17 Pebruari 2016
◼ Wanci : jam 14.00 WIB
Satunggal jam saderengipun badhe dipun wontenaken
sembahyangan pemberkatan jenazah, kanthi tatacara Katolik.
Sadaya kalepatan rikala sugengipun Almarhum, dhumateng
panjenengan sadaya, kaparenga kawula suwunaken agunging
pangapunten.
Ingkang nandhang duhkita
Ibu Aloysia Srikandhi
tuladha
◼ Didol : Omah HM LT/Lb. 264/200
◼ Dalan Puri Anjasmara A. 8/12 Sukoharjo
◼ Sesambungan
08176777701/12715827445
◼ - BANJIR, BANJIR, BANJIR ...
◼ + KABEH BARANG CICIR, KULAWARGA
KOCAR-KACIR , APA DHA ORA MIKIR !
◼ - NGAPA TA PAK, PAK!
◼ + IKI LHO BU AKU SUSAH, KOWE SUSAH,
KABEH SUSAH, MARAHI AWAK LUNGKRAH!
◼ - MULANE YEN DIJAK NJAGA ALAS IKU YA
DIJAGA, AJA MALAH DITEGORI!
◼ + YA BU AKU ELING ORA DAK BALENI
MANEH.
◼ - ALAS KUDU DIJAGA LAN DIUPAYA, SUPAYA
LESTARI, KANGGO ANAK PUTU ING TEMBE
MBURI.
ASPEK PAMBIJI
1. TEKS (pariwara LAYANAN
MASYARAKAT)pendhidhikan, bebaya
narkoba tumrap para muda, lingkungan
hidup
2. BASA (purwakanthi lan parikan)
3. AUDIO(kedal, artikulasi)
4. VISUAL(pembagian tugas)
5. KREATIFITAS
Garapan pariwara direkam di CD +
teks pariwara, ditumpuk 2 minggu
setelah pemberian tugas.
Panjang pariwara 3-4 menit.
GEGURITAN
PARIKAN
GEGURITAN
► Miturutkamus basa jawa ‘geguritan’ iku
kedadean saka tembung lingga gurit kang
tegese nulis. Geguritan tegese: salah
sawijining kasusastran kang mujudake
gegambaraning pikiran lan angen-angen
sarana basa kang endah lan mentes tanpa
paugeran tartamtu.
UNSUR GEGURITAN
▪ Irah-irahan Judul : apa kang digambarake
▪ Pamilihan tembung (diksi) : digatekake duwe
teges lugu, utawa ora sabenere
▪ Lelewaning basa (gaya Bahasa) : biasane
nganggo ‘metafora’ yaiku carane nglairake
pikiran sarana mbadhingake karo barang
▪ Suara lan irama : babagan cendhek dhuwure,
alon bantere tembung utawa larik. Suara lan
irama iki ana gegayutane suasana geguritan.
▪ Tema : Intining surasa geguritan
▪ Amanat : pesen kang ditujokake marang sing
maca.
Tema
► Pendidikan
► Sosial
► Religi
► Budi pekerti
► Adat dan Tradisi
► Alam dan lingkungan hidup
► Katresnan
► Pariwisata
► lsp (lan sapanunggalane)
BAPA LAN BIYUNG GURU
Bapa lan biyung guru
Wenehana aku teken
Dakenggone jaga-jaga
Yen aku liwat dalan kang lunyu
Supaya ora keplese lakuku
Bapa lan biyung guru
Wenehana aku colok
Dakenggone nalika aku kepetengen
Supaya pener anggonku mlaku
Supaya teka ing sedyaku
Bapa lan biyung guru
Wenehana aku sabuk paningset
Dakgawene nggodi ing awakku
Supaya ben ora kebanjur ing lakuku
Tetep ana sajroning wenengkeran
Bapa lan biyung guru
Donga lan pangestumu
Muga tansah mayungana ing jiwaku
Supreh ben tentrem ayem ing uripku
Kalis sangka uler lan sesuker
⚫ Tema geguritan kasebut : bab Pendidikan
⚫ Ukara kang nuduhake lelewaning Basa yaiku
– Wenehana aku teken : Guru gegondhelaning urip
– Wenehana aku colok : Guru menehi pepadhang
– Wenehana aku sabuk paningset : guru dadi
panuntun ana ing pranatan
– Kalis saka uler lan sesuker : uwal saka karibetan

⚫ Pesen kang ana ing geguritan kasebut :


Guru iku bisa dadi panuntuning urip, mula
para murid kudu bisa ngangsu kawruh
marang guru
⚫ Purwakanthi Guru Swara
- Pungkasan Gatra 3,4 pada 1 : lunyu, lakuku
- Pungkasan gatra 3,4 pada 2: mlaku, sedyaku
- Pungkasan gatra 3,4 pada 3: awakku,lakuku
- Pungkasan gatra 1-4 pada 4:guru, pangestumu,
jiwaku, uripku
⚫ Purwakanthi Guru Sastra : -
⚫ Purwakanthi Guru Lumaksita
- Gatra 1, pada 1,-4 : bapa lan biyung guru
- Gatra 2 pada 1,2,3 : wenehana
- Gatra 3,4 pada 2 : supaya

Anda mungkin juga menyukai