Anda di halaman 1dari 2

1.

Isi lan Pesan Moral Teks Geguritan/ Puisi


Bab-bab kang kudu digatekake sadurunge nemokake isi geguritan, yaiku:
a. negesi tembung sing katulis ing geguritan;
b. mangerteni maknane geguritan ingsaben gatra;
c. nggathukake maknane geguritan ing saben gatra;
d. nggoleki dudutan maknane ing pada;
e. nggathukake makna saben pada; lan
f. nyimpulake maknane geguritan kanthi wutuh.
Tata cara nemokake pesen moral sajroning geguritan, yaiku:
a. ngrungokake/ maca kanthi dibolan-baleni;
b. negesi tembung-tembung sing angel dimangerteni;
c. nggancarake geguritan;
d. mangerteni maknane geguritan kanthi wutuh;
e. bisa nyimpulake isining geguritan;
f. bisa mahami pesen kang tinulis ing geguritan; lan
g. bisa mahami pesen kang ora tinulis ing geguritan.
2. Nggancarake Teks Geguritan
Nggancarake teks geguritan yaiku ngowahi ukara sajroning teks geguritan supaya gampang dimangerteni. Nggancarake
oleh ditegesi ngowahi teks geguritan dadi teks narasi (cerita).
Nggancarake (memparafrase) geguritan bisa kanthi cara:
1. Ngudhari tembung-tembung baliswara (menawa ana) (baliswara = tembung kang anggone negesi kanthi diwalik,
tuladhane, raja putri tegese putrine raja, Sang Kumbakarna asmane tegese asmane Sang Kumbakarna, Pancasila
tegese sila kang ana panca lan sapanunggalane
2. Ngganti tembung sing angel karo tembung sing gampang dimangerteni
3. Munggel tembung-tembung utawa ukara supaya cetha karepe/tegese
4. Menehi tembung panggandheng, panyilah, utawa tembung liyane supaya geguritan gampang dimangerteni
5. Menehi tandha pawacan
6. Nyalin ukara-ukara ing geguritan mawa ukara prasaja (lugas) kanthi awangun gancaran (prosa)
Tuladha nggancarake teks geguritan saka teks geguritan “Aku lan Pangudiku”
Nadyan akeh sing ora seneng karo aku, nadyan akeh wong sing nyacad karo solahku. Kabeh kuwi ora bisa dadi
pepalang gawe aku ngranggeh impen nganti awang-awang. Tekadku ora bakal lumuntur kanggo mujudake pangudi.
Pangudiku gawe urip sing luwih mulya. Apa ora babar pisan aku bakal mujudake pangudiku. Nadyan aku diarani
aneh tur nyleneh, sing penting aku bisa wujudake pangudiku dadi wirausahawan sing sukses. Aku bisa ngangkat drajad
lan martabate kluwargaku. Aku bisa dadi wirausahawan sing migunani kanggo negara.

3. Jeda lan Intonasi ing Geguritan


Jeda yaiku ndheg-ndhegan lakune pocapan sajroning maca geguritan kang ditemtokake dening gantining gatra.
Jinising jeda :
a. Jeda cekak
b. Jeda madya
c. Jeda dawa
Wujude jeda:
/ = leren sedela
// = leren sawetara

Tandha Intonasi ing Geguritan


Intonasi yaiku munggah mudhune lagu, pocapan ing ukara..
 = intonasi dhatar
 = intonasi mudhun
 = intonasi munggah

TUGAS
Coba nggancarana teks geguritan “Rongsokan”ing ngisor iki, ditulis ing buku tulis, wangsulane mawon!
Rongsokan

Lumaksana tanpa tujuwan


nadyan sungkawa aywa murka
bisnis ora kenal manungsa sing lemah
menawa urip wus kasil bakal nandhang kahastaman

Dumadi ing tengahing rongsokan


tan ana manungsa sing kinira
saklebatan kadya mung golek upa
kamangka ing kana bisa urip mulya

Kamus Cilik kadya = seperti


lumaksana = melangkah, berjalan mulya = bahagia
kahastaman = kesenangan kinira = diremehkan
aywa = jangan kamangka = padahal
dumadi = terjadi, hidup

Anda mungkin juga menyukai