Anda di halaman 1dari 23

Sambutan yaiku medharake gagasan

utawa panemu kanthi migunakake basa


lisan ing sangarepe uwong utawa
pamireng akeh. Sambutan uga diarani
Pidhato, sesorah utawa tanggap wacana
yaiku njlentrehake idhe utawa pokok
pikiran kanthi wujud tembung-tembung
kang diucapake marang wong akeh.
Pidhato/Tanggap wacana/ Medhar
Sabda/Ular-ular/Sesorah.
Tujuan werna-werna : menehi hiburan,
menehi informasi, utawa ajak-ajak
marang kang ngrungokake supaya
nindaki apa kang dikarepake pemicara.
Dning: Eko Rahayuningsih,S.Pd
Miturut Kaanane jinise pidhato
kuwi werna-werna yaiku :
Kaanan resmi: carane ngrakit ukara kudu tumata
jumbuh karo pathokane. Nganggone klambi,
patrap lan ucap kudu sing runtut.
Setengah resmi : bisa ora nganggo basa krama
terus, nanging kala-kala diselani basa ngoko, lan
crita-crita lucu nanging sing jumbuh karo
acarane
Ora resmi, yaiku pamicarane bisa nganddarake
pidhato miturut tujuane

Carane supaya anggone pidhato
ora nguciwani.
1. Carane nganggo klambi
2. Carane ngadeg ing
podium
3. Carane nggoceki
mikrofon
4. Carane pidhato
Carane Pidhato
Maca naskah
Ngapalake
Impromptu (spontan)
Ekstemporan (catetan cilik)

Cara Naskah
Pidhato kanthi cara iki migunakake teks
utawa naskah kang di waca kanthi
langsung. Cara iki nduweni kekurangan,
yaiku kaku amarga antarane pidhato lan
pamiarsa ora bisa bebas anggone
padha nyawang sarta lagu ukara
(intonasi)
Cara Apalan
Cara iki akeh digunakake dening wong
kang nembe ajar pidhato yaiku kanthi
cara nyawisake naskah banjur
diapalake.
CENGKORONGANE SESORAH:
Salam pambuka
Purwaka basa
Surasa basa
Pangarep-arep
Wasana basa
Salam panutup
Ulah Swara nyakup
babagan ing ngisor iki :
Kedal : Pirantos ing salebeting, saha
sacelaking lesan sageda
mapan kanthi mardhika
mbabar swaraning basa
Ucapan: kudu bisa migatekake
swaraning aksara swara,
mingsad mingseding tembung
lingga lan andhahan
Lagu (irama/wirama):nyakup sora lirih,
andhap,inggil sarta dawa
cendhaking swara, membat
mentul, rindhik, rikat lan luk-
luking swara

Ulah swara supaya bisa trep iku kudu
ngelingi :

Sinten ingkang gineman
Sinten ingkang tumanggap wawan
ginem
Sinten utawi punapa ingkang dipun
ginem kados pundi swasananipun
1. Salam Pambuka
2. Purwaka Basa
a. Atur pakurmatan
1. Bapak Kepala Sekolaah
2. Bapak lan Ibu Guru
3. Bapak lan Ibu Kaaryawan
4. Para mitra sasama siswa


Tuladha :
b. Pangajak puja-puji
1. Pribadi
2. Para rawuh
c. Atur Panuwun
1. Para rawuh
2. Para panjurung
3. Para panyengkuyung
3. Surasa basa
a. Wedharan sawetara
1. Prastawa pengetan ambal warsa
2. Dhasaring pahargyan
b. Wosing gati wigatining perlu
1. Kasuwun rawuh
2. Ancas tumapaking adicara



4. Pangarep-arep
Gegayutan karo pengetan ambal warsa
1. Nulad semangate para sesepuh lan
alumni SMA
2. Njumbuhake karo kahanan jaman
saiki
5. Wasana Basa


5. Wasana basa
nyuwun pangapura
1. Bab adicara
2. Bab solah bawa
3. Bab tata tembung
6. Salam panutup
B. Mendengarkan sambutan
Pidhato kang apik yaiku kang bagean-
bageane kaya ta : uluk salam, pambuka, isi,
lan panutup
Carane Mbukak Pidhato
iku werna-werna bisa dipilih sesuai
selera, kabisaane, tujuane, topike,
pamirenge, lan kaanane.

Ing kene dijlentrehake cara mbuka pidhato :
1. Ngucapake rasa syukur
2. Critakake pengalaman
kang ana gegayutane karo
isi pidhato
3. Critakake crita ilustrasi
4. Critakake lelucon
5. Nepungake awake dhewe

6. Jlentrehake gegambaran umum isine
pidhato.
7. Nyebutake fakta pamireng.
8. Nyebutake tuladha kang nyata.
9. Nyebutake kutipan pendapat tokoh,
peribahasa,semboyan, buku utawa kitab
suci.
10. Menehi kesempatan pamireng supaya melu
atur rembug, contone nganggo pitakonan.
11. Nganggo barang kanggo meragakake.

BAB II
MENDENGARKAN WAWANCARA
saka wong kang diarani
narasumber.
wawancara
Golek informasi
Babagan kang perlu digatekake sadurunge
nindakake wawancara yaiku :
1) Nemtokake topik wawancarane.
2) Nemtokake tujuane (informasi apa kang
pengin digoleki)
3) Nyiapake pitakon-pitakon
4) Nemtokake sapa nara sumbere
5) Gawe janji karo nara sumbere, kapan lan
neng papan ngendi anggone ketemu
kanggo wawancara.
Sabanjure wektu wawancara kudu
gatekake babagan kaya ing ngisor iki :
1. Miwiti wawancara kanthi salam
2. Nganggo basa kang sopan lan miturut
unggah-ungguhing basa.
3. Pandelengane tumuju marang nara
sumber.
4. Aja menehi pitakon-pitakon kang
wangsulane iya utawa ora.
5. Mungkasi wawancara kanthi agunging
matur nuwun amarga narasumber wis
menehi informasine.


NYRITAAKE PENGALAMAN PRIBADI
Pengalaman pribadi iku pengalaman
/sawijining prastawa kang wis dialami.
Nyritaake pengalaman pribadi iku luwih angel
tinimbang ndongeng.
Nyritaake pengalaman pribadi kuwi kudu perlu
ngeling-eling, lan milih salah sijine
pengalaman, lan diudharake ana ing ukara
kang runtut, kaseling humor ( lucu), dramatis
aneh utawa nyengsemake,mula yen crita
kudu kreatif supaya critane menarik.
Jinise pengalaman
pribadi :
Lucu
Dramatis
Aneh
Nyengsemake ati
Ngisin-isini
Nganyelake
Lsp.
MEMBACA INTENSIF PARAGRAF
DEDUKTIF DAN INDUKTIF

UKARA
BAKU
Ukara Panerang
Ukara Panerang
Ukara Panerang
UKARA
BAKU

Anda mungkin juga menyukai