Anda di halaman 1dari 2

Dia sama sekali tak menyangka jika wanita yang begitu dicintainya, yang demi mendapatkan cintanya

Rahwana mau mengorbankan nyawa ternyata anaknya sendiri yang lahir dari rahim Dewi Tari.

Baca Juga: Contoh Teks Drama Bahasa Jawa 4 Orang dengan Tema yang Beragam

Laire Drestarastra, Pandhu Dewanata, lan Widura

Sawise Sentanu seda, tahta Ngastina kaasta dening Citranggada, yaiku putra pambarepe Sentanu saka
garwane kang kapindho, Dewi Durgandini/ Setyawati. Putra kandhunge Sentanu, Bisma, dadi penasihat
kerajaan. lan mbantu ing paprentahan. Citranggada kagungan garwa cacahe loro, yaiku Dewi Ambika lan
Dewi Ambalika. Prabu Citranggada seda nalika isih enom. Citranggada seda nalika Ngastina diserang
dening pasukan raseksa kang dipimpin dening raja raseksa sekti kang asmane uga Prabu Citranggada.
Raja raseksa iki ora seneng menawa ana raja liya kang asmane padha karo dheweke. Sanadyan raja
raseksa iki bisa dipateni dening Bisma, nyawane Prabu Citranggada ora katulung.

Tahta Ngastina sawise Citranggada seda dibacutake dening rayine utawa putrane Durgandini kang
kapindho, yaiku Wicitrawirya. Randhane kakange, yaiku Ambika lan Ambalika uga dadi garwane
Wicitrawirya. Padha karo kakange, umure Wicitrawirya uga ora dawa. Lagi pirang wulan dadi raja lan
dadi garwane Ambika-Ambalika, Wicitrawirya seda amarga lara. Saka garwa kapisan lan kapindhone,
Ambika lan Ambalika durung kagungan putra.

Sawise sedane loro putrane iku, Dewi Durgandini banjur golek cara kanggo nyambung garis turune Raja
Ngastina. Durgandini ora bisa ndhawuhi Bisma dadi raja jalaran Bisma wis sumpah bakal mbujang
salawase. Mula iku, Durgandini banjur ndhawuhi putra saka garwa kapisane, Palasara, yaiku Abiyasa
supaya dadi raja. Ora mung dadi raja, Abiyasa uga didhawuhi nggarwa karo randhane Citranggada lan
Wicitrawirya, yaiku Ambika lan Ambalika. Sejatine Abiyasa ora pengin dadi raja, nanging dheweke manut
jalaran iku kang dikersakake dening ibune.

Wasana, Abiyasa nggarwa karo Ambika lan Ambalika. Ambika lan Ambalika iku putrane Prabu
Darmamuka saka Kerajaan Giyantipura/ Kerajaan Kasi. Ambika lan Ambalika sadurunge nggarwa karo
Abiyasa, kagungan garwa bagus lan gagah kaya Citranggada lan Wicitrawirya. Beda karo garwa kapisan
lan kapindho, garwa kaping telune Ambika lan Ambalika iki elek, ora gagah, kulite kasar, lan ireng.
Kahanane beda banget karo garwane sadurunge.

Nalika nglakoni kuwajibane marang Abiyasa, Ambika lan Ambalika ora eklas. Kuwi mau jalaran Ambika
lan Ambalika nggarwa karo Abiyasa kanthi kapeksa. Ambika minangka garwa kapisane Abiyasa mesthi
nutup paningale nalika ngladeni Abiyasa ing kamar. Jalaran iku putrane lair kanthi wuta, kang dijenengi
Drestarastra. Garwane Abiyasa kang kapindho, Dewi Ambalika mesthi melengake pasuryane saka
Abiyasa lan pucet nalika nglakoni kuwajibane marang Abiyasa. Putrane lair kanthi gulu kang kaku utawa
tengeng lan raine pucet, kang banjur dijenengi Pandhu Dewanata.

Jalaran wis ora gelem ngladeni garwane maneh, kalorone garwane Abiyasa sarujuk prentah dayang
istana kang jeneng Drati kanggo ngladeni Abiyasa. Jebule Drati sing banjur didadekna selir uga ora eklas
nalika ngladeni Abiyasa minangka garwane. Drati nendhang-nendhangake utawa ndhupak-ndhupakake
sikile nalika ngladeni Abiyasa. Mula kuwi anak kang dilairake uga cacat, yaiku sikile dawa sisih, kang
dijenengi Yama Widura utawa Widura. Katelu putrane Abiyasa iki lair kanthi awak cacat kabeh jalaran
kutukane para dewa amarga katelu garwane ngrasa jijik nalika kudu ngladeni Abiyasa. Sanadyan Abiyasa
jabane ora gagah lan ora becik nanging bebudene becik.

Anda mungkin juga menyukai