Anda di halaman 1dari 3

LENGEN BAYI DIGUNTING IBUNE DEWE

Jombang. Miris banget kelakuane Nur Inani Ana, 33, warga dusun Ngudirejo
kec.Diwek.marang putrine dewe.dheweke tega ngunting tangan bayine kang isih umur 7 wulan
dek wingi(25/8).nyebabake lengen kiwo bayine meh pedhot.
“Otot lengene pedhot,sawise diwenehi pangrumatan,bayi kasebut terus dirujuk menyang
RSUD dr.Soetomo Surabaya,”atur dr.Agung,dokter jaga UGD RSUD Jombang.
Agung ngrujuk bayi kasebut menyang RSUD dr.Soetomo sawise nyuwun palilah
menyang dokter spesialis.”sawise tatune ditutup,bayi langsung karujuk menyang RSUD
dr.Soetomo.”ujare.kahanan balunge pedhot opo ora during iso menehi katrangan kang
rinci.”kawulo dereng ngantos mreksani kahanan balunge langsung kawulo rujuk.”ujar dr.Agung.
Aisyah(jenenge bayi kasebut) digawa keluargane menyang RSUD Jombang jam 10.00
kahanane parah banget. Awake lemes,amergo ngetokake getih waras saka lengen kiwone. Nganti
ora bisa nangis naming misek-misek lan luh mripate dredes terus.
Tekan rumah sakit Aisyah gak kesuwen terus di infuse liwat sikile,sedelo banjur iso
nangis.tangis Aisyah leren amergo bakake menehi dot susu formula.
Aisya putri kang kapisan pasangan. Arifin, 31 lan Nur Inani Ana. Kedadean diwiwiti
saka tangise Aisyah,ora ngerti sebab opo kok nangis terus saka isuk. Ing omah gedhe iku,ana
mung Aisyah,ibune lan simbah putri,Sa’adah,48. Arifin bapake Aisyah wiwit isukwis budhal
menyang pasar cukir dodolan sayuran.”aku keprungu tangise wiwit jam 05.30”kandane salah
sijine paman Aisyah omahe ora adoh saka omah korban.”tak kiro nangis lumrah.”tangise kok ora
kaya biasane,tangisane kok suwe banget,padahal biasane bocah kuwi ceria banget.”Ature
pamane.
Jam 09.30, dheweke ngajak Sa’adah niliki Aisyah ing kamare,sakarone kaget banget eruh
tangane Aiayah ngetokake geteh nganti nelesi seprei lan jogan. Ibune dhewe mung mandeng
wae. Ora kepingin putune tambah parah,Sa.adah lan putrane(paman Aisyah)gawa Aisyah
menyang RSUD Jombang. Sawetara Aiyah dirujuk menyang RSUD dr.Soetomo Surabaya di
kancani bapake dhewe jam 11.30, Sa’ada mulih nilik i kahanan ibune korban. Arifin kaget
banget weruh kahanan kaya mankene.” wektu kadadean aku isih ning par.saka pasar aku
langsung budal mrene”kandane Arifin.
MURID SMA 2 WONOGIRI DIPARINGI BEBUNGAH
BEASISWA NIMBA ILMU ING AMERIKA

Murid kels III SMA Negeri 2 Wonogiri, angsal bebungahbeasiswa kuliah ing Amerika.
Bebungah beasiswa menikadhateng saking New York University Amerika.
Kepala Sekolah (kasek) SMA Negeri 2 Wonogiri DrsSardito MPd, Rabu (12/1) maringi
penjelasan, bilih warsakepengker wonten 2 siswanipun ingkang angsal beasiswa kuliahing
Middle East University, Ankara, Turki. Inggih punika,Bayu Dewangga lan Sulih Nur Rohmah.
“Ing warsa menika kula angsal tawaran malih, anangingkagem kuliah ing Amerika.” miderek
ngendikanipun Sarditoingkang nembe maringaken laporan wonten upacara tanggapwarsa kaping
37 kanthi sesepuh upacaranipun Bupati WonogiriDanar Rahmanto wonten ing pelataran sekolah.
Upacaradipuntandani maringaken beasiswa kangge 38 lare ingkangberprestasi. Agengipun
beasiswa punika Rp 1 yuta dumugiRp 2,5 yuta kangge setunggal siswa. Selaras
kaliyanprestasinipun.
SMA Negeri 2 Wonogiri ingkang statusipun RintisanSekolah Bertaraf Internasional
(RSBI), gadhah 974 muridingkang dipunbagi dados 30 kelas. Sekolah punika gadhahsetunggal
kelas akselerasi (kalih tahun lulusipun) kanthi 17murid.
BENCANA ALAM BANJIR ING DESA WARUNGKIARA

Sawise kedadeane bencana alam banjir nang dina Rabu 13 Januari 2020 bengi nuli,
sethithike ana enem Kepala Keluarga (KK) warga Desa Warungkiara RT03, Sukamaju, Cianjur
sing rekasa ketunan material sing ora sethithik. Sanajan ora ana korban jiwa jero musibah
kesebut, kerugian ditaksir nduwe aji Rp20 yuta luwih.
Para korban saiki ngarep-arep ben cepet ana panangen infrastruktur panggon panguwawa
lemah neng bantaran kali Cisrua sing mbludak. Miturut Esih, salah siji korban, kondisi wektu iki
nggawe dheweke lan warga liyane rumangsa kuwatir bakal kedadean hal padha pas cuaca ala
bali kedadean, banda lan barang duwene lan warga liya sing dadi korban banjir entek kegawa
arus amarga derese kali sing banjir.
“Omah kontrakan arti (45) ambruk ditempuh banjir. Tembok tangen omah buri sekitar 50
meter ambrol, lan banda duwe Iwan neng ngomah sewaan kegawa arus,” tembung pangarep RT
03, Asep Muhaemin, Kamis tanggal 14 Januari nuli.
Para korban wektu iki ngarep-arep kanggo sacepete oleh bantuan, becik saka pihak
Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD), Dinas Pengelolaan Sumber Daya Air lan
Pertambangan (PSDAP), utawa instansi terkait liyane. Cendhake, dekne kabeh ngarep-arep ben
pamerentah Kabupaten (Pemkab) Cianjur cepet tanggep njero nangani bencana sak-werna iki.
Dikuwatirke yen udan deras bali mudhun, kali Cisarua bisa ngalami banjir gede meneh.
Lan kanggo antisipasi hal kesebut, minimal kudu ana realisasi panangen TPT neng sadawa
bantaran kali Cisarua.
“Pengene aja nganti kedadean maneh, mula kuwi cepet kudu ndang didandani. Warga
ndaambake banget sacepete ana panangen TPT,” tutur Riki (30), Salsah satunggaling warga.
Jeje 46 th, korban banjir liyane, mengungkapke menawa nang banjir sing kedadean wingi
kui, korban sing paling parah yaiku omah kontarakan ne arti sing rubuh kesapu tempuhan banyu.
“Mesake kuwi sing ngontrak, banda ne kegawa banjir,” gamblang dheweke.

Anda mungkin juga menyukai