Anda di halaman 1dari 8

MUHAMMADIYAH MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH

SMA MUHAMMADIYAH PONJONG


Website: www.smamuhponjong.sch.id email: smamuhponjong@gmail.com
Alamat: Jl. Simpanglima, Pati, Genjahan, Ponjong, Gunungkidul, DIY 55892, Telp. 0274
7112609

1. Unggah-ungguh micara kasebut wonten ing ngandhap punika kejawi … .


a. Menawi boten cocog, prayoganipun dipuntilar kemawon
b. Menawi anggenipun guneman kaliyan ngadeg, becikipun tangan ngapurancang
c. Guneman ingkang becik lan saprelunipun kemawon
d. Boten nyela gineman tiyang sanes
e. Nggatosaken tiyang ingkang gineman

2. Perangkat gamelan ing ngandhap menika wujudipun wilahan, kejawi …. .


a. Saron
b. Demung
c. Peking
d. Bonang
e. Gambang

3.
Gamelan ing gambar menika dipunarani…
a. Saron
b. Demung
c. Peking
d. Bonang
e. Gambang
4. Tokoh campursari ingkang kondhang lan dados maestro saking tlatah Gunungkidul inggih
punika … .
a. Manthous
b. Nurhana
c. Didi Kempot
d. Sonny Josz
e. Cak Dikin
5. Kinanthi Mangung
(Laras Slendro Pathet Sanga)
Kang aran bebuden luhur
Dudu pangkat dudu ngelmi
Uga dudu kapinteran
Lah dudu para winasis
Apa maneh kasugihan
Nanging mung sucining ati

Menapa laras saking sekar macapat Kinanthi ing nginggil inggih menika … .
a. Kinanthi
b. Mangung
c. Sanga
d. Pelog
e. Slendro

6. Notasi ing basa Jawa dipunarani…


a. Titi laras
b. Titi makna
c. Titi waras
d. Titi laksana
e. Titi saras

7. Luk-luking swara kanggo nglagokake tembang dipunarani…


a. Cakepan
b. Cengkok
c. Senggakan
d. Sindhenan
e. Pedhotan
8. Ingkang leres kalebet jinis gamelan wujud tabokan inggih menika…
a. Bedhug, kendhang, siter
b. Tambur, ketipung, kendhang
c. Siter, ketipung, tambur
d. Saron, demung, peking
e. Peking, gong, bonang
9. Tiyang ingkang padamelanipun nyekar nyarengi gamelan inggih menika…
a. Wiyaga
b. Niyaga
c. Pasindhen
d. Lelagon
e. Dhalang
10. Pagelaran uyon-uyon menika asring kapentasaken kangge panglipur ing adicara-adicara
menika, kejaba…
a. Sunatan
b. Selapanan
c. Merti dhusun
d. Upacara gendera
e. Pagelaran ringgit

11. Nalika njlimeti wektu kang lumaku, ora krasa nambah kekes ati kang nglangut. Kahanan
ing njaban omah melu ngrasakake panandhang batin kang dilakoni Wening, wanita kang
saben dinane mung kekancan sepi. Ora nate ana kahanan kang langgeng cumondhok ing
pojoking atine, saben-saben kabungahan kuwi teka rasane kaya sandhiwara ing
sandhuwuring panggung. kepengin sesambat nalika ati wis ora kuwat. kepengin nangis nalika
ati krasa kairis-iris, nanging banjur karo sapa bakal ngudhari sakehing ruweting urip.
pethikan cerkak ing nduwur nggambarake kahanan paraga menawa...
a. Lagi bungah
b. Lagi cidra
c. Nandang sepi
d. Kelara-lara
e. Muring

