Anda di halaman 1dari 3

KIDUNGAN KOLOSAL

MKKS SMP NEGERI – DINAS PENDIDIKAN


MERDEKA BELAJAR BANGKIT LEBIH CEPAT MENUJU MALANG MAKMUR
HARI JADI KABUPATEN MALANG KE 1263 TAHUN 2023

CEKLEKAN

Watu bengkung Pantai ngliyep, Kembang menur kembang melathi (Cak Mat)
Aku ra bingung aku wis mantep, Malang Makmur slalu di hati (Cak Har)

Ngona-ngono, ning aja ngono (MatDahar)

Dinas Pendidikan iku wadhahe, MKKS iki artise (Cak Da)

LAMBA
Sapa kang tumindak becik, kabecikan iku tumrap sira dhewe
Jamane wis maju-sing sayuk bersatu
Sapa kang tumindak ala, bakal cilaka uripe sengsara
Bergandengan tangan -menuju kemajuan

Dirgahayu kabupatenku, kaping sewu rongatus suwidak telu


Ngidung neng pendhapa-mung nyuwun pandonga
Sing takjaluk padha rukun Bersatu, Malang Makmur landasan kita berpacu
Aja mangu-mangu-Malang Makmur ing atiku

Dinas Pendidikan iku wadhahe, mencerdaskan anak bangsa iku ancase


Sing sayuk lan rukun- gotong royong nyambut gawe
Kurikulum Merdeka iku sranane, pembelajaran berdeferensiasi iku ciri khase
RAMBATAN
-Nek nang Tasik Mas, nganggoa blangkon,
Serbat apukat wis nyata pigunane
dhisik ta mas aku tak takon
acara hebat iki apa temane

+Kembang pethetan ya dhik aneng plataran


Yen ana papan jembar, diguluti cikben subur
Pameran karya ya dhik Dinas Pendidikan
merdeka belajar bangkit cepat untuk Malang Makmur

DHANGDHUT
Iki gendhing jawa timuran, jula-juli gawe kebimbang
Karakter lan budaya ketimuran, ayo dijaga aja nganti ilang

Ilang kegerus jaman, jaman edan Poyang-payingan


Mula sekolah anti kekerasan, uga kudu aman saka perundungan

Pelakune bisa sapa bae, yen ora ati-ati bisa dadi gawe
Maune mung guyon senggol-senggolan wae, suwe-suwe dadi perkara gedhe

DHANGDHUT TANYA JAWAB


-Maju Agamis Kreatif Mandirie, Unggul Responsive iku kunci suksese
+Lanang wadon tanggung jawabe, sing neng ngarep aja lali mburine

+jeruk Dau dhik, seger rasane, -semprong bolong, gawe mbesang lamuke
+panjalukku dhik sing jembar atine, -momong warga, bala kanca sakabehe

PANUTUP
Nek nang wagir liwat bandulan
Atiku wis ora langsir, wis nduwe pimpinan

Sumberpucung mampira Tajinan


Pangapunten ingkang agung sedaya kalepatan

Anda mungkin juga menyukai