Anda di halaman 1dari 4

AMARGA SAMPAH

Ing sawijining dina, Joko ngampiri Kadir menyang griyane. Joko arep ngejak Kadir
mancing nyang kali.
Joko : Dir.. Kadir, ayo mancing
Kadir : iyo ayo!
Sakwise teka, Joko lan Kadir langsung lenggah nek ngisore wit pelem karo mancing
iwak.
Joko : Dir.. Kadir, kok mbonten ana iwak yo?
Kadir : mboh! Paleng iwak e padha mlayu nyawang rupa sampeyan
Joko : rupaku elek ye,Dir?
Kadir : ora-ora.. rupamu wi ra elek kok Ko, nalika rupamu saitik ngedeni wong.
Makane mboten ana iwak dina iki
Joko : lak mu ngelokne lo, Dir!
Kadir : hehee yo wes mendingan awakdewe balik ae
Joko : iyo, Dir
Sak mulihe saka mancing, Joko lan Kadir ketemu Siti lan Kholis ning ndalan.
Siti

: bar mancing to,Ko,Dir?

Joko : nggeh.. nalika awakdewe mbonten entuk iwak

Kholis : lha kok iso?


Siti

: paleng-paleng ana sing mbonten beres karo kaline

Kadir : maksudmu? Kaline bek sampah ngono?


Siti

: iyo. Lha wong aku karo Kholis nyang kali ndek wingi ae. Ambune wes

nggak karu-karuan
Kholis : ambu sampah!
Joko : layakno, dina iki mbonten wonten iwak
Kholis : lha piye neh? Tiyang kampung iki ae padha kandel kupinge
Kadir : terus ngeneki, awakdewe kudu nglakoni opo?
Kholis : kerja bakti!
Joko : aku males! Aku ora melu kerja bakti
Siti

: ra oleh ngono! Awakdewe iku kudu guyub rukun, ojo mentengne awak ae!

Joko : iyo-iyo. Aku melu!


Akhire Joko, Kadir, Siti lan Kholis langsung balek maneh nyang kali sing koyoke bek
karo sampah. Sak tekane nek kali, Siti kaget nyawang sampah sing ngebeki sumber
banyu nek desa iki.
Siti

: beh, sampah e kok yo akeh to?

Kholis : dadi wong kudu sabar drana yo, Ti


Siti

: nalika ngeneki kapan marine?

Kadir : nek bebarengan mesti cepet o


Kholis : ciee.. Kadir saiki entheng tangane
Ora mikir dawa, Joko, Kadir, Siti lan Kholis langsung kerja bakti nyingkirne sampah
nganti kaline resik maneh.
Kurang luwih 15 menit, kali langsung resik, banyu-banyu padha mili banter lan
Joko, Kadir sampun bisa mancing lan ngentukake iwak 2 sing gedhe.
Siti

: piye? Iwak e wes mbonten mlayu neh to?

Joko : iyo, Siti. Matur nuwun nggeh


Siti

: sami-sami

Kadir : kanggo ngrayakne adus kringet awak dewe dina iki. Piye nek salah sijine
iwak iki dibakar bareng?
Kholis : nggeh.. selak luwe aku!
Siti

: amit-amit jabang bayi.. sampeyan iku mau kan wes mangan to? Kok sik

luwe ae?
Kadir : Kholis kan weteng karet! Haha..
Kholis : yowes ben!
Joko : Wes-wes, ayo saiki adewe balek. Terus mangan iwak bakar bareng-bareng.
Siti, Kholis, Kadir: AYO !!

Akhire kali ning desa iku wis resik maneh. Banyu ne ora mambu, bening rupane, lan
akeh iwak sing gawe warga desa seneng. Saiki, Kadir lan Joko wis ora bingung
nggolek iwak ning kali.

Anda mungkin juga menyukai