0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
333 tayangan7 halaman

KETHOPRAK

Diunggah oleh

nikmada bertha
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PDF, TXT atau baca online di Scribd
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
333 tayangan7 halaman

KETHOPRAK

Diunggah oleh

nikmada bertha
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PDF, TXT atau baca online di Scribd

Ing jaman biyen, wonten satunggal kerajaan lan ingkang kasebut kerajaan Ngastinapura.

Ratu
punika nggadahi sifat serakah lan sa’geleme dewe. Ananging ratu kagungan putra ingkang bagus ati lan
rupane. Salah sawijining dino hulubalang kerajaan nariki pajak dateng para rakyate. Arepo kepeksa kabeh
bisa bayar, kajaba Kunti. Rakyat miskin ingkang sampun boten anggadahi bapa biyung, amargi sampun
seda. Kunti iku yo ra maido ayune, mlinir kaya eseme wulan yen lagi terang wulan. Amargi boten saget
bayar pajak kunti digowo menyang kerajaan didadosaken pembantu.

Wonten ing kamar, ratu Aiswara lan Raden Airlangga lagi padha rerembugan.

Ratu : “Putraku, kapan kowe golekke biyungmu iki mantu?”

Raden : “nyuwun ngapunten biyung, kula dereng nemokaken ingkang mathuk kalian atikula.”

Ratu : “biyungmu iki wes tua, kepengenku kowe ngganti rama mu kui wes duwe bojo”

Raden : “Sendika dawuh biyung”

Ratu : “ananging, aku kepengen padha-padha saka kerajaan”

Banjur ngunu kui Kunti teko gawa baki isi Poci.

Kunti : “Mangga Raden, mangga gusti. Nuwun sewu.”

Ratu : “yayaya, gek balio kono. Putraku, pikirno opo sik tak omongke marang kowe mau.”(lungo)

Raden sampun kepencut kalian bocah ayu lan mlinir mau, kunti. Sak jroning ati, Raden pengen ngerti sapa
ta bocah wadon kae mau. Banjur Raden nekaniadikke wonten ing taman keratu an

Raden : “duh adikku ingkang ayu dewe!”

Inten : “yoyo to dewi sintha ae kalah ayune karo aku”

Raden : “halah. nek ngomong ojo dhuwur-dhuwur, mengko lambemu kesampluk pesawat”

Inten : “wonten menapa ta kangmas? Pasti rene ana karepe to”

Raden : “reneo dik, aku meh takok marang sliramu”

Inten : “bab menapa kang, kok koyone serius banget?”

Raden : “kowe ngerti ora bocah wadon ingkang dadi babu anyar kerajaan kae, sek ayu tur mlinir.”

Inten : “o. . .Kunti maksutipun kakang? lha nggeh dereng dangu kok kangmas. Jalaranipun Kunti menika
boten saget bayar pajak bar menika Kunti sampun boten gadah Bapa biyung.”

Raden : “o . . .dadi bocah kae jenenge Kunti”.

Rino wengi Raden Airlangga ora bisa turu amargi kepikiran Kunti. Bocah wadon ingkang saget gawe
kasmaransi Raden.

(raden nyanyi)

“yen ing tawang ana lintang cah ayu


Rungokno tangising ati

Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas


Tresnaku sundul wiyati”
Esuk-esuk, Raden goleki Kunti, lan ketemu Kunti.

Raden : “He, dik Kunti!”

Kunti : ”dalem Raden, wonten menapa?”

Raden : “ora nimas, sliramu ki sapa ta? sajakne kok aku ra tau ngerti.”

Kunti : “nuwun sewu gusti pangeran, kula menika naming babu anyar wonten ing mriki, boten pantes
rerembugan kaliyan panjenengan.”

Raden : “ora nimas, aku sajakne kepikiran sliramu terus, nimas aku tresno marangsliramu.”

Kunti : “ampun gusti, kula menika naming babu. ampun gusti kula nuwun sewu badhe wonten
wingking.”

Raden : “dik Kunti, sliramu iku tresno ora karo aku? jawaben Nimas.”

Raden : “nek ngunu ayo melu aku nemoni biyung.”

Kunti : “ampun Gusti Kula ajrih sanget.”

Raden : “wes ta, masalah kui tanggunganku.”

Raden Airlangga ngajak Kunti nemoni Ratu supaya bisa nglamarke Kunti.

Raden : “nuwun sewu rama”

Ratu : “ana apa iki, kok ana babu barang.?”

Raden : “nuwun sewu biyung, menika bakal mantunipun panjenengan.”

Ratu : (kaget campur nesu)”opo?! ora sudi aku!!!lancang tenan kowe. Sopo bocah wadon iki?babu
lhe!!!!”

