Anda di halaman 1dari 2

Teks Pawarta

Assalamu’alaikum Wr.Wb

Sugeng siang pamiarsa, kepanggihan malih kalihan kula Shindhy Nurulita


Kusuma Wardhani ing acara topik news. Ingkang badhe ngaturaken babagan bencana
alam banjir ing Sulawesi Selatan

Amargi udan deres diiringi angin kenceng, Kota Makassar lan 6 Kabupaten ing
Sulawesi Selatan kena prahoro banjir bandang wiwit dinten Selasa, 22 Januari 2019.
Mboten tanggung-tanggung, banjir niki nyeret omah lan jembatan. Makanani, warga
kedah ngungsi dateng papan ingkang langkung aman

Kelurahan Paccerakang dados wilayah ingkang parah kenging dampakipun.


Inggilipun toya ngantos jaja wong dewasa. Sanesipun wonten 6 Kabupaten ing Sulawesi
Selatan ingkang kenging dampak, inggihpunika Gowa, Takalar, Jeneponto, Maros,
Pangkep, lan Barru.

Sakliyanipun udan ingkang deres, banjir disebebake kiriman udan saking


Pegunungan Bawekarang, ingkang nyebabkake lepen-lepen ing 6 kabupaten kasebut
ngantos pungkasanipun mbludak. Ngantos jembatan cerak Bendungan Bili-Bili,
Kabupaten Goworubuh amargi keterak toya lepen Jeneberang. Toya asalipun saking
Pegunungan Bawekarang.

Warga korban banjir ing Kota Makassar Sulawesi Selatan, nyritakake banjir teko
cepet lan ngrendem griya. Warganipun mboten semppet nylametakake bondo donya
amargi kedah enggal nylametkake awakedhewe. Totalipun wonten 13 wilayah
pengungsian lan jumlah pengungsi wonten 600 pengungsi tasih sugeng, kalihan bekel
saentenipun utawi paringan saking warga liyane. Amargi pemerintah nembe nyiapaken
dapur umum

Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB) maringi pawarta dening warga


akhibatipun banjir ing Sulawesi Selatan. Ing laporan kasebut korban katah kang seda
donya. Ngantos 30 uwong. 4 korban sedo saking Kabupaten Maros, 16 uwong saking
Kabupaten Gowa, 10 uwong saking Kabupaten Jeneponto. 25 uwong dilaporakake ilang.
Korban luka-luka wonten 47 uwong lan 3.321 uwong kang ngungsi. Katah kerusakan
ingkang ditimbulkake saking bencana banjir niki. Rumah rusak wonten 76 unit lan 2.694
griya kerendem toya. Lan ngrusak 9 jembatan, sawah 11.433 hektar kerendem banyu. 11
unit fasilitas pendidikan kang rusak, masjid wonten 6 unit, lan 2 unit pasar ing Kota Barru
kang rusak. Banjir milai surut, debit toya ing Wdsuk Bili-Bili sangsaya sitik

Dening

Asma : Shindhy Nurulita Kusuma Wardhani

No : 26

Kelas : XII MIPA 4

SMA Negeri 1 Wonogiri

Tahun Peljaran 2018/2019

Anda mungkin juga menyukai