1. Tembang Pangkur
Sawijine wujud kabudayan jawa iku tembang Macapat. Tembang Macapat iku ana cacahe ono sewelas iji:
1. Pocung, 5. Mijil, 9. Pangkur
2. Maskumambang 6. Kinanthi 10. Sinom
3. Gambuh, 7. Asmaradana 11. Dhandhanggula
4. Megatruh, 8. Durma
Tembang pangkur kalebu sawijine tembang macapat. Tembang macapat minangka salah siji wujude tembang
Jawa ing kasusatran Jawa Anyar. Manut riwayat, tembang macapat iku kacipta dening para wali, mligine ing tanah
Jawa. Ciri - ciri tembang macapat, yaiku kaya iki:
1. Kaiket ing wewaton (guru)
a. Guru Gatra : Cacahing gatra/ larike/baris saben sapada/ bait
b. Guru wilangan : Cacahing wanda/ suku kata saben sagatra
c. Guru lagu : Tibaning swara ing saben pungkasane gatra
2. Basane Jawa anyar
3. Isine bab pitutur, kasusilan, dongeng, kaprajan wayang, lan sapiturute.
Coba gatekno sawijine tembang macapat ngisor iki:
Tembang pangkur kasebut kedadeyan saka 5 pada. Saben sapada ana 7 gatra. Dene guru wilangan lan guru
lagune urut saka gatra 1 nganti 7 mengkene: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u,8a, 8i. Watak tembang pangkur yaiku gandrung.
2. Geguritan
Geguritan uga di arani puisi Jawa. Geguritan sawijine wacan sing bisa diwaca kanthi endah. Maca geguritan
kudu nggatekake bab pocapan utawa lafal lan cendhek dhuwure irama utawa intonasi.
Maca geguritan kuwi prayogane nganggo paugeran 4 – W yaiku: wicara, wirama, wiraga, lan wirasa.
Wacanen lan pahami: LKS kaca 15 “Bun Esuk” lan “Endahing Wayah Esuk”.
3. Crita Legendha
Crita legendha yaiku crita kang isine bab dumadine papan panggonan. Lumrahe saben-saben dhaerah nduweni
crita legendha dewe-dewe. Ing jaman mbiyen, sumebare crita rakyat lumantar gethok tular. Tuladhane crita legendha
yaiku: a.Asal – usule Banyuwangi, legendha saka Jawa Timur
b. Dumadine Rawa Pening, legendha saka Jawa Tengah
c. Dumadine Selat Bali, legendha saka Bali
Wacanen lan pahami: LKS kaca 18 “ Dumadine Rawa Pening”
4. Unggah – Ungguh Basa
Ngoko Krama
Aku Kula
Kowe panjenengan
Lunga tindak
Kalah kawon
Tuku Tumbas
Mangan Dhahar
Turu Sare
Numpak Nitih
Ana Wonten
Turu Sare
5. Negesi Tembung
Tembung Tegese
Rawa Wadhuk
Tiwas Mati
Ditigas Diketok