Anda di halaman 1dari 12

TUGAS BAHASA

JAWA SERAT
TRIPAMA
DHANDANGGULA
PADA KE-3
Kelompok setunggal
ANGGOTA KELOMPOK

ESTI WULAN. P ISNATUN .K


ANISA .L.R 10 16
03

M.ANDRIZAL.S.S
SITI AISYAH.Q
19 28
TEMBANG DHANDHANGGULA
Wonten malih tuladhan prayogi,
satriya gung nagari Ngalengka,
sang Kumbakarna namane,
tur iku werna diyu,
suprandene nggayuh utami,
duk awit prang Ngalengka,
dennya darbe atur,
mring raka amrih raharja,
Dasamuka tan keguh ing atur yekti,
de mung mungsuh wanara.
NEGESI TEMBUNG
wonten : ana
tuladhan : contoh
prayogi : becik
gung : agung
diyu : buta
suprandene : sanajan
duk : nalika
darbe : due
raka : kakang
raharja : slamet
de mung : dene mung
wanara : bala kethek
NGGANCARAKEN
Ana maneh conto sing prayoga (becik)
yaiku satriya agung ing negara Ngalengka
sing asmane Kumbakarna. Sanadyan
wujude buta, parandene kepengin nggayuh
kautaman. Nalika wiwit perang Ngalengka
dheweke nduwe atur marang ingkang raka
supaya Ngalengka tetep slamet (raharja).
Dasamuka ora nggugu guneme
Kumbakarna, jalaran mung mungsuh bala
kethek.
PITUTUR LUHUR
Awakdhewe kudu bisa niru
watak utama saka Patih
Suwanda,
kayata guna (pinter), kaya
(mampu),
lan purun (gelem).
CERITA WAYANG
KUMBAKARNA
Ing nagari Ngalengka ingkang jumeneng nata jejuluk
Prabu Dasamuka. Sang Prabu kagungan rayi tiga.
Ryai cer awujud raksasa gung aluhur nami Raden
Kumbakarna. Rayi sumedhi estri, nami Sarpakenanka,
ugi reksasi . Dene rayi wuragil satriya bagus alus
kekasih Raden Gunawan Wibisana.
sami-sami reseksa, watak wantunipun Prabu
Dasamuka kaliyan Raden Kumbakarna punika
beda sanget, pendhapukanipun kaya bumi karo
langit. Prabu Dasamuka asor bebudeanipun,
ambeg adigang, adigung, adiguna. Daksiya
dhateng nggayuh kautamen, bekti dhateng
sesepuh, tresna dhateng nusa lan bangsa..
Nalika badhe wonten perang angeng mengasah Prabu
Ramawijaya, Raden Kumbakarna boten kendhat-khendat atur
pemut dhateng ingkang raka, bilih ingkang lepat punika
saestunipun ingkang raka. Lepatipun dene kumawantun
ndhustha Dewi Sinta, garwanipun Sang Prabu Ramawijaya.
Kagalih ngrencangi mengasah, Raden Kumbakarna dipundukani
kathah-kathah, dipunumpah-numpah bebasab entek amek
kurang golek, sarta diphundhamana anggenipun sampun kersa
mukti wibawa wonten negari Ngalengka nanging kirang bekti
dhateng kadang sepuh sarta kirang labuh lebetipun dhateng
nusa lan bangsa. Mireng dukanipun ingkang raka, Raden
Kumbakarna klepat kesah, tapa sare.
Perangipun wadayabala Ngalengka kaliyan bala wanara
wadyabalanipun Sang Prabu Rama sakalangkung rame.
Negari Ngalengka risak abosah-basih. Ing pabaratan sasat
banjir ludira, malah lajeng mlabar mlebet ing salebeting
puri. Dalasan papan peleremanipun Raden Kumbakarna ugi
kebanjiran lulindra, njalari Raden kumbakarna lajeng
wungu.
CERITA YOUTUBE
https://youtu.be/HNLCHreScUw?
si=NyAYa9DAMLdOyy9h
MATURSUWUN

Anda mungkin juga menyukai