Anda di halaman 1dari 1

Geguritan Hari Ibu

IBU
Karya: RBA

Ibu…
Pangorbananmu kaya bumi pertiwi
Nadyan dipilara, dipaculi malah nukulake wiji
Kanggo panguripane sagung dumadi
Kanti sabar anggonmu angreksa
Nggembol sangangsasi sepuluh dina
Kabeh lelakon kabeh lelara nora dirasak'ake

Ibu…
Asihmu kaya gebyare lintang ing angkasa
Gawe endah kahanan donya
Lumunturing tresnamu kaya aluning samudra
Sambung sinambung tanpa kendat
Anggonmu ngegulang marang putra
Dongamu tansah lumintu anggiring kabeh geguyahanku

Ibu…
Welasmu kaya sorote condro ing wanci dalu
Tansah paring obor ing pepeteng
Nalika anakmu susah nora kendat paring pitedah
Nalika anakmu luput tansah paring pepemut
Kareben uripku nora kalang kabut

Ibu…
Sewu atur nora bakal cukup
Bandha ndonya nora bakal nutup
Kanggo nggenteni katresnanmu
Amung esemu sing bisa gawe padang atiku

Ibu
Mula ing kalodhangan iki
Aku nyuwun ngapura
Amarga nganti saiki aku durung saged males budine Ibu.

Ibu
Aku tresna marang Ibu, baya aku tresna marang Gusti Kang Maha
Kawasa

Anda mungkin juga menyukai