Raden : “ananging niyung, kula sampun tresno.”

Ratu : “menenga kowe!!!! ora gumun aku!!! kowe wes wani marang biyungmu iki, yowes kowe
bakal tak jodokkekaro dewi Wedari, putri keratu an Kartapura. Kanggo kowe babu!!! balio kono!! kowe
ki sopo? bali!!!!

Kunti : “nuwun sewu gusti”

Raden : “nimas, nimas!”

Wengi-wengi Kunti nangis. Ujug-ujug ana wong ndodog jendelane. Kunti bukak.

Raden : “iki kangmas nimas, wis yo ......... ojo nangis, kangmas janji disekseni wengi lan rembulan aku bakal
tresno karo kowe. aku sesok dikirim menyang kartapura, kowe sehat-sehat enek kene yo”.
Kunti : “inggih mas.”

Esuke raden dikirim menyang kartapura dipetukake dewi Wedari. Ayune jan yo ra kalah. Nanging sifate
ala.

Dayang : “Gusti Putri, saestu bener napa arep wonten dhayoh saka kerajaan Ngastinapura?”

Wedari : “lho iyo bener, calonku iku. Raden Airlangga seng rupane buagus raono tandingane”

Dayang : “o.... sing niku napa tiyange gusti putri?”


Wedari : “lho iyo sek tak macak dhisek”

Sak marine kuwi wedari langsung nyambut Airlangga ing kerajaan Kartapura

Wedari : ”mugi-mugi jenengan betah, raden pangeran.”

Raden : ”aku ora bakal betah yen ninggalake dik nimas Kunti.”

Wedari : ”sinten ta mas menika.?”

Raden : ”bocah wadon ingkang tak tresnani.”

Wedari : ”alah sek kabare pembantu menika ta? raden menika sampun dijodokaken kaliyan kula. Kula
menika cocog. Boten babu kaya sinten wau.”

Raden : ”nuwun sewu nimas, aku tresnane gor karo Kunti, ngertio nimas.”

Wedari : ”boten saget! raden kaliyan kula.” (lunga)

Raden :”hmm(gelengke sirah).aku kangen sliramu dik Kunti.”

Ana kamare Kunti, dewi Inten ingkang sampun ngerti melu ngeneng-nengi Kunti.

Kunti : ”Rara ayu, menapa jenengan boten risih?”

Inten : ”ngomong apa ta weki Kun,?aku kudu jaga kowe, kui pesene kangmas, tenang wae Kunti tak
ewangi.”

Kunti : ”matur nuwun Rara ayu. Kula nulis layang kagem kangmas pangeran, ananging kepripun supados
serat menika tekan?”

Ujug-ujug ana angin, lan metu uwong wadon setengah manuk 2 mau.

“hahaha. . .hahaha ..... ana apa cah ayu, ora pantes kowe ki nangis.”

Kunti : ”njenengan sinten?”


Sri : ”aku? . . hahaha ..... iki Sri Kendil. Dewi ingkang njaga jagad lan isine, aku iku sakjane dewi
asmara. aku wes ngerti babaganmu nduk, ngenes aku ngerti kowe kaya mangkene iki. Kenapa?apa ing
kangbisa ta ewangi?”

Inten : ”menika dewi sri, kunti nulis layang kangen kagem kang airlangga, menapa panjenengan saget
ngeteraken?”

Sri :”haha. . . haha ....gampang iki! tenang wae cah ayu, takdirmu karo pangeran, yowes, aku tak
ngeterke layang iki.

Ing nagara Kartapura, sri kendil goleki papane raden Pangeran. Sa’wise ketemu, dirui pangeran, nanging
dewi wedari ngerti lan melu ngrungokne sri kendil lan pangeran.

Sri : ”he .....raden! aku gawa kabar saka Kunti.”

Raden : ”jenengan sinten?”

Sri :”aku, Sri Kendil. ingkang jaga donya lan sa’isine, aku jane dewi asmara, lagi ngapa kowe
pangeran?”
Raden : (sungkem)”nuwun sewu, lha kabar menapa ta Gusti?”

Sri : ”iki layang saka Kunti, wacanen, tugasku kui dina iki”

Raden : ”kula saget tumut jenengan boten gusti?”

Sri : “urung wektune, aku lunga”.(raden nyanyi layang kangen)

Ujug-ujug pintune raden dibuka dewi wedari.


Wedari :”napa menika kangmas?” (ngrebut surate)
Raden :”lancing kowe dik!”
Wedari :”kangmas, napa menika kang? sampeyan taksih hubungan ta kaliyan babu menika! awas mas kula
badhe matur biyung Aiswara.”(lunga campur nesu).