12. Nalika njlimeti wektu kang lumaku, ora krasa nambah kekes ati kang nglangut. Kahanan
ing njaban omah melu ngrasakake panandhang batin kang dilakoni Wening, wanita kang
saben dinane mung kekancan sepi. Ora nate ana kahanan kang langgeng cumondhok ing
pojoking atine, saben-saben kabungahan kuwi teka rasane kaya sandhiwara ing
sandhuwuring panggung. kepengin sesambat nalika ati wis ora kuwat. kepengin nangis nalika
ati krasa kairis-iris, nanging banjur karo sapa bakal ngudhari sakehing ruweting urip.
pethikan crita cerkak iku nuduhake manawa panganggit migunakake sudut pandhang...
a. Wong kapisan
b. Wong kapindho
c. Wong katelu
d. Wong kapisan saha wong katelu
e. Wong kapisan saha wong kapindho
13. Piweling saking panyerat kagem pamaos cerkak dipunarani…
a. Tema
b. Alur
c. Lelewaning basa
d. Amanat
e. Irah-irahan
14. kedadeyan- kedadeyan kang ndapuk dadi salah sawijining crita, kawiwitan tetepungan,
konflik, klimak lan panutup kalebu perangan cerkak kang diarani...
a. Tema
b. Alur
c. Lelewaning basa
d. Amanat
e. Irah-irahan
15. Menapa ingkang dipunwastani tema?
a. Piweling saking panyerat kagem pamaos cerkak
b. kedadeyan- kedadeyan kang ndapuk dadi salah sawijining crita, kawiwitan tetepungan,
konflik, klimak lan panutup ing cerkak
c. panggenan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebeting cerkak
d. gegambaran watak paraga ing cerkak
e. underaning cariyos ingkang dados dhasaring nyerat cariyos
16. Tiyang ingkang pados pawarta menika dipunwastani…
a. Editor
b. Wartawan
c. Reporter
d. Redaktur
e. Pranatacara
17. Panemu ingkang sipatipun subjektif ngenani salah satunggaling perkara inggih menika…
a. Opini
b. Pawarta
c. Resensi
d. Kolom
e. Deskripsi
18. Seratan ingkang imajinatif utawa khayalan sanes kedadeyan nyata dipunarani seratan…
a. Fakta
b. Opini
c. Fiksi
d. Non fiksi
e. Deskripsi
19. Teks deskripsi menika kalebet jinis seratan jurnalistik miturut fungsinipun, inggih menika…
a. Nyariosaken satunggaling kawontenan barang, tata cara, saha sanes-sanesipun
b. Seratan ingkang wosipun paring gambaran kawontenaning barang, swasana,
kadadosan, saha sanes-sanesipun satemah ingkang maos kados mriksani piyambak
kadadosanipun ingkang dipungambaraken
c. Seratan ingkang wosipun ajak-ajak dhateng tiyang sanes supados tuwuh raos
yakinipun, satemah sarujuk saha nyengkuyung gagasan panyerat.
d. Seratan ingkang imajinatif utawa khayalan sanes kedadeyan ingkang nyata
e. Seratan ingkang wosipun ngandharake pamrayogi
20. Jinising teks jurnalistik ingkang ngrembag wosing buku dipunwastani…
a. Opini
b. Pawarta
c. Kolom
d. Esai
e. Resensi

21. Upacara sedhekah laut dipuntindakaken kanthi nglarung sesaji wulu wedaling bumi lan woh
wohan dhateng tengahing seganten ingkang tebihipun 2 mill saking gisiking samudra.
Sinaosa aluning seganten kang gayuh 2,5 meter, nanging boten nyurudaken gregeting kadang
misaya mina kangge nindakaken upacara. Upacara nglarung sesaji, kawiwitan kendhuren
dipunestrani dening atusan warga.
Wos/isining pethikan pawarta ing dhuwur mujudake … .
a. Lampahing upacara sedekah laut
b. Mila bikaning upacara sedekah laut
c. Wiwitane upacara sedekah laut
d. Pawadan upacara sedekah laut
e. Kenging menapa upacara sedekah laut dipuntindakaken

22. Menapa ingkang dipunarani titi mangsa wonten ing cengkorongan layang…
a. Jenenge sing kirim layang
b. Tandha tangane sing ngirim layang
c. Salam pakurmatan
d. Purwaka serat
e. Papan saha wektu nyerat layang
23. “mekaten pawartos lelayu menika kula aturaken, mugi dadosna pamriksa. Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb” Pethikan layang menika kapethik saking layang…
a. Ulem
b. Kitir
c. Iber-iber
d. Lelayu
e. Niaga
24. “mekaten pawartos lelayu menika kula aturaken, mugi dadosna pamriksa. Nuwun.
Wassalamualaikum wr.wb” pethikan laying menika dipunarani perangan menapa ing serat
menika?
a. Panutup
b. Adhangiyah
c. Titi mangsa
d. Tapak asma
e. Salam pambuka
25.
Gambar ing inggil menika kalebet jinis serat menapa?
a. Ulem
b. Kitir
c. Iber-iber
d. Lelayu
e. Niaga
26. “Panas-panas enake mangan nanas”
Menawi dipunserat masi aksara Jawa kadospundi wujud saking tembung ingkang
dipuncithak kandel?

a.

b.

c.

d.
e.

27.
Kewan ing gambar menika dipunarani…
a.

b.

c.

d.

e.

28.
Menapa wangsulan saking cangkriman ing inggil menika?
a. Nanas
b. Sulak
c. Bubur
d. Salak
e. Salah

29. Menapa ginanipun sandhangan wulu ing panyeratan aksara Jawa?


a. Alih vokal i
b. Alih vokal a
c. Alih vokal u
d. Alih vokal e
e. Alih vokal o

30. Kangge mateni aksara Jawa “ha” ngginakaken sandhangan…

a.

b.

c.

d.

e.

Anda mungkin juga menyukai