Raden : “iki kesempatanku lunga, arep tak boyong dik kuntiku, niatku wes gede, ora gumun
gunung ingngarepku” batine pangeran.

Dewi wedari ngerti niate raden, makane sa’derenge menyang ngastinapura wedari ngakon prajurite. Sri
kendil metu ngewangi pangeran perang.

Sri : ”lunga kabeh koe(kekuatan pol), mangga raden kula derekaken.”

Raden : ”maturnuwun dewi”.

Sri kendil lan raden mabur menyang nagara ngastinapura. Wonten ing Ngastinapura, Kunti diolok-olok
kaliyan ratu , lan wedari. Dewi inten mung bisa nangis ngertikunti.
Ratu : ”he babu, duwemu ki opo? ngelmumu ki opo?”
Inten : ”sampun biyung, sampun.”
Ratu : ”rungokno iki babu, aku ora bakal ngrestoni koe nresnani putraku, ora pantes!”
Wedari : ”owalah, menika ta biyung ingkang seneng grudani kangmas? diusir kemawon biyung.”
Dayang : “duh babu elek iki, dibanding gusti putriku yo kalah adoh”
Inten : ”biyung . . . “
Ratu : ”inten, mlebu!!!! kowe tenang wae nduk wedari aku ra bakal nyia-nyiani kowe. para prajurit,
guwangenbabu iki!!!!”
Kunti : ”ampun gusti, ampun. ”

Ujug-ujug raden teka.

Raden : ”biyung !! nuwun sewu, yen kula nglawan biyung , nanging biyung sampun kalewatan.”

Wedari : ”lha kangmas kok belani Kunti ta? lho biyung , kangmas sampun kepelet.”

Dayang: “koyone se kepelet temen ndoro”

Raden : ”meneng kowe wedari!”

Ratu : ”kurang ajar kowe! awakmu wani karo biyungmu, njalukmu apa?”

Raden : ”nuwun sewu biyung, jenengan sampun klentu.”

Ratu : ”ngomong apa kowe, rene!!!!”

Ratu nesu, banjur ngetokne kuda-kuda . ing pas ngunu kui, angin gedhe sumilir, gludug nyamber-nyamber,
sri kendil metu.

Ratu : ”demit saka ngendi kowe!!”


Sri : ”aku, Sri kendil, ingkang nyekel jagad raya lan sa’isine, aku uga bisa disebut dewi asmara,
penebasangkara murka. He kowe Ratu bakil, uwesno lehmu serik karo Kunti, kurang kepiye ta bocah iki?

Ratu : ”sapa kowe ngatur-ngatur aku? rungokno iki, marang sapa wae sing wani-wani nglawan aku,
kudumati!!!!”

Sri : ”he ... wong kang bakil, aku ora wedi, , , ,hahahaha!”

Wedari : ”biyung, lha inggih menika demit ingkang nemoni kangmas, alias pelete Kunti!!”
Sri : ”kurang ajar kowe, he wong wadon iblis! tak kutuk kowe dadi watu (ngetokne tenaga dalam)
kui ganjaranmu.”

Raden : ”dewi sri . . .

Sri : ”tenang kemawon gusti, menika urusanku.

Kunti : ”kangmas”.

Ratu : ”wani-wanine kowe he demit tur buta!!!!! awas kowe (nyerang sri kendil, nanging ra mempan)

Sri : ”he Ratu bakil, kowe ra bakalan isa mateni aku yen atimu ra resik, tak jupuke roh halus
jahat ingkang nempel awakmu (ngetokne tenaga dalam nglawan ratu , kenek ratu , banjur langsung
semaput)

Sri :”ora usah kuatir, biyungmu mung semaput, wes tak jupuk demite sek eneg
ing awake!”

Raden :”maturnuwun dewi.”

Sri :”inggih. kunti, cup, meneng wae, kowe lan pangeran bakal bahagia, aku melu
bungah yen kowe yobungah”

Ratu sadar……..

Ratu : “eneg apa to iki? (meneng wae) dewi sri kula nyuwun pangapunten“ (sungkem)

Sri : “ngapurao marang bocah 2 kui, aku rep bablas sek, a’durun ge bablas aku meh bebaske
wedari(tenaga njero)

Wedari : ”maturnuwun dewi, kula nggeh nyuwun pamit, kunti, kangmas, rama, dewi sri. ..... kula badhe
wonten kartapura.

Sri : ”urip sek tenterem yo .... aku lunga.

Raden : ” biyung, menika calon mantunipun biyung.

Ratu : ” ya . . .ya. . . .ya aku njaluk ngapura yo . . .


Wedari :”inggih biyung”

Kunti :”kangmas maturnuwun, gusti, lan rara ayu wedari


Raden :”aku ra mblenjani janji

Anda mungkin juga menyukai